TEKS NARASI
BAHASA JAWA
![]() |
| Bennynaziro |
Teks narasi yaiku wacan kang nyritakake kadadeyan kang digawe supaya wong kang maca digawe kaya ngalami dhewe kedadeyan kang dicritakake. Bisa uga dimangerteni, karangan sing ngandharake kadadeyan manut urutan wektu (kronologi), ana paraga, latar, lan alur.
Wacan narasi kaperang dadi 2 yaiku:
- Narasi Ekspositoris: yaiku wacan kang mung menehi katrangan apa anane. Tuladha: crita pengalaman, biografi.
- Narasi Sugestif: yaiku wacan kang ngracik kanthi runtut nganthi bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Tuladha: dongeng, cerkak, novel, roman.
BEDANIPUN:
Ekspositoris:
1. Njembarake wawasan
2. Mbeberake katrangan bab prastawa
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk
4.Basa informatif
Sugestif:
1. Mbeberake makna kang sinandi
2. Nguripake pangangen-angen (imajinasi)
3. Nalar dilirwakake (ora dipentingake)
4. Basa figuratif
a. Adhedhasar pengalaman pribadi/ wong liya
b. Adhedhasar imajinasi
c. Adhedhasar kadadeyan lokal, nasional, internasional
3. Nata rantamaning karangan
a. Nemtokake tujuan kang cetha
b. Ditata kanthi logis lan wajar
4. Ngembangake rantaman/ kerangka karangan
a. Ditata kanthi nggatekake lakuning crita/ alur
b. Nggatekake basa kang digunakake
Bancakan iku salah sawijining prastawa kang nyenengake utamane tumraping bocah cilik. Nalika ana sing atur wara-wara bancakan bocah-bocah padha bungah ngguyubi teka ing papan panggonan kang ngedum bancakan.
Ing papan kasebut kita bisa nyawang wujude bancakan iku kaya gunung, amba ing ngisore lan sayya munggah saya cilik nganti tekan pucuking gunung sega iku lancip, banjur ditancebi Lombok abang siji. Sing sakupenge gunungan sega iku mau tumata maneka olahan , ana gudhangan, endhog, iwak, woh-wohan, lan liya-liyane. Kanthi mangkana wujude gunungan sega bancakan iku saliyane narik kawigaten uga katon enak lan seger.
Bancakan kasebut sadurunge dium marang bocah-bocah didongani luwih dhisik. Paraga sing ngujubake iku menehi ngerti ngenani bancakan kasebut kanggo mbancaki sapa lan duwe gegayuhan lan pangajap apa, banjur diamini lan didumake. Bancakan diwadhahi nganggo pincuk. Pincuk iku wadhah saka godhong gedhang sing dilempit banjur dibitingi nganti maujud dadi wadhah. Dene pinangka gantine sendhok migunakake suru, yaiku sendhok kang digawe saka godhong gedhang kang dilempit dawa banjur dianggo nyedhok. Bancakan kasebut uga bisa dimaem kanthi dipuluk tegese nganggo tangann ngono bae anggone maem.
Pincuk kang ditampa dening bocah-bocah iku isine sega putih, ing ndhuwure dicawisake gudhangan, endhog pitik, iwak pitik sethithik, buah, lan maneka janganan liyane. Yen sinawang sajak nggodha ilat kanggo ngicipi, nanging nyawang bocah-bocah kang bungah nalika nanjakake sega bancakakn iku luwih nyenengake. Bancakan iku prastawa budaya Jawa kang mujudake rasa sokur, guyub rukun mring sakiwa tengene, lan ngraketake talining paseduluran marang tangga teparo.






