Type Here to Get Search Results !

Puisi - Demo (Krasi) Ind(one)sia!

 Demo (Krasi)




Tak andakke sapa?

Ha tak andakke Allah, Ngapa!


Pancen Negara kuwi ora isa di turuti

Ora bakal reti yen ora tau nduwe rasa mati

Rakus, culas jare ne wong-wong seng sok reti

Senajan do lali, yen wis do dipakani ro dinei kursi

Karang ya jeneng e dadi wong pakem kuwi sok lali

Yen ana sajen duwit, tetep kabeh iso kaya silit

Wislah aku ora reti kudu kepiye

Seng jeneng e nulung kuwi wis ra bakal ana

Anane ya nek ra nendang, njorokke, ya Menthung

Nek wis do menthung lan mlenthung mesti lali nulung


Hehhhhh

Elinga


aja dadi wong goblok macak pinter

aja dadi wong pinter macak goblok


Donga lan Pangestu, apa ya bakal dadi Restu?!

mbuhhhhhhlahhh

Retiku mung isa Muga-Muga.

 



Benny Naziro

Magelang, 22 Agustus 2024


Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.