MATERI
JURNALISTIK
Jurnalistik Bahasa Jawa |
Tegesing junlaistik menika katah sanget, miturut etimologi jurnalistik menika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal menika saking basa Prancis jounal ingkang tegesipun Catetan Harian, ananging ugi wonten ingkang ngendika juralistik saged ugi saking tembung diurnal ingkang tegesipun dinten menika. Tembung istik menika saking tembung estetika ingkang nggadahi teges ngelmu ngengingi kaindahan. Kanthi umum jurnalistik nggadahi teges seni saha keterampilan madosi, ngempalaken, ngolah, ngronce, saha nyajiaken pawartos ngengingi perkara utawi kadadosan ingkang dumadi saben dintenipun kanthi seratan ingkang endah, kanthi ancas maringi sedaya kabetahanipun ati nurani tiyang kathah, pramila ndadosaken ewahing sifat, watek, panyaruh, saha tumindak masyarakat mituruk kekajenganipun jurnalis.
Jinising seratan menika kaperang dados kalih inggih menika seratan fiski saha non fiksi. Sertan fiksi awujud seratan imajinatif utawi khayalan sanes kadadosan ingkang nyata. Umumipun seratan fiksi menika minangka karya sastra kados dene cerkak, novel, geguritan, saha drama/sandiwara. Seratan non fiksi inggih menika seratan ingkang adedasar fakta saha data. Tuladha seratan non fiksi inggih menika artikel, pawartos, feature, essay saha resensi.
Naskah jurnalistik mebet ing seratan non fiksi amargi seratan jurnalistik adedasar fakta saha data saking kadadosan ing saben dintenipun. Pramila menika ciri wancinipun naskah utawi karya jurnalistik inggih menika non fiksi, faktual, sanes khayalan. Naskah utwai karya jurnalistik kaperang dados tigang kelompok inggih menika Pawartos (News), opini (views) saha Karangan Khas (feature).
Jenis-jenis Karaya Jurnalistik:
1. Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (teng pundhi), Why (kenging menpa), lan How (kepripun). Tegesipun inggih menika sinten ingkang ingkang tumindak, menapa ingkang dipun tindakaken, wonten pundhi papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kepripun caranipun. Wonten pinten-pinten jinis pawartos ingggih menika Pawartos Langsung (Srtaight news), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawatos (body). Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawispun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.
2. Opini
Opini menika minangka panyaruh ingkang sifatipun subjektif ngengingi salah satunggaling perkawis ingkang dipunolah dados seratan. Jinising opini inggih menika opini, kolom, esai, tajuk rencana, Surat pembaca, karikatur, pojok. Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Struktur seratan opini inggih menika irah-irahan, penyerat, pambuka seratan, kerangka penggalih utawi pengait, wos seratan saha panutup.
3. Feature
Feature utawi karangan khasinggih menika palaporan jurnalistik ingkang emper kaliyan sastra ingkang mbabar perkawis utawi kadadosan. Wosipun nengenaken perangan tartemtu ing salebeting perkawis menika, adatipun unsur ingkang ngandut human interest inggih menika fakta-fakta ingkang saged nggugah rasa utawi emosi (trenyuh, simpati, remen, jengkel utawi nesu. Jinising feature inggih menika feature pawartos, feature artikel, tips, feature biografi, feature petualangan lsp.
4. Resensi
Resensi inggih menika ngrembag wosing buku. Wosinpun ngengingi kirang saha langkungipun wos buku kasebat, undering perkawis utawi wosing buku menika narik kawigatisan menapa boten, kitik dumateng buku ingkang dipun resensi, saha paring panyaruh dumateng sinten kemawon ngengingi prelu botenipun tumbas utawi maos buku menika. Struktur seratan resensi inggih menika pambuka (wosipun: identitas buku (irah-irahan buku, panyerat, penerbit, warsa terbitipun, cacahing kaca, saha regi), wos (wujudipun: ulasan ngengingi undering perkawis utawi irah-irahan buku menika, wosing buku, saha informasi ngengingi sebab musabab saha ancasipun buku menika dipun serat, gayanipun panyeratan, bandingan kaliyan buku sanes ingkang undering perkakawispun sami utawi buka sanes ingkang dipunanggit panyerat buku kasebat. Panutup (wosipun: kualitas saking buku kasebat, langkung saha kirangipun buku kasebat, paring kritik sara panyaruh dumateng panyerat saha penerbit, saha paring panyaruh dumateng sinten kemawon ngengingi prelu botenipun tumbas utawi maos buku menika). Tiyang ingkang nyerat kolom dipunwastani resentator (peresensi).
5. Kolom
Kolom inggih manika rubric khusu para winasis ingkang wujudipun seratan cekak ingkang wosipun pamanggih subjektif panyerat nengingi salah satunggaling perkawis. Ing media massa kolom menika kadang kala anggenipun wastani boten sami wonten ingkang mastani resonansi, asal-usul lsp. Tiyang ingkang nyerat kolom dipunwastani Kolomnis. Wosing kolom menika namung pamanggih/ panyaruh adedasar teori ngelmu ingkang saged dipundadosaken dasar seratan kolom menika. Seratan kolom menika boten nggadahi struktur tertemtu, wujudipun langsung wos saking seratan kasebat, inggih menika mbabar pokok pirembagan saha pamanggih panyerat ngengingi perkawis kasebat. Irah-irahannipun saged cekak kemawon kepara saged setunggal tembung.
6. Tajuk Rencana
Tajuk rencana utawi Tajuk langkung dipuntepan kanti unen-unen Induk Karangan ing media massa. Tajuk asring dipunwasatani ”Opini Redaksi”, inggih menika pambijining redaksi salah satunggaling media massa ngengingi perkawis tartemtu. Tajuk menika ugi minangka ” Jati Dhiri” media massa kasebut. Lumantar tajuk redasi media massa kasebat nuduhaken sikap utawi visi ngengingi salah satunggaling perkawis aktual ingkang wonten ing Masyarakat. Tajuk menika awujud serat cekak saha emper kaliyan kolom. Tajuk menika saged dipunserat dening Pimpinan Redaksi utawi redaktur senior ingkang saged paring paring panyaruh ngengingi sikap utawi visi media massa kasebat gegayutan kaliyan perkawis ingkang siweg aktual.
7. Esai
Esai bilih dipuntingali saking etimologis nggadahi teges Karangan, sastra saha Skripsi. Miturut KBBI esai inggih menika karangan prosa (karangan bebas) ingkang ngrembag perkawis kanthi cara spintas mawon saking objektifitas panyerat kemawon. Esai menika wonten ing ndunyaning Jurnalistik, Akademisi saha Sastra/ seni. Katingal saking jurnalistik esai inggih menika seratan cekak ingkang adatipun awujud pamanggih panyerat ngengingi subjek tartemtu. Bilih saking akademisi esai inggih menika komposisi prosa cekak minangka opini panyerat ngengingi subjek tartemtu. Struktur seratan esai inggih menika pambuka, subjek pirembagan saha pengantar subjek sertan, wosing seratan, saha panutup. Esai ing ndunyaning sastra uatwi seni inggih menika karya sastra awujud seratan cekak ingkang wosipun pambabaring ngengingi salah satungaling karya sastra saha seni. Sakirang-kirangipun esai wonten 3 jinisipun inggih menika naratif, deskriftif saha persuasif.
8. Seratan Ilmiah
Seratan Ilmiah langkung wisuwur minangka seratan akademis. Mbetahaken ukara tesis, premis, hipotesis saha Kerangka Berpikir supados dipunbabar malih kanthi detail ingkang dipun perang wonten ing pinten-pinten bab kanthi riset ingkang saestu. Metodologi saha deviasi kedah dipunbabar kanthi cetha. Jinising seratan ilmiah inggih menika skripsi, tesis, desertasi saha artikel-artikel ingkang wonten ing Jurnal ilmiah.
9. Seratan Ilmiah Populer
Seratan Ilmiah Populer inggih menika seratan Ilmiah ingkang wujudipun artikel popular utawi Jurnalistik ingkang nengenaken unsur informasi, kaumuman saha gampil dipunmangertosi. Prisipun nyerat artikel ilmiah sami kaliyan nyerat ilmiah popular kades dene adatipun. Bedanipun artikel kados dene adatipun kaliyan ertikel populer inggih menika ngengingi fakta saha teori. Ing artikel ingkang kados dene adatipun panyerat boten dipuntuntut ngawontenaken fakta utawi teori ing salebeting argumentasi utawi opinipun. Karateristik utama saking artikel ilmiah popular inggih menika opini subjektif panyerat dipunparingi fakta-data (adatipun minangka asiling riset) saha teorin ingkang paring panjurung ngengingi salah satunggaling perkawis utawi kadadosan. Setrukturipun panyeratan samikaliyan artikel opini.
Jinising Seratan Jurnalistik Miturut Fungsinipun:
1. Cariyos (narasi)
Nyariyosaken satunggaling kawontenan, barang, tatacara lan sanes-sanesipun. Tuladhanipun: dongeng, fable, mite, legenda, epos, sage, wiracarita.
2. Gegambaran (deskripsi)
Seratan ingkang wosipun nggambaraken kawontenaning barang, swasana, kedadosan lan sanes-sanesipun satemah ingkang maos kados mriksani piyambak kadosdene ingkang dipungambaraken. Tuladhanipun: seratan bab papan wisata (Pantai Parangtritis, Tawangmangu, Gua Gong).
3. Paparan (eksposisi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud, ancas utawi samubarang sanesipun. Tuladhanipun: Caranipun Damel Tempe, Bandeng Presto lsp.
4. Penggalihan (Argumentasi)
Seratan ingkang wosipun ngandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantheni katrangan- katrangan, dhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik menapa dene ngiyataken penggalihan utawi satunggaling gagasan. Tuladhanipun: Pengaruh Formalin ing Bakso.
5. Ajakan (Persuasi)
Seratan ingkang wosipun ajak-ajak dhateng tiyang sanes supados tuwuh keyakinanipun, satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha; Iklan, Pengaosan Agama.
Caranipun Nyerat.
Menawi badhe damel seratan (karangan) prosa, kita kedah nggatosaken urut-urutan ingkang dipuntindakaken supados seratan saged runtut saha asilipun saged sae. Urut- urutanipun seratan inggih menika:
1. Nemtokaken tema (topik) seratan
2. Nemtokaken irah-irahan seratan
3. Ngempalaken bahan-bahan
4. Damel cengkorongan (kerangka) seratan
5. Mekaraken cengkorongan seratan kasebat dados seratan ingkang jangkep.
Kejawi urut-urutan ing nginggil, babagan ingkang kedah dipungatosaken ugi inggih punika:
1. Kertasipun ingkang sae
2. Basanipun ingkang baku saha sae
3. Ukaranipun runtut.
4. Seratanipun cetha
5. Pamilihing tembung ingkang mentes
6. Temanipun manunggal.
Jinising Paragraf
Miturut prenahing ukara baku/pokok lan ukara panerang, paragraph saged kaperang dados sekawan, inggih punika:
- Deduksi inggih menika paragraph ingkang ukara bakunipun wonten wiwitaning ukara.
- Induksi inggih menika paragarf ingkang ukara bakunipun wonten ing pungkasaning ukara.
- Campuran inggih menika paragraph ingkang ukara bakunipun wonten ing wiwitan lan pungkasaning ukara.
- Deskripsi inggih punika paragraph ingkang boten wonten ukara bakunipun amargi sampun sumebar ing sedaya ukara.