BEKAKAK
PRAWACANA
Alkhamdulillahirrabil’alamin dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun paring sadaya kanikmatan saha hidayah sahengga kita saged ngelampahi
pagesangan menika kanthi sae panyerat saged damel buku kanthi irah-irahan TRADISI
BEKAKAK WONTEN ING GAMPING AMBARKETAWANG GAMPING SLEMAN YOGYAKARTA,
shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW
ingkang sampun bekta kita saking jaman jahiliyyah dumugi jaman samenika. Wiwit
saking bangsa Indonesia dados bangsa ingkang mardika. Kita sedaya ugi sami
saged nyinau, sejarah-sejarah ingkang dipunwucalaken wonten sekolahan ingkang
mawi bahasa Indonesia, Daerah, lan sapanunggalanipun.
Buku-buku sejarah tradisi wonten ing sekolah,
perpustakaan saha sanes-sanesipun menika sampun asring, amargi sampun asring
panyerat menika ndamel buku sejarah tradisi tiyang Gamping Ambarketawang
Gamping Sleman supados wonten arsip ingkang saged dipunwaos saha dadosaken ilmu
kangge sinten ingkang badhe maos. Mugi-mugi buku menika dados buku ingkang sae
saha beten ngowahi saking sejarahipun bekakak, ugi saged dados paedah kangge
sinten kemawon.
Aamiin..
|
Prawacana
|
i
|
|
Pratelan Isi
|
ii
|
|
BAB I Budaya Jawa
|
1
|
|
1. Budaya
|
1
|
|
2. Tradisi
|
3
|
|
3. Simbol
|
4
|
|
BAB II Upacara Bekakak
|
8
|
|
1. Sejarah
Tradisi Bekakak
|
8
|
|
2. Wiwitanipun
Upacara Bekakak
|
10
|
|
3. Midodareni
Manten Bekakak
|
13
|
|
4. Rereoncening
Adicara Kirab Manten Bekakak
|
15
|
|
5. Upacara
Mbeleh Bekakak
|
16
|
|
6. Adicara
Sugengan Ageng
|
17
|
|
7. Pepati
utawi Pantangan
|
19
|
|
BAB III Makna Simbolik
|
21
|
|
1. Unsur-unsur
wonten Upacara Bekakak ingkang gadhah
makna
|
22
|
|
2. Konsep
Slamet wonten Upacara Tradisi Bekakak
|
24
|
PRATELAN ISI
|
3. Dokumentasi
|
25
|
|
Kapustakan
|
34
|
BAB I
BUDAYA JAWA
1.
Budaya
Indonesia minangka negara kepulauan ingkang gadhah
warna-warni suku, agama, ras saha golongan. Saben suku bangsa wonten ing
Indonesia gadhah kabudayan sarta adat ingkang beda, saha saben suku wonten ing
Indonesia gadhah basa ingkang maneka ragam. Saben suku bangsa gadhah karakter
kabudayan ingkang beda-beda. Suku-suku bangsa wonten ing Indonesia ingkang
arupi werni sanget menika nedahaken bilih ragam budaya ingkang kedah dipunrembakakaken
saha dipunlestamtunaken minangka ciri khas bangsa Indonesia. Salah satunggaling
suku bangsa Indonesia ingkang gadhah karakteristik inggih menika suku Jawa.
Suku
Jawa minangka salah satunggaling suku ing Indonesia ingkang gadhah
mawarna-warni adat istiadat ingkang taksih asring dipunlampahi. Adat istiadat
ingkang dipunlampahi boten tebih saking satunggaling kapitadosan utawi keyakinan
ingkang taksih wonten ing pagesangan suku Jawa. Suku Jawa gadhah kabudayan
ingkang nggambaraken corak saha ragam ingkang khas ing kathah aspek
pagesangan masarakat Jawa. Koentjaraningrat (1990 203-204) ngandharaken
bilih kabudyan minangka ragam khas ing salebeting perangan pagesanganipun
manungsa saged kita mangertosi bilih ragam kabudayan menika kathah sanget,
ingkang antawisipun awujud upacara adat, kapitadosan masarakat, adat istiadat,
kesenian lan sapanunggalanipun. Budaya Jawa ingkang dipungadhahi kaliyan
masarakat Jawa hakekatipun wonten unsur-unsur kabudayan ingkang
salebetipun inggih menika basa, ilmu
pengetahuan, organisasi sosial, sistem peralatan gesang saha teknologi,
sistem mata pencaharian, sistem kapitadosan saha kesenian. Adhedhasar
unsur-unsur kabudayan ingkang sampun disebataken menika, salah
satunggalipun arupi tindakan ingkang dipunlampahi dening masarakat. Salah
satunggaling wujud saking kabudayan menika dipunlampahi tradhisi utawi upacara
adat. Saben daerah gadhah tradhisi upacara adat ingkang beda. Saben papan
wonten ing Indonesia gadhah warni upacara adat ingkang gadhah ciri khas.
Ing lelampahanipun, saben tradhisi saha upacara adat gadhah norma saha
tatacara ingkang taksih ing masarakat. Tradhisi saha upacara adat menika gadhah
norma saha tatacara ingkang kasusun saking budaya masarakat
panyengkuyungipun. Norma menika saged arupi urutan urutan utawi prosesi adat
kanthi turun temurun cenderung ngalami perubahan. Salah satunggaling
ingkang ngalami perubahan inggih menika prosesi ing satunggaling
tradhisi. Tradhisi minangka salah satunggaling wujud kabudayan ingkang
dipunlampahi kaliyan masarakat Jawa, amargi masarakat Jawa boten saged ewah saking satunggaling
kapitadosan utawi kapitadosan ingkang nyakup perangan menika. Masarakat
Jawa boten saged uwal saking aspek kapitadosan saking peranganperangan tartamtu
ingkang sampun kadadosan kanthi turun-tumurun. Perangan menika bentuk sikap
masarakat tumrap warisan leluhuripun. Sikap kados perangan menika kedah
dados dominasi sikap tiyang Jawa ingkang salajengipun saged ngaruh-aruhi
pola pagesangan ingkang ndhasari dhateng nasib. Tradhisi menika saged ndadosaken kabegjanan saha kaslametan
kangge nyinaoni proses pagesangan. Perangan menika arupi wujud
pakurmatan ingkang gayut kaliyan upaya masarakat Jawa ingkang limrahipun dipunlampahi
kanthi persembahan utawi
sesajen ingkang dipunsebat upacara bekakak.
2.
Tradisi
Tradisi inggih menika wonten ing Kamus
Besar Bahasa Indonesia (1989: 959) tradhisi dipunartosaken minangka: 1)
adat pakulinan turun-temurun (saking leluhur) ingkang taksih dipun-lampahi
kaliyan masarakat, 2) pambiji utawi tanggapan bilih cara-cara ingkang
sampun wonten arupi cara ingkang paling sae saha leres. Shaw (1972: 381)
ngandharaken “tradition abody of customs, beliefs skills or sayings handed
down from generation to generation or age to age” artisipun kirang langkung
kados makaten, tradhisi inggih menika kempalan pakulinan-pakulinan, kapitadosan
kapitadosan, kaprigelan-kaprigelan, utawi pamaturan-pamaturan ingkang angsal
saking generasi dhateng generasi. Tradhisi kanthi dhasaripun
sampun dangu wonten ing tengah-tengah pagesangan masarakat saha dipunwarisaken
saking generasi dhateng generasi kanthi wujud ingkang sami kangge
dadosaken satunggaling pakulinan. Saking teori-teori menika, tradhisi
arupi adat pakulinan utawi kempalan pakulinan-pakulinan,
kapitadosan-kapitadosan, kaprigelan-kaprigelan utawi pacelathon ingkang dipunwarisaken
kanthi turun-tumurun. Pakulinan arupi tindak tanduk ingkang dipunakui saha
dipuntampi kaliyan masarakat ingkang boten kemawon dipunanggep minangka
cara berperilaku ananging inggih kangge norma pengatur utawi
dipun sebat minangka tata kelakuan utawi mores.
3.
Simbol
Tembung simbol asalipun saking basa Yunani “symbolos” ingkang
ateges tandha utawi titikan ingkang saged ngandharaken bab dhateng satunggaling
tiyang. Manungsa ing pagesanganipun tamtu kemawon sambet kaliyan simbo-lsimbol
ingkang gayut kaliyan gesang padintenanipun. Wonten ing sistem kabudayaan Jawi
kathah sanget dipunginakaken simbol-simbol kangge sarana ngandharaken
pesan-pesan utawi nasehat-nasehat kagem putra wayahipun. Bab menika nedahaken
bilih simbol wonten ing masarakat Jawi ngandharaken bab wejangan-wejanganan
ingkang gayut kaliyan gesang manungsa ing alam donya. Turner (ing Endraswara,
1996: 172) ngandharaken bilih the symbol is the smallest unit of
ritual wich still retains the spesific properties of ritual behaivour. It
is the ultimate unit of spesific structure in a ritual context. Ingkang
tegesipun simbol inggih menika unit utawi perangan ingkang paling alit
wonten ing ritual ingkang ngandhut makna saking unggah-ungguh
ingkang asipat khusus. Adhedhasar pamanggih menika, saged dipunmangertosi
bilih simbol saged arupi perangan paling alit saking ritual utawi
kagiyatan khusus. Ing tradhisi Bekakak saged arupi perangan-perangan
paling alit, saged ugi arupi sajen, arupi jejangkeping upacara. Perangan menika
gadhah makna utawi weling ingkang sadayanipun asipat khusus. Leslie A White
(lumantar Soepanto, 1999: 1-2) ngandharaken bilih sedaya unggah-ungguhing
manungsa adhedhasar pangginaan lambang-lambang. Lambang kangge
manungsa pendukungipun ingkang boten namung ngandhut makna ingkang dipuntedahaken.
Makna saged dipunbedakaken antawis lambang referensial saha
lambang kondensasi. Lambang referensial inggih menika warniwarni wujud
basa lisan, seratan, bendera kebangsaan, isyarat bendera saha
warni-warni perangkat lambang-lambang ingkang dipundamel kanthi prinsip
ekonomi minangka pitedah. Lambang kondensasi inggih menika wujud tindakan
penggantos ingkang dipun-padataken sanget kangge ngandharaken kanthi langsung
ingkang mungkinaken pelepasan ketegangan emosi ing keadaan sadar
utawi boten sadar. Saben upacara limrahipun ngginakaken simbol utawi
lambang ingkang arupi satuan-satuan. Limrahipun upacara-upacara
menika arupi rerentengan satunggaling perangkat lambang-lambang ingkang
saged arupi benda-benda utawi materi, kegiyatan fisik saha
perangan-perangan utawi situasi tertamtu ing kasadayan upacara
(Soepanto, 1992: 5-6). Herusatoto (2001: 10,88) ngandharaken bilih pamanggih
ingkang simbolis arupi ciri khas manungsa ingkang kanthi katingal
bedakaken saking kewan. Wujud simbolisme ing budaya Jawa dominan sanget,
perangan menika arupi realisasi saking paningalan-paningalan saha
tumindhak gesangipun tiyang Jawa. Wujud simbolis menika dipunkelompokaken ing
tigang werni, inggih menika tumindhak simbolis ing religi, tradhisi saha
kesenian. Simbolisme religi saged dipuntingali dhateng sedaya wujud
upacara religi, kisah saking riwayat para Nabi sarta ingkang dipunwarisaken
kanthi turun temurun saha simbolisme ing seni katingal ing
warni-warninipun kesenian. Simbol arupi weling saking para leluhur
kangge generasi salajengipun ingkang dipun-sampekaken kanthi turun
temurun. Kabentukipun simbol-simbol ing upacara tradhisional menika
adhedhasar nilai-nilai etika saha paningalan pagesangan ingkang tumrap ing
pagesangan masarakat. Lumantar simbol-simbol mila weling-weling ajaran agami,
nilai-nilai estetika saha norma-norma ingkang tumrap ing
masarakat saged dipunsampekaken dhateng sedaya warga masarakat (Soepanto, dkk
1992: 7). wonten ing simbol menika ngemot pitedah-pitedah leluhur ingkang kedah
saha wajib dipunlampahi dening anak putu keturunanipun, sarta wonten ing simbol
menika ngemot misi-misi luhur kangge nglestantunaken nilai budaya.
Manungsa wonten ing pagesangan menika kathah ngginakaken simbol-simbol kangge
makili pamanggihipun. Dados manungsa menika saged kaandharaken minangka makhluk
bersimbol (Tashadi,1992: 90). Adhedhasar pamanggih-pamanggih menika saged
dipunmangertosi bilih simbolis arupi ciri khas manungsa ingkang
mbedakaken kaliyan kewan. Masarakat Jawa dominan sanget kaliyan wujud simbolis
inggih menika simbolis ing religi kados kisah saha riwayat
para Nabi. Simbol ing tradhisi wonten ing upacara adat ingkang dipunwarisaken
kanthi turun temurun saha simbol ing seni katingal ing
warni-warni kesenian. Simbol simbol arupi weling saking para leluhur kangge
generasi salajengipun ingkang dipunandharaken kanthi turuntemurun.
Weling menika wosipun ajaran agami, nilai-nilai etis saha normanorma
ingkang tumrap ing masarakat. Simbol ugi nyimpen pitedah leluhur ingkang
kedah saha wajib dipunlampahi kaliyan putra saha putu keturunanipun. Koentjaraningrat
(1994: 367) ngandharaken bilih konsistensi makna saking benda-benda menika
adhedhasar nama, rupa, warni utawi pangginanipun. Endraswara (1996 : 94)
ngandharaken bilih ing budaya Jawa, interpretasi utawi simbol adhedhasar
asipat basa inggih menika asipat arbitrer saha adhedhasar makna
tersirat saking simbol menika. Makna-makna tersirat saking simbol
menika antawisipun: wontenipun konsep terminology othak-athik mathuk
inggih menika mundhut pakulinan padintenan tiyang Jawa salajengipun
dipunsederhanakaken maknanipun ing wujud simbol, saha wontenipun nilai-nilai
historis (kisah-kisah saha cariyos-cariyos fiksi ingkang melekat
ing atinipun masarakat). Pitakenan-pitakenan ing nginggil ngandharaken
bilih makna benda adhedhasar nama, rupa warni, utawi pangginanipun
masarakat Jawa ing mundhut pakulinan padintenan tiyang Jawa salajengipun dipunsederhakaken
maknanipun ing wujud simbol saha wonten nilai historis.
BAB II
UPACARA BEKAKAK
1.
Sejarah
Tradisi Bekakak
Upacara tradisi masarakat
Ambarketawang inggih menika mbeleh manten Bekakak utawi boneka ingkang
dipudamel saking glepung, saha ketan lajeng getih utawi rohipun dipundamel
saking juruh ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Ki Wirosuto sakeluarga. Ki
Wirosuto menika minangka abdi dalem penongsong ingkang setya marang Pangeran
Mangkubumi inggih menika Sri Sultan HB I.
Upacara
menika dipuntindakaken sasi sapar, dados upacara menika dipunsebat saparan.
Upacara tradisi wonten ing Yogyakarta beten namung bekakak mawon wonten ing
sasi sapar nanging wonten Ki Ageng Wonolelo ing Ngemplak Sleman, Rebo Wekasan
ing Bantul saha Saparan Kali Buko wonten ing Kulonprogo. Saben kagiatan saparan
menika beda-beda saha wonten cirikah piyambak-piyambak. Bekakak wonten
Ambarketawang ugi gadhah cirinipun piyambak inggih menika mbeleh manten ingkang
dados ritual persembahan.
Sumberipun
saking generasi ke generasi, saparan
dipuntindakaken saking dawuh Dalem Pangeran Mangkubumi ingkang gadhah tanda
kangge ngelingaken abdi dalem Ki
Wirosuta ingkang sed kanthi misterius nalika
pados watu gamping ing gunung gamping. Upacara menika rikala riyen kangge
ngemutaken sedanipun Ki Wirosuto ananging dangu ning dangu upacara menika dados
simbul kangge nyuwun slamet saking Ki Wirosuto ingkang dipunpitados dados
danyangipun gunung gamping kaliya masarakat.
Rikala
gunung gamping tasih wutuh, gunung gamping menika dados padamelan masarakat
wonten Ambarketawang. Menawi badhe mendet gamping wonten gunung gamping menika
bahaya sanget amargi toh nyawa angenipun mendet gamping. Saben sasi sapar
menika wonten gunung gamping mesthi wonten ingkang seda saha wonten tandha saking
suara bendhe saking Gunung Gamping. Para masarakat nyuwun pirsa dhumateng
Ngarsa Dalem Sri Sultan HB I lajeng Ngarsa Dalem maringi pitedah supados
setahun pisan mbeleh bekakak utawi boneka manten supados saged ngantos manungsa
ingkang seda saha supados beten wonten korban malih.
2.
Wiwitanipun Upacara Sapara
Upacara
tradisi Bekakak wonten ing Desa Ambarketawang menika kathah panitia ingkang
biyantu amargi panitia menika ingkang dadosaken adicara bekakak menika saged
lancar saha beten wonten alanganipun. Panita menika tugasipun ngatur sedaya
wiwitanipun acara, ngempalaken dana, ngarahaken tenaga lan sapanunggalanipun.
Acara bekakak menika kathah saged ingkang ngelibataken tenaga-tenaga ingkang
saged nyengkuyung angenipun lapahing adicara, beten namung tenaga mawon nanging
ugi materi ingkang gayut kaliyan adicara bekakak menika. Adicara bekakak menika
ugi kedah ndamel manten saking glepung, ketan ugi sesajen kembang mayang lan
sapanunggalanipun.
Adicara
upacara menika dipunbagi dados kalih inggih menika, saparan Bekakak saha
Sugengan Ageng ingkang kalampahaken dinten kemis ndalu saderengipun adicara
kirab Bekakak menika. Panitia ugi kedah blokade
mergi wonten ing Jalan Wates ingkang dado mergi utama. Wonten ing iring-iranganipun kirab Bekakak
saha Sugengan Ageng kedah wonten ogoh-ogoh ingkang awujud Genderuwo. Wonten ing
ogoh-ogoh ingkang awujud Genderuwo menika uggi kedah ndamel ageman ingkang
gayud kaliyan Genderuwo saha sinten ingkang badhe ngangat Genderuwo. Beten
namung Bekakak saha Gendruwo ananing ugi
wonten prajurit, andong, saha kesenian sanesipun.
Wonten
ing padamelan Bekakak menika kedah wonten glepung wos saha ketan. Saderengipun
dipundamel pakuncen kedah ngobong menyan utawi dupo menawi sampun mangkih glepung menika dipunalu kaliyan kalih
tiyang wadon, dipunalu ngangge lumpeng ingkang diameter 60 cm x 40 cm. Samangih
dipuniringi gojek lesung kaliyan gangsal wanita seragam. Wonten damel bekakak
menika perlu 8jam setenggah. Menawi bekakak menika sampun dados mangkih
dipunlajengaken damel kembar mayang, genderuwo saha sesajen ingkang
dipundadosaken satunggal wonten ing kandang bekakak , padamelan menika wonten
ing griya Bapak Cahyono selaku Kepala Dusun saha panitia.
Wonten
damel kembar mayang utawi gagar mayang menika dipungarap kaliyan kalih tiyang,
kembar mayang menika kedah wonten sekawan utawi kalih pasang kangge ngias
manten Bekakak. Kembar mayang utawi gagar mayang menika dipundamel saking
godhong puring ingkang mawarni-wani warna,
kembang patra manggala, kembang kemuning saha janur sedaya menika
dipuntancepaken wonten debong gedang. Wonten ing kandang bekaka menika ugi
kedah wonten sekawan cengkir utawi degan ingkang kulitipun dipunicalaken.
Wonten kandang Bekakak menika dipun hiasi kaliyan janur, saha godong tebu
wulung. Kembar mayang menika dados gambaran utawi simbul Iman, Islam saha
Insan.
Kalajengaken
dalem Genderuwo putra saha Genderuwo wadon ingkang njagi Bekakak menika.
Genderuwo menika dados simbul demit utawi Danyang ingkang jagi Gunung Gamping.
Beten kesupen ugi wonten gemak, landak, doro ingang werninipun pethak amargi
kewan menika dados simbul ingkang dipuntresnani kaliyan Ki Wirosuto, susuh saha
lading ingkang samangkih dados piranti kagem mbeleh Bekakak. Menawi wonten
sesajen ingkang dereng jangkep mangkih Bekakak menika dereng badhe dipun
angkat. Sesajen bekakak menika dipunperang dados tiga kelompok inggih menika
kalih kelompok kangge kalih dipundadosaken satunggal kandang Bekakak ingkang
kala wau wonten kalih, satunggal kelompok dipundadosaken wonten ing Jodhang kangge
dados rangkain sesajen adicara.
Menawi
sesajen saha uborampe wonten bekakak adicara menika pindah wonten adicara
Sugengan Ageng ingkang dipunserahaken kaliyan abdi dalem ingkang griyanipun
wonten ing Desa Patran Gamping. Wonten tiga pusaka ingkang arupa Bende, Tombak
saha Luwuk, pusaka-pusaka menika ugi dipuntumutaken wonten kirab Bekakak.
Adicara
upacara Bekakak menika kalapahan wonten ing bulan sapar, dinten jumat
tanggalipun biasanipun tanggal 10-20. Kirab menika sampun dados naluri saking
jaman riyen . upacara menika saking dawuh Pangeran Mangkubumi ingkang dados
raja pertama wonten ing Yogyakarta.
3.
Midodareni
Manten Bekakak
Manten Bekakak
menika awujud boneka ingkang dipundalem saking glepung wos saha ketan naning
manten Bekakak inggih kedah wonten adicara midodareni amargi wonten adat
ingkang sampun wonten rikala riyen. Tembung midodareni artinipun inggih menika
bidadari. Wonten manten bekaka menika wonten maknanipun angenipun malam
midodareni saderengipun dados panganten, lajeng para bidadari menika medun
saking surga kangge maringi restu kaliyan manten Bekakak menika. Panitia saha
masarakat mnika ugi njagani utawi melek mbengi supados ngurmati bidadari
ingkang medun daking suarga. Senadyan wonten siang menika manten Bekakak
dipunbeleh nanging beleh bekakak menika namung dados simbul ritual persembahan kangge gantos tumbal
manungsa.
Adicara
midodareni menika dipuntindakaken dinten kamis wanci pukul 20.00 lajeng
uborampe kangge kirab manten Bekakak dipun dadosaken setunggal wonten Kelurahan
Ambarketawang. Enjing menika dipunpimpin kaliyan panita, desa ingkang tumut
kesenian saha dipuniringi masarakat Ambarketawang.
Rikala jaman
rumiyen adicara kirab manten Bekakak menika dipunpimpin kaliyan penewu utawi
pakuncen Gunung Gamping, sebab pakuncen Gunung Gamping menika ingkang tanggel
jawab wonten adicara kirab manten Bekakak.
Urut-urutaning
kirab pawai manten Bekakak saking papan persiapan dumugi Balai Desa
Ambarketawang inggih menika:
1. Barian
ingkang beta Umbul-umbul
2. Barisan
peleton pawai saking Masarakat Gamping Tengah
3. Joli
utawi kandang Bekakak saha wewegombel/ genderuwo
4. Reyog
saking Masarakat gamping Kidul
5. Saha
pengiring sanesipun
Menawi sampun
dugi Balai Desa Ambarketawang, joli utawi Kandang Bekakak dipunpangenaken
wonten ing Pendapa. Lajeng saking panitia dipunserahaken kaliyan Kepala Desa
Ambarketawang. Wonten ing dalu menika biasanipun wonten pagelaran wayang kulit
saha seminggu saderengiun wonten lapangan sampun wonten pasar malem. Saha
wonten griya Ki Juru Permana dipunwontenaken Tahlilan lajeng dipunlajengaken
malam Tirakatan kaliyan masarakat Ambarketawang.
4.
Rerocening
Adicara Kirab Manten Bekakak
Reroncening
adicara manten Bekakak menika dados pawai utawi arak-arakan ingkang beta joli
utawi kandang manten Bekakak wonten ing Gunung Gamping kangge dipunbeleh saha
dipunsareaken. Arak-arakan menika wiwit pukul 14.00 saenga peserta ingkang
tumut kirab menika kedah sampun dugi saderengipun pukul 14.00 wonten ing Balai
Desa Ambarketawang
Adicara kirab
manten Bekakak menika dipunbikak kaliyan ketua panitia ingkang ngelaporaken
lampahaning adicara kirab manten Bekakak kalajengaken tanggap wacana kaliyan
Bupati Sleman, lajeng dipunpungkasi kaliyan doa supados acara kirab manten
Bekakak lancar. Menawi sampun dipundongaken kirab manten Bekakak lajeng wonten pelepasan doro ingkang warninipun cemeng
kaliyan Bupati Sleman, lajeng pawai kirab manten Bekakak menika sampun melampah
jumbuh kaliyan urutaning barisan ingkang sampun dipunrancang.
Barisan
adicara upacara kirab manten Bekakak saking Balai Desa Ambarketawang lajeng
ngudul arah wonten jalan wates lajeng belok ngetan lanjeng ngelewai peken
gamping mangking ngidul kalajengaken wonten ing papan mbeleh Manten Bekakak
inggih menika Gunung Gamping sakidulipun Kraton utawi griya Pangeran
Mangkubumi.
5.
Upacara
Mbeleh Manten Bekakak
Adicara mbeleh
manten bekakak menika menawi arak-arakan sampun dugi Gunung Gamping.
Kalajengaken joli utawi kandang bekakak dipunusung wonten ing sangajengipun
lambe gua Gunung Gamping. Samenika sampun awujud jobin menawi sampun boneka
manten Bekakak menika dipunpendet saking joli utawi kandang bekakak lajeng
ulama nyukani pandonga, sasampunipun dipundongani lajeng Bekakak menika dipun
beleh ananging boneka manten Bekakak ingkang sepisan menika kedah boneka manten
ingkang jaler. Angenipun mbeleh menika kedah sirahipun tugel kalajengaken
boneka manten Bekakak ingkang setri. Badanipun bekakak menika kedah dipuncuil
saha dipunbagi kaliyan masarakat amargi wonten mitos menawi masarakat menika
angsal cuilanipun Bekakak saged dados berkah kangge sinten kemawon ingkang
angsal cuilanipun, mangkih sesajen saha kandang menika ugi dipunbagi utawi
kangge rayahan masarakat lajeng menawi sampun telas sedaya masarakat saha ulama
pindah wonten ing upacara Sugengan Ageng.
6.
Adicara
Sugengan Ageng
Sasampunipun prosesi
mbeleh bekakak, reroncening adicara ingkang pungkasan inggih menika adicara Sugengan Ageng wonten meriki awujud
slametan menika ugi ginakaken sesajen ingkang lengkap, kagiatan menika dados
lambang masarakat Ambarketawang ingka setiya marang Pangeran Mangkubumi I
ingkang sampun seda.
Adicara Sugengan Ageng
menika dipuntindakaken wonten ing pasanggrahan Ambarketawang ingkang
dipunpimpin kaliyan Ki Juru Permana, wonten ing papanipun pasanggrahan wonten
hisan janur saha kain warninipun ijem saha kuning. Sesajenipun menika dipunbeta
saking Patran ingkang awujud Jodhang, Joli, Kembar mayang, degan gading, toya
amarta, bokor papan simbar-simbar, pusaka-pusaka saha payung ageng ingkang
sampun rapi.
Ingkang sepisan badhe
kawiwitan menika dipunobong menyan utawi dupa lajeng Ki Juru Permana menika
bikak acaranipun saha ngandaraken bilih wonten ing Sugengan Ageng ngeluri Kyai
Ageng Gambir Anom gadhanipun Sri Paduka Paku Alam VIII saking Sunan PB X saha
bendhe kayai Sirep ingkang tinggalanipun Kyai karanggayam rikala riyen ingkang
biyantu pados watu kapur wonten kilen Kraton.
Await menika dadosaken
masarakat tasih ngeluri jasanipun Sri Sultan HB I utawi Pangeran Mangkubumi:
a. Amargi
wantung ngusir VOC
b. Saged
ngicalaken sengsaranipun masarakat dumugi perjanjian
Giyanti
c. Dados
cikal-bakal papan menika
d. Kanjeng suktan Agung Hanyakrokusumo supados paring
restu
e. Sri
sultan HB I supados paring slamet kangge leluhur Giriganda saha Girilaya
f. Sugengan
menika dadosaken slamet para kawula
Ngayogyakarta, para sentana dalem, Bupati sleman, Camat Gamping, Kepala Desa
Ambarketawang, anak cucu Ambarketawang saha ingkang nindakaken upacara.
Sasampunipun
waosaken ikrar dipunlajengaken ngaburaken doro ingkang warninipun cememng
lajeng sesajeng kalawau dipunbagi. Kandangipun utawi joli saha pusaka menika
dipunsimpen wonten ing Dusun Patran ing griyanipun Ki Juru Kunci.
7.
Pepali
utawi pantangan
Koentjoroningrat
ngandaraken bilih komponen upacara keagamaan, pangenan upacara, nakila upacara,
saha piranti upacara menika awujud sacral utawi kramat. Amargi sifatipun
mekaten dados upacara menika beten angsal kangge sembrono, kedah
dipuntindakaken kenthi ngati-ati, amargi menawi wonten ingkang sembrono
samangkih saged wonten alangan saha paplinipun.
Pepali wonten
upacara-upacara keagamaan menika dadosaken ingkang nindakaken upacara dados
khusuk. pepali menika dados panentu angenipun adicara, awujud pesan-pesan
saking leluhur ingkang dadosaken pepali supados beten nindakaken menapa ingkang
dados pepalinipun, pepali menika ugi saged awujud dhaharan, tindak-tanduk
angenipun micara lan sapanunggalanipun.
Wonten
upacara-upacara menika gadhah pepalinipun piyambak semanten ugi upacara saparan
wonten ing Gamping, pepali wonten saparan menika ingkang sepisan wonten ing padamelan
sesajen manten Bekakak, sesajen wonten manten Bekakak beten angsal reget, kedah
suci ingkang damel beten nembe menstruasi saha ingkang damel menika saking
keluarga turun-temurun. Ingkang angka
kalih menika wonten ing upacara Sugengan Ageng Ki Juru Pakuncen kedah siam
mutih tiga dinten saderengipun kirab. Lajeng wonten ing upacara menika kedah
wonten Cerutu, Jenewar, Impling utawi Candu, Jadah Bakar, Rondo Kemul amargi
dhaharan menika dados simbul saking remenipun Ki Wirosuto. Menawi wonten ing
Sugeng Ageng kedah wonten Tawonan ingkang dados dhaharan ingkang dipunremeni
kaliyan Sri Sultan HB I saha menawi masarakat menika beten angsal ngangge
ageman werninipun ijem amargi dadosaken sami kaliyan Kanjeng Ratu Kidul saha
beten angsal mendet watu saking bekas Kraton Ambarketawang. Menawi sedaya
pepali kala wau dipuntindakaken samangkih dados bebaya awujud sial, sakit lan
sapanunggalanipun saking sinten kemawon ingkang nindakaken pepali menika. Pepali
ingkang betendipun tindakaken menika supados boten wonten alanganipun saha
angenipun mbeleh Bekakak dados lancar kangge panitia menapa masarakat ingkang
ningali. Pecaya beten percaya amargi pepali menika dados pager kangge sinten
kemawon beten namung Saparan Bekakak, supados tiyang menika saged menghargai marang menapa mawon.
BAB III
MAKNA SIMBOLIK
Kebudayaan sejarah Jawa tasih dipunlacak
perkembanganipun, amargi sami dipuntaliti kaliyan sinten kemawon ssaking
pirantinipun, lokasinipun saha paninggalan- peninggalan jaman purba. Panaliti
menika guna kangge arsip budaya jawa ingkang tasih eksistensi wonten ing jaman samenika.
Simbul inggih menika unsur penting
wonten ing pagesangan masarakat. Manungsa menika damel simbul kangge kebetahan berkomunikasi saha dados media perantara, amargi
satunggaling unsur penting wonten basa. Tanpa basa manungsa saged dados rekasa
angenipun gineman, amargi basa dados
satunggaling media kangge gineman. Pagesangan manungsa menika beten tebih
saking simbol, manungsa menika ugi damel simbol kangge menawi wonten wigati
angenipun pagesangan.
Simbol menika dados piranti basa
kangge penjelas menapa kemawon,
kajian simbol menika satungaling kabetahan angenipun krisis pamikir manungsa
wonten ing jaman samenika. Kajian simbolisme wonten ing kabudayaan manungsa
dipunmaksud kangge cara ninggali kabudayaan saking paduan, metode, bahan, data,
saha pamikiripun tiyang.
Simbol ugi dipunbetahaken wonten ing
ritual-ritual tradisional kangge sarana komunikasi religius. Sami kaliyan
tradisi Bekakak wonten ing Gamping Yogyakarta ingkang gadhah unsur-unsur utawi
makna ingkang asring dipunpahami masarakat umum.
1.
Unsur-unsur
wonten ing upacara Bekakak ingkang gadhah makna
a. Gedang
Raja Pulut
Makna utawi simbul kangge masarakat umpami wonten ingkang angsal gedang
menik dados akrab angenipun kekancan saha supados raket amargi kaya pulut ingkang
raket.
b. Tumpeng
Langgeng
Makan sutawi simbul kangge sinten ingkang angsal tumpen menika dadosaken
lancar angenipun makarya, saha rijrkinipun sae beten wonten alangan menapa
kemawon
c. Ketan
Gadhah makna utawi simbul supados arwah para leluhur menika cedhak
kaliyan Gusti ingkang Maha Agung saha dipunampuni dosa-dosanipun.
d. Kolak
Gadhah makna utawi simbl supados dipunsingkiraken kaliyan bebaya
ingkangbeten sae
e. Apem
Gadhah makna utawi simbul kangge ngirim donga dumatheng paa leluhur,
supados arwahipun sekeca
f. Sego
Golong
Gadhah makna utawi simbul kangge masarakat utawi kelompok supados gadhah
tekad ingkang kiyat, dadosaken cita-cita kalampahan sedaya
g. Tukon
Pasar
Gadhah makna utawi simbul kangge njangkepi sesajen
h. Clupak
Gadhah makna utawi simbul menawi sesajen menika sampun kalampahan, dados
pagesangan menika luwih sae
i.
Boneka Manten Bekakak
Gadhah makna utawi simbul kangge pralambang supados manungsa ingkang
padamelanipun pados watu beten wonten ingkang dados tumbal malih
j.
Genderuwo saha Wewegombel
Gadhah makna utawi simbul danyang ingkang jagi Gunung Gamping
k. Doro
ingang wernipun cemeng
Gadhah makna utawi simbul pralambang pagesangan manungsa ingkang saking
Gusti dumugi Gusti malih
l.
Kain Bangun Tolak
Gadhah makna utawi simbul kangge nolak bebaya menapa mawon
m. Gedang
Raja saking para ulama
Gadhah makna utawi simbul kangge pralambang nolak bebaya elek saking
Gunung Gamping
n. Doro
sawangan
Gadhah makna utawi simbul pralambang menawi mireng doro engkang sawangan
menika doronipun Kyai Wirosuto, dados pratanda menawi Gunung Gamping menika
badhe wonten alangan.
2.
Konsep
Slamet Wonten Upacara Tradisi Bekakak
Miturut Koentjaraningrat,
slamet inggih menika keadaan pristiwa ingkang beten beten wonten alanganipun
saha lancar angenipun acara, saha beten wonten alangan kangge Dusun ugi sinten
kemawon. Slamet menika ugi kangge slameting raga sukma supados beten wonten
ingang ganggu raga sukmanipun. Ananging konsep slamet wonten ing tradisi
Bekakak menika ancasipun kangge nyelameti masarakat ing Gunung Gamping supados
dipunlancaraken angenipun pagesangan saha saged dipungampilaken angenipun
makarya.
Slametan wonten ing
Tradisi bekakak rikala jaman rumiyen kangge simbol menawi trisna Ki Wirosuto
marang Sri Sultan HB I. Ananing wonten
jaman samenika Tradisi Slametan Bekakak menika minangka tolak bala masarakat
supados beten dipunganggu kaliyan demit utawi dayang ingkang wonten ing Gunung
Gamping. Saha Tradisi menika dados produk wisata kangge turis menapa masarakat
sanesipun. Saehengga mbeleh bekakak wonten ing Gunung Gamping menika dados upacara
Tradisonalipun tiyang Gamping. Naning simbol-simbol wonten Tradisi Bekakak
menika tasih beten owah saking aslinipun saha nilai-nilai budaya menika supados
saged dipunmangertosi sinten kemawon.
Dokumentasi
Manten Bekakak
Sesajen Bekakak
Sesajen Bekakak
Sesajen Bekakak
Sesajen Bekakak
Kirab Bekakak
Kirab Bergodo
Kesenian Kirab
Kesenian Kirab
peserta bekakak
Peserta Kirab Bekakak
Gendeuwo lan Wewegombel
Genderuwo
Prosesi mbeleh bekakak
Prosesi mbeleh bekakak
Prosesi mbeleh bekakak
Peserta Kirab Bekakak
Daftar Pustaka
Endraswara,
Suwardi. 1996. Tantangan Penanaman Budi Pekerti Melalui Gugon Tuhon.Yogyakarta
: FPBS IKIP YK.
Herusatoto,
Budiono. 2001. Simbolisme Dalam Budaya Jawa. Yogyakarta :Hanindita.
Koentjaraningrat.
1990. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta : PT. Rineka Cipta.
______________
1994. Kebudayaan Jawa. Jakarta : Balai Pustaka.
Shaw,
Harry. 1972. Dictionary of Literary of Terms. New York : McBraw-Hill Book
Company.
Soepanto,
dkk. 1991/1992. Upacara Tradisional Sekaten DIY. Yogyakarta:Depdikbud.
Tashadi.
1992/1993. Upacara Tradisi Saparan Daerah Gamping dan Wonolelo DIY.
Yogyakarta
: Depdikbud.


















