- Teks menika katitia menapa teks meika saged kasebat teks ilimiah ingkang sae? Cobi katitia adhedhasar titikaning basa ilmiahipun: (1) sipat lugas, (2) gramatikal, (3) ngginakaken ukara ingkang efektif, (4) ngginakaken kosa kata baku, (5) ukara/ paragrafipun ateges tunggal boten mangro, (6) makna denotatiff/ leksikal, (7) ngugemi sarating nalar, (8) ngecakaken paugeraning ejaan ingkang wonten.
- Kaserata ukara pokok ing paragraf ingkang dados jejibahan panjenengan kekalih.
- Kadamela teks ilmiah anyar miturut cengkok panjenengan kekalih.
- Asiling garapan kaketik kanthi paugeran garis pinggir – spasi kados dene paugeran seratan ilmiah ingkang wonten.
- Asiling garapan kakempalaken minggu ngajeng awujud soft file lan cetak tanpa samak plastik.
- Sugeng makarya.
|
TEKS GARAPAN
|
GARAPAN
|
|
(11)
Soepanto,
dkk (1992 : 7), ngandharaken bilih tuwuhipun simbol-simbol ing salebeting
upacara tradhisi menika adhedhasar nilai-nilai etis ingkang lumampah ing
salebeting masarakat. Lumantar simbol-simbol menika, mila pitutur-pitutur
agami, nilai-nilai etis lan norma-norma ingkang lumampah ing masarakat saged
dipunaturaken dhateng sedaya masarakat, saengga wontenipun upacara tradhisi
menika ugi mujudaken sistem sosialisasi. Lampahing upacara tradhisi tamtu
dipunsengkuyung mawi simbol-simbol. Adat sabenipun simbol-simbol kasebat
arupi pesen-pesen saking para leluhur kangge generasi salajengipun kanthi
cara turun-temurun.
Lumantar
pranyatan wonten ing nginggil, mila saged dipunmangertosi bilih ing
salebeting lampah upacara tradhisi, simbol-simbol ingkang wonten menika
tuwuhipun adhedhasar nilai-nilai etis lan pandangan hidup ingkang lumampah
ing masarakat. Upacara tradhisi Suran wonten ing Petilasan Gunung Lanang
menika mujudaken tradhisi simbolis ingkang ngemot pesen-pesen lumantar
prosesi lampahing upacara, sesaji-sesaji ingkang dipunginakaken lan
paedahipun sarta samudayanipun ingkang gayut kaliyan upacara kasebat.
Kanthi
adhedhasar andharan teori-teori ingkang sampun kababar ing nginggil menika,
pramila saged dipunmangertosi bilih panaliten Upacara Tradhisi Suran wonten
ing Petilasan Gunung Lanang, Dusun Bayeman, Desa Sindutan, Kecamatan Temon,
Kabupaten Kulon Progo menika lelandhesan teori-teori ingkang antawisipun
inggih menika Teori Folklor (Danandjaja, 1986), Teori upacara tradhisi
(Bratawidjaja, 2000 kaliyan Purwadi, 2005), lan Teori makna simbolis
(Herusatoto,1991).
|
1.
Sipat
Lugas
“Adat sabenipun simbol-simbol
kasebat arupi pesen-pesen saking para leluhur kangge generasi salajengipun
kanthi cara turun-temurun.”
2.
Gramatikal
“ngandharaken bilih tuwuhipun simbol-simbol
ing salebeting upacara tradhisi menika adhedhasar nilai-nilai etis ingkang.”
Beda kaliyan simbol-simbol ing rambu lalu lintas
3.
Ukara
ingkang Efektif
“Adat sabenipun simbol-simbol
kasebat arupi pesen-pesen saking para leluhur kangge generasi salajengipun
kanthi cara turun-temurun.” Ukaranipun
sampun runtut kaliyan jejer wasesa lisan saha katrangan
4.
Ngginakaken kosa kata baku
“Lampahing upacara tradhisi
tamtu dipunsengkuyung mawi simbol-simbol.”
Sedaya kosa kata wonten ing ukara menika
ngginakaken kosa kata ingkang baku.
5.
Ukara/ paragrafipun ateges tunggal boten
mangro
”Upacara
tradhisi Suran wonten ing Petilasan Gunung Lanang menika mujudaken tradhisi
simbolis ingkang ngemot pesen-pesen lumantar prosesi lampahing upacara,
sesaji-sesaji ingkang dipunginakaken lan paedahipun sarta samudayanipun
ingkang gayut kaliyan upacara kasebat.” Paragraf menika nedahaken bilih
ngemot ancas upacara tradhisi suran wonten ing gunung lanang saha paedahipun.
6.
Denotatiff/ leksikal
“sesaji-sesaji
ingkang dipunginakaken lan paedahipun sarta samudayanipun ingkang gayut
kaliyan upacara kasebat.” Denotatifipun ateges syarat kangge upacara.
7.
Ngugemi
sarating nalar
“Adat
sabenipun simbol-simbol kasebat arupi pesen-pesen saking para leluhur kangge
generasi salajengipun kanthi cara turun-temurun.”
8.
ngecakaken
paugeraning ejaan ingkang wonten.
“Kanthi
adhedhasar andharan teori-teori ingkang sampun kababar ing nginggil menika,
pramila saged dipunmangertosi bilih panaliten Upacara Tradhisi Suran wonten
ing Petilasan Gunung Lanang.”
|
ukara pokok ing paragraf ingkang dados
jejibahan panjenengan kekalih.
|
TEKS GARAPAN
|
GARAPAN
|
|
(11)
Soepanto,
dkk (1992 : 7), ngandharaken bilih tuwuhipun simbol-simbol ing salebeting
upacara tradhisi menika adhedhasar nilai-nilai etis ingkang lumampah ing
salebeting masarakat. Lumantar simbol-simbol menika, mila pitutur-pitutur
agami, nilai-nilai etis lan norma-norma ingkang lumampah ing masarakat saged
dipunaturaken dhateng sedaya masarakat, saengga wontenipun upacara tradhisi
menika ugi mujudaken sistem sosialisasi. Lampahing upacara tradhisi tamtu
dipunsengkuyung mawi simbol-simbol. Adat sabenipun simbol-simbol kasebat
arupi pesen-pesen saking para leluhur kangge generasi salajengipun kanthi
cara turun-temurun.
Lumantar
pranyatan wonten ing nginggil, mila saged dipunmangertosi bilih ing
salebeting lampah upacara tradhisi, simbol-simbol ingkang wonten menika
tuwuhipun adhedhasar nilai-nilai etis lan pandangan hidup ingkang lumampah
ing masarakat. Upacara tradhisi Suran wonten ing Petilasan Gunung Lanang
menika mujudaken tradhisi simbolis ingkang ngemot pesen-pesen lumantar
prosesi lampahing upacara, sesaji-sesaji ingkang dipunginakaken lan
paedahipun sarta samudayanipun ingkang gayut kaliyan upacara kasebat.
Kanthi
adhedhasar andharan teori-teori ingkang sampun kababar ing nginggil menika,
pramila saged dipunmangertosi bilih panaliten Upacara Tradhisi Suran wonten
ing Petilasan Gunung Lanang, Dusun Bayeman, Desa Sindutan, Kecamatan Temon,
Kabupaten Kulon Progo menika lelandhesan teori-teori ingkang antawisipun
inggih menika Teori Folklor (Danandjaja, 1986), Teori upacara tradhisi
(Bratawidjaja, 2000 kaliyan Purwadi, 2005), lan Teori makna simbolis
(Herusatoto,1991).
|
Upacara Tradhisi Suran menika
ngandharaken bilih tuwuhipun simbol-simbol ing salebeting upacara tradhisi
menika adhedhasar nilai-nilai etis ingkang lumampah ing salebeting masarakat.
. Lumantar simbol-simbol menika, mila pitutur-pitutur agami, nilai-nilai etis
lan norma-norma ingkang lumampah ing masarakat saged dipunaturaken dhateng
sedaya masarakat , adat sabenipun simbol-simbol kasebat arupi pesen-pesen
saking para leluhur kangge generasi salajengipun kanthi cara turun-temurun.
simbolis ingkang ngemot pesen-pesen lumantar prosesi lampahing upacara,
sesaji-sesaji ingkang dipunginakaken lan paedahipun sarta samudayanipun
ingkang gayut kaliyan upacara kasebat.
Kanthi
adhedhasar andharan teori-teori ingkang sampun kababar ing iggiil menila.
|
3.
Kadamela
teks ilmiah anyar miturut cengkok
panjenengan kekalih.
|
GARAPAN
|
|
Teknologi
Wonten ing zaman menika kathah ingkang
gumanteng sanget kaliyan teknologi. Saking tiyang ingkang sepuh ngantos
tiyang anem sedaya ngginakaken teknologi. Petani inggih ngginikaken teknologi
kagem ngluku sawah saha panen pantun. Kathah ingkang sampun dipun gantos
kaliyan teknologi menika supados tiyang menika gampang ingkang nindakaken
menapa kemawon.
Miturut data United Nation for
Development Program (UNDP) ing tahun 2013 menika indeks teknologi indnesia
menika wonten urutan kaping -60 saking 72 nagari. Indonesia tasih kalebet
cendhek perkembangan teknologinipun awit saking pmerintah boten gadhah dana
linuwih kangge ngawontenaken riset. Ananging wonten ing 2010 pamerintah
indonesia sampung nyukani dana 1,9 triliun rupiah kangge panaliten saha
pengembangan ilmu pangertosan saha teknologi. menawi dipunbandingke kaliyan
nagari asia sanesipun, tuladhanipun jepang,korea,cina. Indonesia tasih
katinggal adoh kaliyan nagari menika,awit nagari menika ngawontenaken riset
saha dana kaliyan tiyangipun sampun mumpuni. Amargi wonton ing indonesia
menika tasih kalah teknologi pengolahanipun dados menapa menapa tumbas
kaliyan luar negri
|
Beny Naziro Annas (15205241037)
Muhammad Riyan Aji Setiawan (15205241038)
