Nguri-uri!
Dening : Beny Naziro
Amet sewu....
Tembung amet sewu,
sakiki pancen ora kerep dirungokke
Wis ora kerep di gunakake
Apa merga kabeh wis do lali
Apa malah pada ngelali
ngelali marang unggah-ungguhe tiyang jawi
wong Jawa kuwi ketok saka sopan santun e
wong jawa kuwi ketok andap asore
nanging yen udu seka awak dewe
wong jawa ya bakal ilang merga awak e dewe
ananging kabeh kuwi iseh isa diowahi
saka sakiki aja ngasi pada ngelali
marang aku lan kowe seng isa kudu ngeluri
ngluri budaya, supaya bisa tumprap sapada-pada
aja ngasi lali, yen ketemu tiyang kudu ndherek langkung
yen ketemu guru kudu isa sopan santun
saka cara kuwi, awak dewe bisa njaga lan jagani
namung siji, ya mung kuwi cara kanggo nguri-uri budaya Jawi