Type Here to Get Search Results !

Teks Pranatacara Bahasa Jawa


Assalammualaikum Wr.Wb
             Kawilujengan kasarasan tuwin sih saking ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha asih ,muga-mugi kajiwa kasalira dhumateng kita sedaya ,amin
Nuwun , Panjengannipun para sesepuh , para pinisepuh ingkang hanggung hamastuti dhumateng kautaman ingkang panten pinundhi , para tamu ingkang minulya , sarta kadang wredha muda ingkang sutrisna
Sumangga tansah kula dherekaken puja-puji pudjastuti ing ngarsanipun Gusti, pangeran ingkang maha welas lan asih ingkang sampun ngrluberaken kanugrahan awit ing wedal menika kula panjengan saget kempal manunggal wonten ing adicara menika kanthi tanpa alangan punapa-punapa
Para tamu ingkag minulya  ,keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun Bapa _______ ngaturakan menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. titi laksana rantaman inggih menika
1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka
2.      Ingkang kaping kalih atur pambagyaharjo
3.      Dene ingkang kaping tiga pasrah temanten
4.      Ingkang angka sekawan inggih menika tampi pengantin
5.      Ingkang kaping gansal panggih
6.      Saha pungkasan inggih menika panutup

Mekaten para tamu ingkang minulya urut reroncening tata adicara ingkang sinanggit deneng para kaluwarga , kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati

Para tamu ingkang minulya
Supados lampahing adicara menika kaleksanan kanthi wilujeng ,purwa madya lan wusana , pramila mangga adicara menika dipun wiwiti kanthi waosan basmallah , basmalah kula sumangakaken.
Mugi-mugi kanthi waosan basmlah kala wau adicara menika saged kalampah kanthi sae , wilujeng nir sambikla saha putra pengantin sakaliyan tansah pinaringan barokah saha rahmat saking ngarsonipun Gusti Allah. Amin

Minangka tumapaking titi laksana angka kalih inggih menika pambagyaharja , dhumateng Bapa ..... sumangga.
Maturnuwun dhumateng Bapa ..... ingkang sampun atur pambagyaharjo

Para tamu ingkang minulya adicara saklajengipun inggih menika paring pangandikan kadang calon besan , inggih menika Bapa ....., sumangga.
Mekaten kala wau paring pangandikan kadang ckon besan ingkang sampun kasarira dening panjenganipun Bapa .... .

Saklajengipun , paringipun pangandikan kadang calon besan kala wau , Badhe dipun tami dening panjenenganipun Bapa ....... . Menggah panampining pangandikan badhe dipunsalirani  dening Bapa .....Sumangg.
Para tamu ingkang minulya , mekaten kala wau paring pangandikipun Bapa.... ingkang sampun nampi paring pangandikan saking kadang calon besan.

Sak lajengipun inggih menika adicara panggih badhe dipun andaraake dhumateng Bapa ... sumangg.
Maturnuwun dumateng Bapa .....

Para rawuh ingkang minulya adicara kaping pungkasan inggih menika panutup amargi wedalipun sampun dungkap siang saha kapanggihan sampun cekap, pramila adicara menika tumuli badhe dipunpungkasi
Namung kemawon kula ingkang kadhawuhan ndherekaaken lampahing adicara menika, ngrumaosi kathah kalepatan saha kekiranganipun
Wiwit saking anggen kula ngrumpaka basa boten ngepasi kaliyan paugeraning paramasastra , saha lampah lan tumindak ingkang nerak tata krami lan tata susila , ingkang sedaya wau ndadosaken kirang rena ing penggalih , keparenga kula nyadhong lumunturing aksama,
Awit saking kawigatosan panjengan wiwit saking purwa madya lan wusana
Kula Benny Naziro Annas ngaturaken agunging panuwun
Kondoripun ndherekaken kasugengan , mugi wilujeng ngantos ing dalem sowong-sowang
Mangga pahargyan menika dipun pungkasi kanthi konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah , kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Wasalamualikum Wr.Wb

Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.