Type Here to Get Search Results !

ASAL USUL KUTHA MAGELANG

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ndherek nepangaken nama kula Wulan Mei Sari

 Kula saking MTs N 4 Magelang.




Dinten menika kula badhe ndongeng, kanthi irah-irahnipun

“DUMADINE JENENG KUTHA MAGELANG”

Katerjemahaken saka buku “Asal Mula Kota Magelang” dening Beny Naziro.



    Ing Jaman rumiyen, Kerajaan Mataram sing dipimpin Panembahan Senopati kuwi kerajaan sing gedhe lan maju. Panembahan Senopati uga pengen ngedhekke wilayahe, Banjur pirembangan kaliyan Ki Gedhe Pamanahan. Akhire padha setuju kanggo mbabat alas ing kedu. 

Alas kui angker banget lan dikuasai kerajaan jin, Rajane yaiku kanthi jeneng Jin Sepanjang. Jin Sepanjang kui awake gedhe, rupane medeni, lan sakti. Ora ana sing wani karo Jin Sepanjang. Panembahan Senopati ngutus putrane Pangeran Purbaya kang dadi Senopati lan ngenei tombak seng jeneng e Tombak Kyai Pleret kanggo perang gawe mbabat ing alas Kedu. 

“Pangeran Purbaya:”kowe lan pasukanmu tak utus gawe mbabat alas ing kedu ya ?” 

(Panembahan Senopati) “Sendika dhawuh Panembahan.” 

    Nalika mbabat alas ing Kedu, kedaden perang gedhen antarane Pangeran Purbaya karo Jin Sepenjang. Pangeran Purbaya lan pasukanne menang, nanging Jin Sepanjang lungo/mingat rikala peperangan.

Sakbanjure kuwi, alas Kedu malih dadi desa kang makmur lan endah. Kyai Kramat lan Nyai Bogem urip ing desa kui. Dhewekke gadhah putra kang Ayu tenan, jenenge Rara Rambat sing banjur dadi Garwane Raden Kuning salah sijine prajurit kerajaan Mataram.


    Ing sawijining dina, Kyai kramat ketekan uwong kang jenenge Sonta. Sonta pengen ngabdi dening Kyai Kramat. Kyai Kramat seneng, Amarga Sonta wonge sopan, alus lan nunjukake kelakuan kang apik. Nanging Kyai Kramat ora ngerti,Yen Sonta kui jebule Jin Sepanjang sing arep mbales dendame rikala Wilayah e direbut karo Pangeran Purbaya. 


    Santa nganggo kekuatan sihire banjur gawe nyebar macem-macem penyakit. Akibate, masyarakat kena wabah penyakit aneh lan mateni. Akeh wong mati, uga prajurit. Banjur Panembahan Senopati tapa kanggo nyeyuwun marang Gusti. Sawise tapa, Panembahan Senopati ngerti penyebabe wabah penyakit sik nyerang desa kuwi, Yaiku merga sihire Jin Sepanjang. 

Panembahan Senopati ngutus Pangeran Purbaya gawe nggoleki Jin Sepanjang. “Pangeran Purbaya, golekna Jin Sepanjang sik lagi nyamar ing desa kuwi” 

Pangeran Purbaya banjur  nemoni Kyai Kramat, Saperlu nyeritakke iku. Sonta krungu ngendikane Pangeran Purbaya lan Kyai Kramat banjur sonta langsung mlayu. Kyai Kramat ngoyak Sonta dewekan, nanging Kyai Kramat kalah lan seda. banjur panggonan sik gawe ngubur Kyai Kramat dijenengi desa Kramat


    Nyai Bogem ngamuk ngerti garwane seda langsung ngoyak Sonta, Nanging Sonta luwih kuat, Nyai Bogem kalah. Banjur papan panggonan sik gawe ngubur Nyai Bogem dijenengi desa "Bogeman". 

Tumenggung Mertoyuda lan Senopati Krincing sik diutus Pangeran Purbaya ora bisa ngalahke Sonta. Tumenggung Mertoyuda akhire seda dimakamke ning papan sik dijenengi "Desa Mertoyudan" lan Senopati  krincing ning "Desa Krincing"


    Pati sawise pati ndadekake Pangeran Purbaya luwih nekat arep numpas Sonta alias Jin Sepanjang. Dheweke mrentahake pasukane kanggo mburu Sonta. Sonta mlayu menyang alas supaya ora konangan. Nganggo kesaktiane, Pangeran Purbaya bisa ndeleng Sonta saka wit dhuwur. Pangeran Purbaya langsung mrentahke pasukane ngurung ngubengi Sonta kaya Gelang gedhe supaya ora bisa lungga meneh. 


    Dheweke langsung nyerang Sonta, nyebabake perang gedhe. Amerga kekuwatan Pangeran Purbaya luwih gedhe tinimbang Santa. Akhire Santa ngetokke kekuatan e kanggo ngelawan Pangeran Purbaya, banjur pangeran Purbaya kelingan yen di gawani Tombak Kyai Pleret. Sak durung e ngetokke Tombak Kyai Pleret. Pangeran Purbaya merintahake pasukan e kangge muteri kados Gelang, supaya Sonta ora isa neng ngendi-ngendi ing wektu iku.


    langit dadi ireng peteng ndedet karo matine Jin Sepanjang. Nalika Jin Sepanjang ilang lan alon-alon alas dadi padhang maneh. Akhir e Pangeran Purbaya kanthi cara Gelang lan nginakaken Tombak Kyai Pleret akhie bisa ngalahke Sonta.

Banjur,  Papan panggonan sing kanggo mati Sonta dijenengi Desa Santan lan Taktik Pangeran Purbaya  kanthi cara Gelang  banjur daerah kuwi kasebut Magelang.




Saking dongeng menika, Saged kapetik tuladha,

tumindak ala bakal kalah karo tumindak ingkang sae. Mula ayo para kanca padha tumindak ingkang sae. Semanten ingkang saged kula dongengaken.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Posting Komentar

1 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.