Kidang Kencana
Prabu
Dasamuka iku raja ing nagara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna,
Wibisana, lan Sarpakenaka. Prabu Dasamuka lan Kumbakarna iku wujud raseksa.
Wibisana wujude satriya bagus, Sarpakenaka wujude buta wadon.
Sawijining
wektu Sarpakenaka kepranan kabagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Satriya
loro kuwi putrane Prabu Dasarata ing nagara Ayodya. Sedulur tunggal bapak ibu.
Satriya loro iku ora nglanggati katresnane Sarpakenaka. Sarpakenaka malah saya
nggoda Raden Laksmana, karepe supaya ditresnani.
Raden
Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipuntiri nganti pothol. Sarpakenaka
ngigit-igit ing ati, banjur wadul kakange, “Kakang, ana satriya loro saka
Ayodya ngruda peksa aku,” Sarpakenaka ngusun karo ngatonake irunge. Sarpakenaka
pancen seneng ngapusi.
“Kowe
rak malah seneng ta menawa ana satriya sing gelem karo kowe?” wangsulane
Rahwanasareh. Wangsulanku gawe Sarpakenaka jengkel. Sarpakenaka ngetog pikirane
supaya “Kakang, kowe biyen rak kedanan karo Dewi Widowati? Mau aku weruh
panjelmaane Dewi Widowati ana alas Dhandaka, jenege Dewi Sinta, bojone Rama,”
kandhane Sarpakenaka.
Prabu
Rahwana nampa ature Sarpakenaka. Abdine kang aran Kalamarica kadhawuhan mbeda
dadi Kidang Kencana. Bakal kanggo maeka Raden Rama lan Laksmana, supaya Dewi
Sinta bisa kadusta.
Nalika
lagi lungguh sakloron ing sangisore wit sing ngrembuyung, Sinta weruh kidang
werna emas liwat. Pancen apik tenan wernane kidang iku. Sekala Sinta kesengsem
marang kidang emas iku.
“Kakangmas
Rama, sae sanget kidang menika. Menapa Kakangmas kersa nyepeng kidang menika
kangge kula?” panjaluke Sinta.
“Laksmana,
tulung tunggonen Mbakyumu Sinta. Aku bakal nyogok playune kidang kae,” welinge
Rama marang adhine.
Laksmana
lan Sinta lungguh ing sangisore wit ngenteni tekane Rama. Suwe dheweke
ngenteni. Rama ora ana teka. Dumadakan Sinta rumangsa sumelang.
“Yayi,
dak jaluk, lungaa lan golekana Kangmasmu Rama!”
“Saka
ngendha keprungu ana wong sing ngrintih njaluk tulung.”
“Laksmana,
kowe krungu kae? Aja-aja kae swarane kakangmas Rama.”
“Kakangmbakyu Sinta, sampun kuwatos. Menika sanes swantenipun kakangmas Rama. Boten badhe
wonten tiyang ingkang saged damel tatu dhateng kakangmas Rama. Panjenenganipun
temu badhe kondur ngasta menapa ingkang panjenengan kersakake,” ature Laksmana.
“Laksmana,
kok bisa-bisane kowe meneng wae kamangka kakangmu ora enggal kondur saka
anggone beburu! Apa kowe ngalab kakangmas Rama seda lan kowe bisa ngepek aku?
Ora bakal, Laksmana!” panggetake Sinta. Laksmana kaget marang pandakawane
Sinta.
“Kakangmbakyu,
kula boten ngajab kakangmas Rama seda. Kejeng sanget pandakwa kakangmbok Sinta.
Inggih Kakangmbok, kula damelaken bunderan ing siti menika. Kakangmbok kula
suwun jumeneng ing salebeting bunderan menika sampun ngantos medal saking
bunderan menika,” ature Laksmana.
Nalika
ngenteni tekane Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Wong wadon tuwa
iku ngerteni menawa Sinta trenyuh, banjur mlaku nyedhaki Sinta. Nanging nalika
wong wadon ora bisa mlebu bunderan kuwi.
“Oh,
Putri, aku weruh ana kembang mlathi disumpingake ing rambutmu. Apa aku oleh
ngepek kembang mlathi sing endah iku?” panjaluke wong wadon tuwa iku.
Sinta
banjur menekahake mlathi sing ana rambute. Sinta ngathungake tangané marang
sanjabane bunderan. Wong wadon tuwa iku ora mung njupuk kembang mlathi nanging
uga ngepret tangane Sinta metu saka bunderan. Sinta njerit. Jebul wong wadon
tuwa iku Prabu Rahwana. Rahwana banjur nggayuh cebakakan. Dewi Sinta digawa
dening Rahwana menyang Alengka. Ing sadalan-dalan Sinta mbuang supaya bisa
ditulungi.
Dumadakan
Rahwana diserang manuk garudha. Serangane iku gawe Sinta meh niba. Kanthi
trengginas manuk iku nyathok awake Sinta.
“Putri,
nami kula Jathayu. Kula mireng panjerit paduka saking katebihan,” ature manuk
iku. Oh, Jathayu banget gedhe panuwunku,” kandhane Sinta.
Jathayu
nandhang tatu. Sadurunge mati ninggal weling marang Sinta.
Putri,
paduka pun dhuhut salembar wulu ing awak kula. Benjing badhe migunani kagem
paduka! Mangga, Putri! Jathayu ngrintih.
Sinta
banjur nuruti ature Jathayu. Sinta banjur njabut saleler wulu saka awake
Jathayu. Nanging ora suwe sawise Sinta njebol wulu mau, Rahwana nyamber awake
Sinta, Sinta digendhong meneh lan digawa lunga menyang Alengka.

