Type Here to Get Search Results !

Karangan Dheskripsi Bahasa Jawa MTs/SMP

 

        Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yaiku karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia 
(2005 : 258) ngandharaken menawi deskripsi menika andharan utawi nggambarna kanthi tembung – tembung kang jelas lan tarwaca.

  Deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.





  Deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung – tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana, lan kadadean. Ancas utawa tujuan kiye supaya kaya- kaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis.

Karangan Dheskripsi Iku Sawijinging Bab Kang Bisa Di Tampa Dening Pancaindra. Kaya Jinise Karangan Liyane, Karangan Dheskripsi Digawe Saka Tema Lan Gagasan Pokok. Kajaba Iku Karangan Dheskripsi Uga Ditulis Kanthi Sipat Objektif, Subjektif, Lan Saka Sudhut Pandhang Pengarange.






Supaya Bisa Luwih Gamblang Anggone Mangerteni Karangan Dheskripsi Babagan Pariwisata, Siswa Kudu Ngugemi Paugeran Nyemak. Nyemak Ora Mung Waton Ngrungokke Mawon, Ananing Kudu:
  1. Siswa Nengenake Bab Kang Disimak Utawa Nyawiji Nalika Nyemak;
  2. Ngeling-eling Paprincen Saka Wacan Utawa Swara Kang Disimak;
  3. Nyathet Bab-bab Utawa Perangan Kang Wigati;
  4. Niti Priksa Lan Mbandingake Pamanggih Lan Gawe Dudutan;
  5. Nyoba Gawe Swasana Anyar Saka Apa Kang Disimak




Maca Karangan Dheskripsi lan Mangerteni isine:
  1. Swara, Kalebu Pelafalan, Lan Pengucapan Kudu Cetha
  2. Cendhek Dhuwure Swara (Intonasi)
  3. Pasuryane Nalika Maca Kudu Jumbuh Mendat Mentuling Swara Karo Swasana Lan Isine  Karangan
  4. Nyepakake Piranti Kanggo Nyathet Bab Kang Wigati Saka Isine Karangan



Micara Babagan Karangan Dheskripsi:
  1. Maca Karangan Saka Wiwitan Nganti Rampung
  2. Ngandharake Isine Kanthi Swara Kang Cetha , Lafal, Lan Pengucapane Uga Cetha
  3. Anggone Medharake Isine Karangan Kudu Nggatakake Gagasan Pokok Kanthi Runtut
  4. Nggatakake Sikep Sarira, Patrap, Lan Pasuryane 
  5. Prelune Micara Ora Kena Kecepeten Utawa Alon Banget





Supaya Bisa Nulis Karangan Kudu Akeh Olehe Maca Lan Nyemak Samubarang Sumber Kawruh, Minangka Kaprigelan Basa, Nulis Iku Kudu Asring Digladhi. Umpamane Gladhen Nulis Bisa Awujud Status Ing Madhiya Sosial Intagram, Facebook, Blog Pribadhi, Website, Tiktok Lan Sapanunggalane.

Lumantar Madhiya Kasebut, Mesthine Bakal Ana Panyaruwe Saka Pamaca Marang Kang Di Tulis, Kabeh Panyaruwe, Bisa Dadi Sarana Kanggo Ndandani Apa Sing Isih Kleru.

  1. Gawe Rancangan Utawa Kerangka Karangan
  2. Milih Objek Kang Narik Kawigatenmu, Umpamane Papan Wisata Sing Nate Koktekani
  3. Nyathet Perangan-perangan Kanthi Peprincen Satemah Bisa Nuwuhake Maneka Indra Kang Ana, Kalebu Rasa Kang Nabet Njeroning Ati.
  4. Nulis Karangan Dheskripsi Adhedhasar Cengkorongan
  5. Nulis Ing Kertas/ Buku Tugas Banjur Ditlesih Maneh Bab, Ejaan, Tanda Baca, Tembung, Ukara, Utawa Paragape
  6. Karangan Wujud Ketikan Bisa Diunggah Ing Cloud Drive Utawa Blog Pribadi



5W+1H

  1. What (apa) yaitu unsur yang memberitahukan mengenai peristiwa apa yang terjadi dalam pawarta
  2. Who (sapa) adalah unsur yang menjelaskan mengenai paraga/ pelaku dalam pawarta tersebut. Paraga dalam unsur ini bisa saja seperti saksi, pelaku dan juga korban. Dalam penulisan ini, biasanya akan dijabarkan secara detail mengenai ciri dari paraga tersebut seperti umur, jenis kelamin dan sebagainya.
  3. When (kapan) akan menjabarkan tentang waktu terjadinya sebuah peristiwa dalam berita. 
  4. Where (ana ngendi) menjelaskan mengenai tempat kejadian peristiwa itu berlangsung
  5. Why (kenapa) memberitahukan kepada pembaca mengenai penyebab terjadinya peristiwa itu terjadi.
  6. How (kepiye) adalah unsur berita yang menggambarkan kronologi peristiwa itu terjadi.












Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.