TEKS ATUR PASRAH LAMARAN MANTEN
Bismillahrohmaanir rohiim
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Kawilujengan, kasarasan tuwin sih wilasaning Gusti ingkang Maha suci, mugi tansah kajiwa kasalira dhuamteng sagung para lenggah sedaya, amin
Nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, sesepuh ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautaman, saha ingkang labda ing pitutur, pana ing pamawas, keblating panembah ingkang pantes pinundhi saha kinabekten
Dhumateng para pangarsaning praja, para satriya nagari ingkang minangka pandam-pandoming para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana
Panjenenganipun calon kadang besan sutresna, nggih menika bapak/ibu ………… saha ingkang hamakili ingkang sinuba ing pakurmatan.
Miwah sanggya para rawuh kakung putri, kadang wredha-mudha, ingkang winantu ing suka basuki
Langkung rumiyen kula nyuwun pangapunten, dene jejer kula wonten ngarsa panjenengan sedaya, inggih minangkani panyuwuning kadang taruna kula inggih menika adhi mas ……….. sakaliyan, ingkang pidalem ing ………………….. wonten ing ri kalenggahan punika kula kasuwun mingangka sulih salira, talang basa, matur wonten ngarsanipun Bapak/ibu (manten kakung) ……….. sumrambahipun dhumateng para lenggah sedaya. Namung saderengipun kula matur ingkang kathah-kathah, kula sa rombobongan saking …………., kepareng hangaturaken raos puja puji pangastuti syukur, wonten ngarsanipun gusti ingkang maha agung, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanugrahan saha kanikmatan, saengga saged marak sowan wonten ngarsanipun bapak/ibu …………….., kanthi wilujeng nir ing sambekala, amin
Sanggya para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, sowan wonten ngarsanipun calon kadang besan sutresna, kepareng kula ndherek pitepangan langkung rumiyen. Dene nama kula ………….. kula kaleres kang masipun adhik ………………., dene kula mapan wonten ing dhusun……….. kalurahan……………….kecamatan………….
Dene ingkang lenggah wonten ngajeng punika ingkang mengangge rasukan ………….. inggih putranipun adhi mas ……….. ingkang nama nak mas ……………….. (calon temanten kakung) wondenen sanesipun, sanes wedal kemawon, kirang prayogi mangkih nelasaken wedal (menawi saestu deneng tepang, menawi sampun te[ang, boten perlu pitepangan)
Sagung para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, saklajengipun kepareng kula ngaturaken menggah babaring sedya kula sak rombongan sowan marak wonten ngarsa panejengan sedaya
Ingkang sepisan, kula silaturahmi wonten ngarsanipun calon kdang besan, minggahipun dhumateng para pepundhen saha para rawuh sedaya
Kaping kalih, ngaturaken salam taklimipun adhi mas …………. Katur wonten ngarsanipun bapak/ ibu …………, sumrambah dhumateng para lenggah sedaya kanthu kawijiling lathi : (Asslamualaikum wr.wb)
Kaping tiganipun, nglajengaken pangandikan ing dinten lan wulan kawuri, bilih antawisipun adhi mas ………………… kaliyan bapak/ibu …………… kagungan rembag sekawan, sekawan dados kalih, kalih dados setunggal lan sampun golang giling. Inggih punika adhi mas…………… kepengin saget nyupeketaken anggenipun kakekadangan kaliyan bapak/ibu ……………… kanthi alelantaran adhi mas ………………. Gadhah putra kakung, ingkang nama ……………… saha bapak/ibu ………….kagungan yoga ingkang asesilih gendhuk rara ayu ……………. Ingkang salajengipun bapak/ibu …………….. kersa handhaupaken putra kekalih wau, dados jatu kramanipun, minangka talining kekadangan. Karana sedaya kalawau sampun dados pasarujukan, mila sowan kula :
- Ngaturaken saha masrahaken calon temanten kakung inggih menika nak ………………..
- Dipun kantheni mas kawin awujud ……………
- Saha sanggan: juwadah lan pisan raja
- Redana arta cacahipun ………….. kangge angentheng-entengi bapak / ibu ……….. angenipun miwah putra samangkih
- Sawetawis pengangge lan kalpika, kangge calon temanten putri
- Busana sapengadek kangge calon temanten putri
- Wonten pamesing kangge eyang kakung/putri
- Sawetawis kangge angsal-angsal
- Lan punika wonten sekedhik, rendana kangge bumbu dhapur/brombeas-brombas
Wonten ngarsanipun calon kadang besan, mugi kersa anampi kanthi gumbiraning wardaya.
Mawantu-wantu sampun ngantos dipun priksani pengajinipun, ananging punika namung minangka tandha siih katresnan kemawon. Kathah kekeiranganipun adhi mas ………………….. namung nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun
Sagung para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan, namung mekaten lan semanten ingkang saged kula aturaken, ing wusana yuwun tambahing donga pangestu, mugi kaleksananing sedya purwa, madya lan wusana, sageda lancar rancak nir ing rubeda. Putra kekalih anggenipun badha pala krami, saged dados kaluwarga ingkang sakinag mawaddah wa rahmah, amin
Ing wusana , saksampunipun titi laksana (pahargyan) punika sampun paripurna aedayanipun, kepareng kula saking ………….. kepareng medal pasilan nyuwun pamit, nyuwun pangestu mugi lampah kula saking dalem punika ngantos dumugi griyanipu piyambak-piyambak mugi tansah kaparingana kawilujengan, semanten ugi para lenggah sak pengker kula. Mugi tansag kaparingan kawilujengan sedayanipu. Amin
Kula pribadi, minangka sulih salira panjenenganipun adhi mas ………….., ngrumaosi anggen kula matur wonten atur saha trapsila ingkang kirang tata, inggih karana cupeting seserepan kula, kula nyuwun pangapunten ingkang sak angeng agengipun.
Wanasa cekap semanten, akhirul lisan
Wassalamualaikum wr.wb

