CERITA CEKAK
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak cendrung padhet saha langsung wonten ancasipun, bilih dipuntandhingaken kaliyan karya-karya fiksi ingkang langkung dawa, kados dene Novella (kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung dawa.
Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang wisuwur. Cariyos-cariyos kasebat adatipun kaaturaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun. Wirama kasebat nggadhahi paedah minangka piranthi kangge tetulung supados tiyang saged ngeling-ngeling cariyosipun. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak. Sedaya cariyosipun tembe kemawon saged dipunmangertosi rikala sedaya cariyos menika sampun dipuncariyosaken.
Cerkak (crita cekak) inggih menika cerita gancaran kang ngandharake sarining kadadean utawa lelakon saka wiwitan tekan pungkasan kanthi cekak. Wujud sanes saking cerkak inggih menika anekdot. Anekdot menika popular rikala jaman Romawi. Anekdot menika nggadhahi pungsi kados dene saloka, minangka cariyos realistis ingkang cekak, ingkang nggadhahi setunggal ancas utawi piweling.
Cerita cerkak adatipun kirang kompleks tinimbang Novel. Cerkak adatipun cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen, nggadhahi setunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Bilih diwujudaken cariyos ingkang langkung wiyar, cariyos cendrungipun nggadhahi suraosing unsur tartamtu saking struktur dramatis, inggih menika Eksposisi (ingkang nglantarken Setting, wekdal saha paraga utama), Komplikasi (kadadosan ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang nemtokaken paraga utama anggenipun tumindak rikala ngadepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati piyambak), wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken) saha bab moralipun.
Amargi cekak, cerkak saged nggadhahi pola ajeg saged ugi boten. Kados dene cariyos-cariyos ingkang langkung dawa, plot saking cerkak ugi nggadhahi klimaks. Ananging wasananing cariyos saking saperangan cerkak adatipun bebas saha saged ugi ngandhut piweling.
Unsur-unsur karya sastra prosa cerkak:
Titikan cerkak beda-beda miturut ingkang ngganggit. Cerkak nggadhahi kalih unsur inggih menika:
A. Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsure intrinsik:
1. Tema / Underan gagasan inggih menika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos.
2. Latar / Setting inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan.
3. Alur/ Plot inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
- Alur kaperang dados 3 inggih menika:
- Alur Maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
- Alur Mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur.
- Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur
- Pacelathon paraga
- Gegambaraning paraga
- Gegambaraning blegeripun paraga
- Paraga utama
- Orang ketiga
- Sarwi mangertos (serba tau).
B. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih menika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging nggadhahi pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos menika. Unsur ekstrinsik menika:
- Nilai – nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
- Latar belakang gesangipun panganggit
- Kahanan sosial rikala cariyos menika dipundamel
Ciri-ciri Cerkak
- Ceritane luwih cendak dibandingake novel
- Ceritane fiktif/karangan
- Jumlah kata/tembung boten luwih saka 10.000 kata
- Paragane mung sithithik
- Isine ngemot pitutur, panyaruwe (kritik), Piweling
- Nduweni struktur Eksposisi, Komplikasi
- Nduweni Unsur Instrinsik lan Ekstrinsik
- Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
- Wiwitaning perkawis inggih menika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos.
- Klimaks inggih menika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos.
- Antiklimaks inggih menika perkawis sekedik mbaka sekedik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
- Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken.
Nemtokaken menapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggenipun milah cerkak saking format cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung dawa taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satuggaling definisi kuna saking cerkak inggih menika kedah saged dipunwaos kanthi sekali duduk. Definisi-definisi sanesipun nyebataken cekak saha dawanipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih menika 7.500 tembung. Ananging bilih katingal saking karya kontemporer bilih cerkak menika umumipun karya fiksi ingkang dawanipun boten langkung saking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung. Cariyos ingkang cacahipun kirang saking 1.000 tembung kagolong genre fiksi kilat (falsh fiction). Cariyos fiksi ingkang nglampahi batas maksimal saking parameter cerkak kagolong novelette, novella utawi novel.

