Type Here to Get Search Results !

TEKS ATUR PANAMPI LAMARAN MANTEN - BAHASA JAWA / BASA JAWA

ATUR PASRAH PANAMPI




Bismillahir rohmaanir rohiim

Assalamu’alaikum Wr.Wb


Kawilujengan, kasarasan tuwin sih wilasaning Gusti ingkang Maha suci, mugi tansah kajiwa kasalira dhuamteng sagung para lenggah sedaya, amin 


Wonten ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh, sesepuh ingkang hanggung hamastuti dhumateng pepoyaning kautaman, saha ingkang lebda ing pitutur, pana ing pamawas ingkang pantes kinabekten

Prar pangemban pangembaning praja, para satriya nagari ingkang minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes sinuba ing pakurmatan


Nuwun wonten ngarsanipun bapak ………….. minangka pangarsaning duta saraya saking calon kadang besan sutrisna inggih bapak /ibu ……….. sakeluwarga, ingkang winantu suka basuki 

Bapak bapak, ibu ibu para rawuh kakung putri ingkang bagya mulya 


Langkung rumiyen keparenga kula ngaturaken puji sukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, ingkang tansah paring karaharjan dhumateng kula panjenengan sedaya, kacihna kula panjenengan sedaya tasih dipun keparengaken rawuh wonten dalem punika kanthi wilujeng


Para rawuh ungkang sinuba ing pakurmatan, inggih awit saking keparengipun bapak ………………….. kula kapiji minangka sulih salira talanging basa, nampi pasrahing pangandika saking calon kadang besan.


Ingkang sepisan panjenengan silaturahmi alahamdulillah kula tampi kanthi bingahing manah

Angka kalih paring salam taklim inggih kula tampi kanthi atur wangsulan : Walaikumsalam wr.wb


Dene ingkang angka tiga pasrah calon temanten kakung, mas kawin lan sanes-sanesipun saestu sampun katampi kanthi raos bombonging manah denening panjenengan bapak/ibu ………………… lumantar kula.

Keparengipun paring ubarampe ingkang awujud punapa kemapan, bapak ……………sekaliyan namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkan tanpa pepindhan. Cihnaning katresnan kasebat, dados amal kasaenan panjenenganipun calon kadang besan saha pikantuk lelintu ganjaran ingkang murwat saking ngarsa dalem Allah SWT.


Bapak ibu duta saraya ingkang sinongsonging kayuwanan, kalawau panjenengan ngendikakaen bilih sapari purnaning titi laksana punika ngersakaken kondur, inggih awit saking wakiling kaluwarga, kula ngambali atur, ngaturaken agunging panuwun ingkan tanpa pepindhan awit rawuh panjenenagan sedaya saha kondur panjenengan tansah manggih wilujeng nir ing sambikala.


Minangka panutuping atur, kula nglenggana anggen kula nampi pangandikan panjenengan minangka duta saraya saking bapa ……………. Sekaliyan kirang trapsila saha kathah atur ingkang kiranang mranani,keparenga panjenengan paring lumunturing pangaksami 

Maturnuwun, akhirul lisan 

Wassalamualaikum wr,wb


Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.