SESORAH
ADAT
Bismillahirrohmaanirrohiim
Asalamualaikum Wr.Wb
Kawilujengan kasarasan tuwin sih saking
ngarsanipun gusti allah ingkang maha asih ,mugi kajiwa kasalira dumateng kita
sedaya ,amin
Alhamdulillahi Rabbil ‘Alamin
Asyhadualla ila ha ilalloh wa
asyhaduanna Muhammadarrasullah.
Tasyakuran sepekenan bayi inggih
aqiqohan anak bagus (Yoga anggara) putranipun bapak saha ibu (yudha rismanto)
wonten Dagen Rt 04 Rw 25 Kalurahan Sidoarum
Kecamatan Godean kutha Ngayogyakarta Dinten Kamis Kliwon, surya kaping 18
juni warsa 2017
Para sesepuh, para pinisepuh saha para
tamu kakung miwah putri ingkang kula bekteni. Kula minangka pambukaning adicara
ing siyang punika . mangga kita sedaya
tansah angonjukaken puja astawa puji astute raos syukur wonten ngarsa dalem
Allah SWT, dene ing wekdal siyang punika kula lan panjenengan sedaya tansah
pinaringan kasarasan, kekiyatan, sami saged rawuh wonten ing dalemipun Bapak
saha Ibu (Yudha Rismanto) ingkang ing wekdal punika ngawontenaken tasyakuran
sepekenan bayi inggih aqiqohan putranipun jaler , pun anak bagus (Yoga Anggara)
ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten/ sapasar ing
kalenggahan punika.
Shalawat saha salam kita aturaken wonten
ngarsanipun Nabi Muhammad SAW minangka rahmatan lil’alamin , para kaluwarga lan
para pandherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi pupating jaman.
Para tamu kakung saha putrid ingkang
winengku ing karahayon, kula badhe ngaturaken menggah urut-urutaning lampah
adicara tasyakuran aqiqoh ing siyang punika,
inggih minangka :
purwakaning adicara inggih punika
pambuka.
ingkang kaping kalih inggih waosan ayat
suci Al Qur’an
titilaksana ingkang kaping tiga inggih
punika atur pambagyaharja
ingkang angka sekawan inggih Pengaosan
ingkang angka gangsal inggih punika
donga wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma
kaping nenem inggih adicara sepekenan
bayi inggih aqiqoh.
Ingkang
pungkasan panutup
Mekaten menggah reroncening adicara
tasyakuran aqiqoh lairipun anak bagus (Yoga Anggara)
Mangga kita wiwiti
pambuka kanthi maosan basmallah sesarengan: bismillah kula derekaken “bismillahirrohmanirrohim”.
Mugi-mugi kanthi kita wiwiti nyebat asmanipun Gusti Allah, gesang kita tansah
kinasihan Gusti Allah lan tansah pinaringan rejeki ingkang kathah saha berkah….
Amin
Adicara ingkang angka
kalih inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an kalajengaken saritilawah ingkang
dipunsarirani “bapak” Wahyu Laksana saha “sedherek” kula sumanggakaken,
sumangga.
Mugi-mugi kanthi
dipunpurwakani firman-firmanipun Allah, titilaksana tasyakuran punika tansah
manggih wilujeng lan tansah pikantuk
berkahing Gusti ingkang Maha Asih.
Adicara kaping tiga
inggih punika atur pambagyaharja ingkang dipun sarirani “bapak” Yudha Rismanto
, jumenengipun jinajaran panjenenganipun bapak riyan aji lan bapak fari puji
Katur panjenengan bapak Yudha Rismanto, kula sumanggakaken, sumangga ,
maturnuwun.
Wosing gati ingkang sami kita tengga
sampun dumugi, adicara ingkang kaping sekawan inggih punika pengaosan aqiqoh
ingkang kaandharaken saha dipunsarirani panjenenganipun bapak Al-Ustad Rafly
Yunanto saking Purwakarta Wondene sampun karaos cekap lan paripurna anggenipun
paring andharan, kalajengaken waosan donga utawi puji pandonga raharja, saha
tigas rikma anak bagus (Yoga anggara). Wekdal sacekapipun kula pasrahaken bapak Ustad, katur panjenengan Bapak
Ustad Rafly Yunanto kula sumanggakaken,
maturnuwun.
Para sesepuh, para
pinisepuh saha para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing karahayon. Amargi
tansah pikantuk rahmat , hidaah saha berkah saking Allah SWT, tasyakuran
sepekenan bayi inggih aqiqoh anak bagus (Yoga Anggara), wiwit purwa, madya lan
wasana tansah kalampahan kanthi rancak lan runtut . karana titilaksana
lumampahing pawiwahan lan pahargyan sampun dungkap , mila keparenga kula
minangka pambiwara badhe nyuwun pangapunten menawi wonten kakirangan angenipun
kula matur saha solah bawa kula ,kula nyuwun agungung samudra pangaksama .
Wasalammualaikum
Wr.Wb
