![]() |
| PAWARTOS BAHASA JAWA |
Pawarta yaiku cathetan kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cetak lan media elektronik. Prastawa biasane ngandhut informasi kang wigati, informasi kang wigati iki biasane diarani pokok informasi.
Jenis pawarta:
- 1. Pawarta dadakan
Yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyan boten saged dipastekake (contone kecelakaan, meninggal dunia, banjir)
- 2. Pawarta dinan
Yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane sampun dimangeteni sakdurunge (contohne : kunjungan presiden utawi wakil daerah)
- 3. Pawarta Cerita
Yaiku pawarta kang boten diwatesi dening waktu lan panggonan, nggambarkake objek kang nengsemake (human interest) (contone :objek wisata)
Wujud e pawrta:
- 1. Cetak
Saged awujud majalah/koran senajan sakmenika kathah majalah/koran kang awujud online, nanging kang arupa cetak tasih wonten
- 2. Siaran
Wujud siaran niki pawrta diwedharake kanthi lesan nanging mbetahaken medhia kangge nyawisake pawarta menika.
- 3. Internet
Pawrta sing di wedharake lumantar internet biasane awujud website/blog
- 4. Lisan
Tegese awake dhewe bisa mangerteni pawarta langsung saking tiyang kang ngerteni pawarta
Sipat e pawarta:
- Pawarta kedah adhedhasar kasunyatan lan kedah nyata kedadeyan
- Kasunyatan ing pawarta kedah kapisah kaliyan panemu/opini
- Pawarta kedah seimbang boten saged mihak sinten kemawon
![]() |
| Unsur 1.1 |
Unsur Pawarta
5W+1H
- Apa (What) yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta
- Sapa (Who) yaiku njlentrehake babagan sapa utawa tokoh kang wonten ing pawarta
- Kapan (When) yaiku unsur pawata kang njlentrehake wektune prastawa kedadeyan
![]() |
| Unsur 1.2 |
- Ing ngendi (Where) yaiku njlentrehake babagan panggonan ing ngendi kedadeyan prastawa ing pawarta
- Kenapa (why) yaiku nuduhake sebab-musabab kang njalari prastawa ing pawarta kasebut seged kedadeyan
- Kadospundi (how) njlentrehake babagan kepriye prastawa kasebut kedadeyan, bias uga nuduhake kepriye swasana ing prastawa menika.
Urutaning nulis pawarta:
- Tanggap Sasmita
- Ngelimpukake data miturut 5W+1H
- Nyusun data dadi Pawarta/berita
- Maringi IRah-irahan/Judul
Titikane Pawarta ingkang sae:
- 1. Aktual
Yaiku isine pawarta sing diandharna isih anyar
- 2. Faktual
Yaiku anggone ngandharake pawarta kuwi dudu ngarang, ananing adhedhasar fakta utawa kedadean ingkang lumampah
- 3. Objektif
Yaiku ora mihak siji lan sijine tiyang/tokoh utawi Lembaga tartamtu
- 4. Unik lan narik kawigatenan
Yaiku pawrta kuwi nyleneh lan gawe wong teertarik kanggo maca pawarta
![]() |
| Matur Nuwun |










