Type Here to Get Search Results !

Karya Ilmiah berbahasa Jawa BUDAYA TARI GAMBYONG PAREANOM SURAKARTA

NAMA :BENY NAZIRO ANNAS


DOSEN:Prof.Dr.Dra. Suharti,M.Pd


BUDAYA TARI GAMBYONG PAREANOM SURAKARTA
 
Pangertosan Budaya
Budaya saged dipunmaknani pikiran; akal budi, kabudayan saha ingkang gadhah gegayutan kaliyan kabudayan. Makna tembung budaya sami kaliyan makna kabudayan. Tembung kabudayan saking tembung sansekerta buddhayah, wujud jamak saking buddhi ingkang gadhah teges budi utawi akal (Suharti,dkk, 2006:8). Tembung ‘budi’ makaten asli saking tembung Sansekerta, inngih menika buddhi tegesipun ‘pangretosan, akal, nalar, pikir(an), pangraosing manah, maksud pamanggih, watak, sipat’ (Poerwadarminto, 1939:51). Pamanggih sanes bilih ‘budi’ menika sipating jiwa ingkang wetah utawi jiwaning manungsa ingakang sampun tuwajuh (Ki Hadjar Dewantara, 1994: 72).
Tembung andhahan ‘kabudayan’ mengku teges menapa kemawon ingkang gegayutan kaliyan ‘budaya’ utawi budining manungsa inggih jiwaning manungsa ingkang sampun  tuwajuh (madhep, mantep, tumemen). Kabudayan menika ugi dipunsebut kultur ingkang ateges ‘buah usaha budi daya manusia’ sarta pangudi murih lestantunipun saha pangudi murih majengipun (memelihara dan memajukan), saking sipat kodrati tumuju dhateng sipat kabudayan (saking natuir dados kultur) (Ki Hadjar Dewantara, 1994: 72)
Sasanesipun menika, kabudayan ugi kaperang miturut wujudipun (Koentjaraningrat, 1996). Kabudayan menika mujudaken ‘sistem gagasan-gagasan serta konsep-konsep’,  saha wujudipun minangka ‘rangkaian tindakan serta aktivitas manusia yang berpola’.
Wujud budaya dipunpilah dados tiga inggih menika (1) ideas, (2) activities, (3) artifacts. (J.J Honingmann)
1.      Wujud kabudayan minangka suatu kompleks dari ide-ide, gagasan, nilai-nilai, norma-norma, peraturan dan sebagainya.
2.      Wujud kabudayan minangka suatu kompleks aktivitas serta tindakan berpola dari manusia dalam masyarakat.
3.      Wujud kabudayan minangka benda-benda hasil karya manusia.
Kontjaraningrat (1996: 81) nelakaken bilih perangan-peranganing
kabudayan ing donya (unsur-unsur kebudayaan universal) ­menika wonten warni pitu. Pitung peranganing kabudayan inggih menika.
1.      Basa
2.      Sistem pengetahuan
3.      Organisasi sosial
4.      Sistem peralatan hidup dan teknologi
5.      Sistem mata pencaharian
6.      Sistem religi
7.      Kesenian


Tari Gambyong Pareanom Surakarta
Tari Gambyong inggih menika salah setunggaling Kesenian Tredisional bentukipun Tarian saking Surakarta Jawa Tengah . namanipun gambyong dipun pendet saking penciptanipun yaiku  “Mas Ajeng Gambyong/ M.A Gambyong”. Tiyang menika inggih salah satunggaling Penari ingkang setri wonten tahun 1500an , saha kerep dipun sebat Warangganal/ ledhek kaliyan  masyarakat jawa.

Secara umum properti Tari Gambyong
ingkang dipun ginakaken inggih menika alat music kendang, kenong, gong, lan gambang , gerakan tari menika nderek kaliyan alunan musik tradisional lan didominasi kaliyan suara kendang . kendang menika saget wuwuh estetika wonten pementasan tarian menika.

Kostum busana ingkang dipun agem inggih menika slendang ingkang dipun kalungaken wonten gulu penari , sak suwene dina busana menika dados cirri khas penari tradisional wonten wilayah Surakarta Jawa Tengah.
Ragamipun gerakan Tari Gambyong inggih menika melampah alon , gerakan muter , maju-mundur , magut-mangut saha dolanan slendagipun.

Secara filosofis gerakan tarian menika gadahi makna ingkang gambaraken kecantikan saha kelembutan tiyang wadon Jawa.

Sejarah dan Asal Usul Tari gambyong Pareanom

Rikala jaman pemerintahan Paku Buwono VI Kesunanan Surakarta ngadahi peradaban ingkang inggil sanget , salah satunggaling perbedaan menika inggih menika munculipun Tari Gambyong ingkang dipun ciptakaken kaliyan tiyang seniman estri ingkang gadahi paras. Beliau inggih menika Gambyong , beliau memperkenalaken awit pementasan rakyat. Rikala jaman 1500an pementasan rakyat utawi hiburan rakyat saget ngundang tiyang katah saha parakeet pasuduluran kliyan pihak kraton .beliau Gambyong menika saget manfaataken kerumunan rakyat menika supados saget memperkenalaken tarian ingkang dipun damel kaliyan Gambyong menika.

Dangu ning wektu gambyong dados terkenal lan dipun gemari masyarakat surakata  , amargi sampun terkenal pihak keratin ngundang gambyong kangge pementasan wonten lingkup kraton , lajeng pihak keratin netepaken tarian gambyong menika dados Tari Gambyong pareanom , ingkang gadahi teges tarian ingkang dipun tariaken kaliyan wanita ingkang gadahi nama Gambyong.

mekaten asal-usulipun sejarah Tari Gambyong ,ingkang sak niki dipun kenal tarian tradisional khas saking Surakata jawa Tengah.



Gerakaan Tari Gambyong

gerakan tari gambyong inggih menika kreasi saking gerakan-gerakan tari tayub namung beda sekedik ,wonten  ing tari gambyong biasanipu ngelakokaken ngange garis lan gerakan ingkang luwih ageng ,wonten unsur estetis saking gerkan tari gambyong menika wonten kekompakkan ing penarinipun. Penari tari gambyong gerakaken astonipun ,suku lan mustaka sesarengan lan selaras kaliyan irama kendang ingkang dipun tabuh ,wonten ugi gerakan paningalipin ingkang selaras kaliyan astonipun , kangge pambuka tari gambyong dipun buka kaliyan tembang pangkur , gending pangkur inggih punika kangge ngajeng wonten ing beksa yng artinipun nembang pambuka tari ingkang kangge ngundang penari supados ngajeng wonting ing papan punika . tari gambyong wonten 3 perangan , ingkang sepisan perangan kanthi melampah ngajeng beksa , lajeng beksan saha mundur beksan
Perkembangan tari gambyong

puncakipun Perkembangan Tari Gambyong tahun 80-an, wonten era sakmenika secara signifikan sampun dipun pertunjukaken ke luar Surakarta ingkang sampun kathah inovasi lan modifikasi gerakanipun .
Seniman khususipun Jawa Tengah sakmenika sampun ingkang katah sinau lan latiahan ngagem inovasi ingkang sae gerakan,ritme, lan dinamikanipun , tari gambyong saget dipun dados kelompok saking 2 dumugi 6 penari .

Jenisipun tari gambyong sampun kathah sanget wonten Gambyong Solo Minulya, Gambyong Campursari, Gambyong Ayun-Ayun dan Gambyong Mudhatama. Selain jenis gambyong tersebut masih ada pula Gambyong Gambirsawit dan Gambyong Pangkur ingkang gadahi  keunikan lan inovasi


Properti Tari
1.      Kostum

kostum  ingkang dipun agemi inggih menika  :
  • Jarik utawi kemben.
  • Mekak, inggih menika busana ingkang dipun nutupi dadanipun penari.
  • Selendang inggih menika kagem kalungan wonten gulunipun penari , slendang menika property ingkang paling utama amargi kangge gerakan tari gambyong .
  • Sabuk inggih menika proprti kagem wonten bangkekan. 
  • Gelang inggih menika pernik utawi kagem pengias bakdanipun.
  • Kalung inggih menika property kagem pernik saha penghias kemawon.
Warnanipun busana  properti Tari Gambyong Pareanom inggih menika waran ijem kalian kuning ngelambangaken kesejahteraan hati lan kesuburan, kemakmuran

2.      Alat Musik dan Lagu Pengiring

Alat musik pengiring Tari Gambyong ingkang menonjol inggih menika :
  • Kendang
  •  Gong
  • Kenong
  •  Gambang



Kesimpulan
Pengertian Tari Gambyong inggih menika tarian tradisional saking Surakata ingkang dipun cuptaaken kaliyan ibu Gambyong.
Sejarah lan  perkembangan Tari Gambyong sanget awis perjuangan saking kemunculanipin dumugi sampun dipun sebat Tari Gambyong Pareanom saking pihak keraton Surakarta , Tari Gambyong menika inggih sampun mengalami Modifikasi lan Inovasi ingkang dados werninipun jenis TAri Gambyong menika , kaya ta Gambyong Solo Minulya, Gambyong Campursari, Gambyong Ayun-Ayun, Gambyong Mudhatama, Gambyong Gambirsawit dan Gambyong


Daftar Pustaka
Tags

Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.