![]() |
| KARANGAN EKSPOSISI |
Teks ekposisis menika sawijinging seratan ingkang njembarkaen wawasan pamaos.
Eksposisi awujud Seratan ingkang asring diginakaken kangge ngandharaken bab ilmiah, ananging boten ngaruhi / mempengaruhi panemu pamos.
Eksposisi dawa : Artikel lan tulisan ilmiah populer
Eksposisi cekak : pituduh nggunakake obat, pituduh nggawe wedang jae, nyegah penyakit lsp
Jenising teks eksposisi:
- Eksposisi Definisi
- Eksposisi Proses
- Eksposisi Pertentangan
- Eksposisi Laporan
- Eksposisi Perbandingan
Langkah-langkah nulis eksposisi:
- Tema : netepake tema tulisan
- Ancas : nemtokake tujuan
- Milih data /Bahan : ngumpulake bahan
- Kerangka/ ngrantam cengkorongan : netepake karangan tulisan
- Mbabar/njlentrehake adhedhasar cengkorongan
- Menehi bukti kongrit
- Dudutan
Titikane:
- mbudidadya kangge njelentrehake sawijining bab
- Gaya penulisan asipat informatif
- Penulisane adedhasar fakta, utawa kahanan sabenere kang nyata
- Migunakake basa kang baku
Tesis utawi pambuka :
ngemot gagasan utama utawa ide pokok arupa gambaran penulis ngenani sawijining prakara kanthi lelandhasan fakta.
Argumentasi utawi pendapat saking panyerat :
njlentrehake tesisi kanthi gamblang adhedhasar bukti kang valid. Penulis mbeberake fakta-fakta kang akurat kanggo dhasar argumene.
Dudutan utawi penegasan ulang :
kang dikarepake minangka panguuat saka idhe kang wis dibeberake dening fakta-fakta kang diandharake sadurunge.
Carane nyimak gancaran eksposisi:
- Nengenake bab kang disemak utawa nyawiji nalika nyemak gancaran eksposisi
- Ngeleng-eleng peprincen saka wacan utawa swara kang disemak
- Nyatet bab perangan kang wigati
- Niti preksa lan bandingake pamanggih lan duweni dudutan (kesimpulan) saka teks kang disemak
- Wani nyoba gawe swasana anyar saka apa kang disemak
![]() |
| MATUR NUWUN @BENNYNAZIRO |








