Serat wulangreh kaanggit dening Paku Buwono IV. Panjenengane luwih kawentar kanthi asma Sunan Bagus amarga panjenengane pancen kagungan praupan kang bagus, cakrik. Ing yuswa kang isih timur yaiku yuswa 19 tahun, panjenengane wis dadi ratu ing Kraton Surakarta Hadiningrat wiwit tahun 1768 nganti tekan 1820.
Ing serat wulangreh diandharake pamulang yaiku bab tata pamarentah kang sinergi utawa selaras karo babagan tata tulis, budaya, literasi kang isi piwulang kepiye carane urip ing kulawarga masyarakat, kanthi tentrem bisa urip bebarengan lan tetep ngabekti mring Gusti.
Pupuh iki isine bab tata krama, mbedakake ala lan becik sarta cara ndeleng wataking manungsa. Manungsa kudu ndhuweni karakter kang becik sajroning urip
Tembang Macapat punika kathah ingkang nggandrungi ngantos wekdal sapunika. Boten namung tiyang Jawi, malah kathah tiyang manca (bule) ingkang sami nyinau jenis karya sastra jawa punika. Manut wujud ipun tembang niku kedadeyan saking kalih perangan, inggih punika rasaning swara utawi titi laras (nada), lan rasaning basa ingkang dipun wastani cakepan (syair). Cakepaning tembang Macapat kedah manut paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
Titi laras ingkang dipun ginakaken ing tembang (macapat) puniku wonten kalih, laras Pelog lan laras Slendro. Piranti kangge nyinau titi laras inggih punika gamelan. Laras Pelog niku wonten tigang pathet, pathet Lima, pathet Nem, lan pathet Barang. Pathet ing laras Slendro ugi wonten tiga, inggih punika pathet Sanga, pathet Nem lan pathet Manyura.
Nembang punika kedahipun leres lan sae ing bab lafal-pangucapipun, cakepan ipun lan cocog kaliyan titilarasipun. Mekaten ugi bab pedhotan, kedah leres tur sae. Nalika nembangaken sekar macapat, rasaning swara kawengku ing rasaning basa/sastra.
Tuladha : Cacahing wanda Pedhotan
5 3 – 2 utawa 2 – 3
6 4 – 2 utawa 3 – 3 utawa 2 – 4
7 4 – 3, 3 – 4, utawa 2 – 3 – 2
8 4 – 4, 3 – 3 – 2, utawa 3 – 2 – 3
9 4 – 3 – 2 utawa 4 – 2 – 3
10 4 – 2 – 4 utawa 4 – 4 – 2
11 4 – 4 – 3 utawa 4 – 3 – 4
12 4 – 4 – 4
Tembang macapat niku kaiket ing pathokan utawi aturan, inggih punika :
- Guru Gatra : cacahing gatra ing saben pada
- Guru Wilangan : cacahing wanda ing saben gatra
- Guru Lagu : tibaning swara utawi dhong dhing ing saben wekasaning gatra.
Macapat niku wonten ingkang ngartosaken kanthi jarwa dhosok “maca papat-papat”, nglagokaken sekawan wanda - sekawan wanda.
Tembang macapat punika wonten 11 warni kados ing andhap punika :
Guru Gatra, Wilangan, Lagu Watak
- Maskumambang (Gatra : 4) : 12i, 6a, 8i, 8a (Susah, nelangsa, prihatin, kelara-lara)
- Pocung (Gatra :4) : 12u, 6a, 8i, 12a (Saksekecanipun, sembrana pari kena)
- Megatruh (Gatra 5) : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o (Susah, sedih, keranta-ranta)
- Gambuh (Gatra 5) : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o (Blaka, tanpa mangu, kangge pitutur)
- Mijil (Gatra 6) : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u (Trenyuh, kepilut, gandrung, prihatin)
- Kinanthi (Gatra 6) : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i (Seneng, supeket, medar raos tresna asih)
- Durma (Gatra 7) : 12i, 7a, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i (Nepsu, sereng, murka, muntap)
- Pangkur (Gatra 7) : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i (Gagah, greget, sereng)
- Asmaradana (Gatra 7) : 8i, 8a, 8e (8o), 8a, 7a, 8u, 8a (Susah, prihatin, asmara)
- Sinom (Gatra 9) : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a (Seneng, gumbira, prasaja, sigrak)
- Pangkur (Gatra 10) : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a (Manis, luwes, kesengsem)
Tembang macapat punika werni-werni manut cengkokipun utawi gayanipun, kados ta wonten macapat Mataraman (Surakarta), Macapat Semarangan, Macapat Majapahitan (Mojokerto), Macapat Gresikan, Macapat Tengger, Macapat Meduran, lan Macapat Malangan.
Ingkang mbentenaken inggih punika cengkok utawi lak-lukipun swanten nalika nembang ingkang khas Malangan, ugi lafal pangucapan vokal – (i lan u) kanthi dialek basa Surabayan (Basa Malangan niku kalebet sub kultur etnis Basa Arek utawi Surabayan).
D. Tuladha titi laras tembang macapat Pangkur
Titi laras awujud angka sing digawe ngganteni jenenge wilahan pada gamelan. Titilaras sing digawe sajroning seni karawitan lan tembang awujud Titilaras Kapatihan. Karan Titilaras Kapatihan krana titilaras mau karipta ana Dalem Kapatihan Surakarta ing warsa 1920. Sadurunge iku sapa bae sing kepengin nyinaoni tembang utawa karawitan amung bisa liwat nirokake. Titilaras iku diwaca mangkene : ji, ro, lu, pat, ma, nem, lan pitu diwaca pi
Tuladha:
(Laras Pelog Pathet Nem)
3 5 5 5 5 5 3 3
Ming – kar ming – kur – ing ang - ka - ra
3 5 5 5 6 1 1 1 1 1 1 1
A - ka - ra - na, ka - re - nan mar - di si -wi
5 6 i i i i 1 2 3 i 2
Si - na - wung res - mi – ning ki - dung
i 6 5 5 5 5 4 4 5
Si - nu - ba si - nu - kar - ta
3 5 5 5 6 2 2 2 2 2 3 2 3 5 6
Mrih ker - tar - ta, pa - kar - ti - ning ngel - mu lu - hung
2 3 3 3 3 3 3 - 3
Kang tum - rap neng ta - nah ja - wa
1 2 3 1 2 3 3 2 1
A - ga - ma a - ge - ming, a - ji
Nyingkiri sipat angkara, sebab kepingin nggulawenthah putra. Pitutur kang dianggit lan ditata ing tembang kang endah kang banget dikurmati murih bisa nggayuh ngelmu kang luhur. Sebab tumrap ing tanah Jawa agama mono pinangka gondhelan/adeg-adeg kang banget pengaji
(“Guna menghindari (mingkar-mingkur) sifat angkara, karena keinginan untuk mendidik anak (mardi siwi)” pitutur yang diberikan ditata dalam keindahan sebuah tembang (sinawung rêsmining kidung) yang amat dihormati (sinuba sinukarta), dalam upaya memperoleh ilmu yang luhur. Yang di tanah Jawa, agama merupakan “agêming aji” (pegangan tertinggi).
1) Isi tembang Pangkur
Pitutur luhur iki dirakit/dikarang ing tembang kang endah nengsemake, murih kang nyinau bakal seneng lan gampang. Dhasaring ngelmu iku agama, awit ing tanah Jawa agama mono nduweni kalungguhan kang banget pengaji. Kabeh iku sebab pepinginan lan kasenengan anggone nggulawenthah putra, murih didohke saka sipat angkara murka
(Intinya, pitutur yang merupakan ilmu luhur tersebut ditata dalam sebuah tembang indah sehingga yang mempelajari akan senang dan merasa mudah. Dasar dari ilmu tersebut adalah agama, karena di tanah Jawa, agama adalah yang paling tinggi dan paling dihormati. Semua karena keinginan dan kesenangan mendidik anak, supaya terhindar dari sifat angkara.)
2) Nilai didaktik tembang Pangkur
- Dadi wong tuwa utawa dadi guru kudu nyingkiri tumindak ala, awit jejering wong tuwa utawa guru pinangka teladhan para putra
- Ndhidik/nggulawenthah putra kudu digantha (direncanakan) sakbecik-becike murih bisa nggayuh ngelmu kang dhuwur
- Wong Jawa banget nengenake agama
E. Nggancarake Tembang Macapat kanggo nemokake isi lan pituture.
Nggancarake tembang macapat tegese ngowahi, nyalin wujud tembang macapat dadi wujud gancaran. Tujuwan nggancarake tembang macapat supaya luwih gampang dingerteni. Bisa dingerteni apa isine, piwelinge, pitutur lan amanah kang ana ing tembang mau.
Nalika nggancarake tembang macapat, sing perlu ditindakake yaiku:
- ukara tembang sing ringkes padhet iku diganti dadi ukara gancaran sing gampang dingerteni.
- bisa nambahi, ngurangi, misah utawa nggandheng 2 gatra dadi saukara supaya gampang dingerteni.
- tembung kawi, tembung sing angel diganti dadi tembung padinan. Tembung garba becike diwudhari (prapteng = prapta/teka + ing)
F. Ragam basa ing tembang Macapat
Tembang Macapat iku mujudake karya sastra budaya Jawa kang adi luhung, ngutamakake alusing rasa lan budi pekerti. Diarani mangkono amarga isine tembang ngemu piwulangan. Kala mangsa crita, dongeng, sejarah ditemokake ana ing sajroning tembang. Tembang uga kanggo anggulawenthah budi pekerti, tindak-tanduk, lampah sing utama.
Kajaba iku, tembang uga karipta saka tembung-tembung sastra kang endah, padet, cekak lan mengku teges. Lumrahe tembung sing digunakake iku tembung rinengga, umpamane tembung Garba, tembung Kawi, tembung Dasanama, lan sapanunggalane.