BAHASA JAWA
Sumangga:
Keno Covid
(Amira Azaria. X MIPA 3)
Ing sawijining dino tahun 2020 sasi Desember. Aku lan sakeluarga keno covid. Awale bapakku sing keno lan di rawat ing rumah sakit. Pas krungu kabar kuwi aku krasa sedhih banget, wedi yen kahanane bapakku tambah parah. Akhire aku lan ibukku tes swab nang puskesmas. Pas giliranne aku di swab, rasane loro banget, aku dadi trauma di swab meneh. Sawise rampungan, aku lan ibukku mulih ng omah lan isolasi mandiri. Tangga tangga ku padha reti lan apikan banget,dhewekke menehi panganan kanggo aku lan sakeluarga.
Sedina sawise hasil tes metu, aku lan ibukku di rujuk nang bangsal isolasi Bantul kota. Direwangi udan deres tetep mangkat Nang bangsal isolasi sing wes diwajibke kanggo pasien covid. Sakwise tekan kono, jebule akeh pasien sing kena covid sing gejalane entheng kalebu aku lan ibuku. Fasilitas ing kono uga cukup banget. Saben esuk awadewe tansah nindakake senam esuk. Manggon ing kono cukup nyenengake, amarga kita uga entuk kanca anyar. Sakwise 1 minggu aku lan ibuku bisa mulih lan kahanane bapakku wis rada apik saka sadurunge. Sawetara dina sawise aku lan ibukku mulih, Alhamdulillah bapakku di entukke mulih. Akhire aku lan keluargaku iso kumpul maneh kaya biyen
Dadi Panitia Acara
(Anggita Valerina Y. X MIPA 3)
Ing dina Minggu taun 2022 aku dadi Panitia lomba anak desa antar masjid. Meh saben wengi aku rapat kanggo lomba kasebut. Aku dadi Panitia paling enom rilaka iku soale umurku durung ana 17 taun. aku grogi banget wedi ora ngerti apa apa, ing rapat iku aku kerep bengong karo ngerungokake wong wong sing ngomong. Kadang kala aku tekan turu neng kana amarga rapate tekan mbengi , banjur ditangikake kancaku.
Pas mlebu h-3 lombane malah diundur amarga durung ana persiapan sing mateng, diundur 3 dina kang arep teka. Aku seneng melu acara sing ana neng omahku amarga kui bermanfaat kanggo ngisi waktu luangku. Pas rapat aku ketemu akeh wong seng wis kuliah lan wis nikah, dheweke apik banget mulang akeh hal. Dheweke sempet nyeritakake pangalaman dheweke semasa sekolah. aku seneng banget amarga entuk akeh ilmu seka mbak mbak lan mas mas ing kana.
SATEKU ILANG
(Anisa Nur Isnaini. X MIPA 3)
Yen kelingan kedadean Iki aku rasane pingin guyu wae. Mbiyen naliko aku iseh nang griyane budheku, aku kerep tumbas sate seng lewat nang ngarep griyane budhe.
Sawijining dina, aku nunggu nang pelataran kanggo tumbas sate iku maneh. Bar aku tumbas, aku banjur melbu omah lan ngomongke Nana (anake budheku) yen aku tumbas sate. Aku melbu kamar kanggo nggletake kudungku Nang cantelan. Pas aku metu lan arep maem sateku, naliko tak bukak bungkuse lho ko Ra enek satene. Aku kelingan Yen mau pas melbu iseh ono satene. Banjur aku takon Nana
"na,sampeyan mau weruh sate ku ra?"
"lah,mau digowo marang sampeyan to satene?"
"la iyo iki,tapi ko ra ono satene, anane bumbu kari lontonge tok"
"pas sampeyan melbu kamar iku aku iseh weruh ko ono satene siji kan"
"ho'o tapi pas tak bukak ilang sateku" jawab ku karo nahan nangis
Bar iku aku lan Nana nggoleki sateku seng ilang iku, wes digoleki nang ndi ndi yo tetep ra ono.
"paling satemu digondol penghuni kene nduk" omong budheku karo nahan guyu
"ya Allah budhe, moso setan gelem njukuk sate? mbok dibelek e sateku to mbah" ujarku wes pingin nangis wae "lah kwi ono kucing, cing kowe yo seng njukuk sateku?" takonku ra jelas marang kucing seng iseh turu.
Bar iku aku krungu Nana guyu kepingkel-pingkel karo nunjuk gorden lawang, banjur aku niliki opo seng ditunjuk Nana, jebul nang kunu ono sateku seng iseh cemantel kontal kantil nangg gorden. Aku, Nana, lan budhe geguyu iku ngasi wetengku loro.
"ya Allah, kok sateku iso nang kene, tiwas wes seudzon karo setan lan kucing,malah kecantel nang kene"
KARPET
(Dyah Aufa Ika Ramadhani S. X MIPA 3)
Dinten minggu ba'da simaan Quran kulo didawuhi nyuci karpet musala kalihan Bu Nyai, Karpet mushola kui mau cacahé ono 5,lha sek nyuci kui Meng cah 7 seng wong e cilik-cilik ( ono sing kelas 8 ono sing kelas itu 7 kelas 10,paleng gede gur 1). Nggowo seko Pondok tekan kali kui nganggo Pit e cah cilik-cilik ( tapi Neng Pondok yo ono Motor) pas karpet e di tumpak ke neng Pit eh malah pit e sih ambruk. Pas tekan kali karpet e ditibake seko nduwur tekan ngisor, Pas tak tangkap kok ono sing mluncat mluncat tak tilik i kok ternyata udang. Aku ngomong karo mbak² e "Mbak, mbak tingali jal… Kulo nemu udang" tp mbak² e ra percoyo " neng kali kok ono udang" banjur tak jipuk ke udang e njur tak wiruh ke mbak²e njur percoyo. Pas lagi nyuci, ternyata sek nyuci gur cah 3, sek cah cilik e nggolek udang, iwak, yuyu karo keong, ehh jebul ono mbak² e sek nyusul amèh ngrewangi. Aku melu nyusul cah cilik golek² iwak, ternyata le nggolek ke balasan tekan panggonane cah putra, akhire awak dewe munggah amèh jajan banjur wangsul.
Pengalaman Numpak Rollercoaster
(FADHILAH BARKAH ALRAJABI. X MIPA 3 )
Ing sawijining dina Minggu, aku menyang transmart karo adhiku lan sedulurku. Budal jam 12.00, sakderengipun sampun sholat dzuhur wonten ngomah. Lan kita menyang transmart nganggo gocar. Lan kita teka ing transmart. Tengen ing lawang mlebu ana robot transformers, bangunan miniatur, toko.
Ing kana kita langsung mudhun kanggo tuku barang-barang kebutuhan. Ing ngisor iki minangka papan kanggo kabutuhan. Ing kana kita tuku cukup akeh, sawise kabeh kabutuhan wis dituku kita langsung mbayar. Pembayaran ana ing lantai ndhuwur, sawise iku langsung menyang lantai loro (2) kanggo hiburan. Ing kana aku dolanan mobil, basket, lan liya-liyane. Sakwise kuwi aku lan adhiku numpak roller coaster. Sadurungé munggah aku ngemataké wong
-wong sing padha nunggang.
Lan sakwise antri, aku lan adhiku langsung numpak. Ing kono aku wiwit bungah, lan tunggangan wiwit mlaku. Nalika aku menek iku normal, nalika aku mudhun kita loro njerit wedi amarga cukup dhuwur. Kendaraan muter kaping pindho, sawise rampung aku diajak sedulurku mangan ing salah siji panggonan. Sakwise mangan langsung mulih, sak wise aku mudun barang-barang sing tak tuku mbiyen lan ditata rapi. Lan sawise iku aku turu, sadurunge turu aku bakal kelingan pengalaman iku
Metu Malam Minggu
( Desi Indriyana Q. X MIPA 3 )
Ing sawijining dina Setu bengi aku lan sekeluarga metu, amarga arep ndandani HP. Sakwise rampung ndandani HP, aku lan keluargaku banjur golek tujuan arep menyang ngendi.
Wiwitane mung mubeng-mubeng amarga ora ngerti arep menyang ngendi. Banjur kui aku lan sekeluarga mampir ing lapangan, yaiku Lapangan Karang Kotagede. Neng kono aku lan sekeluarga ndelok wong futsal, lan pesen panganan amarga padha ngeleh.
Banjur kui aku lan sekeluarga nunggu panganane teko, sakwise teko aku lan sekeluarga banjur mangan sambi ndelok futsal, nganti ora kroso nek wes entek. Banjur kui aku lan sekeluarga mulih, nanging jebule ora muleh neng ngomah, ning nginep neng omahe simbah.
Sakwise kuwi aku lan keluarga turu ing omahe Simbah amarga wis wengi. Banjur esuke aku diajak menyang pasar kanggo tuku kebutuhan pawon kanggo masak. Sawise rampung tuku kebutuhan, aku lan keluarga langsung mulih.
DOLANAN LAYANGAN
(Siti Mar'atu Fauziah. X MIPA 3)
Ing sakwinjining dino naliko kulo tasih alit kulo lan konco konco dolan ing ngomahku arep gawe layangan dinggo dolanan mengko sore, sakdurunge aku lan kancaku gawe layangaan, aku lan kancaku tuku bahan bahan ingkang kanggo gawe layangan,naliko baline aku lan kancaku lewat omah ingkang cedak kuburan sing duwe kirik,aku lan kancaku berusaha ben ora diuyak kirik nanging, kirik iku mau wes kadung metu nang ngarepan omahe sek due,banjur adewe diuyakk,nah untunge aku lan kancaku numpak pit,dadi iso rodo cepet,banjur niku aku lan kancanku tekan omah ku,banjur awake dewe gawe layangan bareng bareng.
Naliko rampung gawe layangan,aku laan kancaku lungo nang sawah arep ngunduh layangan,aku lan kancaku ndeleh pit nang cedak wit kambil, awake dewe lungo ninggal pit mau banjur dolanan layangan bareng, naliko dolanan layangan kancaku mau ngajak aku duwur duwuran layangan,nek ono sek luwih duwur dek ne sek menang, nahh aku lan kancaku saling setuju,naliko duwur duwuran layangan batinku "kok layangan ku dowo banget padahal benang e wes entek" banjur ra let sakwentoro kancaku mauu ngomong "fa, kae layangan mu pedot ndang di uyak" naliko aku nguyak layangan ingkang pedot mau aku kesandung sikilku dewe banjur tibo nang sawah,banjur kancaku nguyakke layangan ku,nanging ra let suwe gantenan nggone kancaku yo melu pedot layangane, aku lan kancaku wes kesel ndisik sakdurunge duwur duwuran layangan akhiire aku lan kancaku bali ng ngomahe dewe dewe.
Latihan Paskibra
(NurFaiz AriPutra. X MIPA 3)
Ing sakwijining dino,aku lan konco-konco arep padha daftar PAKIBRA utawi "Pasukan Pengibar Bendera",Aku lan kanca-kanca banjur latihan fisik dinggo persiapan SELEKSI PASKIBRA sakwise lebaran.Aku lan kanca-kanca padha latihan dinten senin,rabu,kamis,sabtu,lan minggu,Aku lan kanca-kanca padha latihan ing sekolahan lan lapangan sidoarum.Sak dereng e latihan aku lan kanca-kanca padha pemanasan,supaya ora ono kejadian seng ora-ora,sakwise pemanasan banjur jogging 800 m sakwise jogging aku lan kanca-kanca padha push up,sit up,lan pull up.sakwise latihan fisik aku lan kanca-kanca padha sarapan,sakwise sarapan aku lan kanca-kanca padha bali lan istirahat.
DOLAN NING OMAHE MUNIP
(Ibnu Aufa Habibullah. X MIPA 3)
Ing sawijining Dina, aku lan kancaku nginep ing omahe munip numpak motor. Banjur pas ning omahe munip, aku lan verda ditawani duren Karo munip. Aku lan verda mangan duren kui nanging durene Ono sing bosok banjur duren sing bosok iku Kula pangan, rasane ora enak banget amarga wis bosok. Banjur awakdewe dolanan game nganti jam 2 lan turu nganti jam 6.
Esuk esuk golek pangan lan mikir arep tuku pitik kanggo digoreng dewe, sakwise tuku pitek awakdewe Bali menyang omahe munip. Banjur pas tekan omahe munip awakdewe nggawe bumbu pitek goreng, banjur ayame digoreng. Pas wes Mateng awakdewe mangan pitek gorenge nanging jebule pitek mau durung mateng, isih Ono getihe pitek lan rasane aneh banget. Pranyata Yen arep nggoreng pitik kudu digodhog sek Ben pitik kasebut Mateng njero lan njobo. Kan pitik kui mung dipangan njawab ne tok, njerone pitik diparingi kucing supaya ora mumbadzir, sakwise kui aku lan verda milih Seko omahe munip jam 10.
KETEMU LONDO ING PASAR
(JENNY REVALIA. X MIPA 3)
Nalika umur ku 9 tahun aku lan kanca cilikku numpak sepur mini sing biasane liwat ing desa saben dina setu sepisan. Sepur mini mubeng menyang pasar Dekso Kulon Progo, tekan kana aku lan kancaku mlaku-mlaku mubengi pasar, aku lan kancaku tumbas jajanan saka sate bakso, cilok, lan liya-liyane. Teng mriko aku lan kancaku uga tuku panganan khas saka Kulon Progo yaiku geblek, ana sing isih mentah lan ana sing wis mateng. Sakwise aku terus mlaku-mlaku mubeng-mubeng pasar, ana uga tangga-tanggaku sing padha menyang pasar Dekso, uga tuku panganan lan barang-barang omah. Wektu kuwi jam 1 awan hawane panas banget nganti tenggorokanku garing, akhire aku lan koncoku tumbas es degan pas iku aku ndelok wong sing duwur, putih, irunge mancung, rambute pirang. Aku kaget weruh wong kuwi, aku lan kancaku nggatekake wong iki lan tanpa disadari wong kuwi marani aku pangonan ku dheweke takon, nanging nganggo basa sing asing ing kuping.
Aku lan kancaku mung meneng wae, ora ngerti omongane wong kuwi, banjur ngomong maneh karo ngelambaikan tangan karo ngomong "hai, hello👋". Ing wektu iku kita pancen wedi karo wong-wong mau, kita ngira wong-wong iku wong ala sing pengin nyulik ,akhire aku lan kancaku mutuske luga seko pangonan iku tapi pas arep luga ning kono ana tanggaku deweke uga pengen tuku es tapi dicegah ro aku, aku ngomong "mbk ojo tuku es ng kono, ng kono ono penculik" tanggaku bingung ndelok. ing bakul nanging ora ana sing curiga, mb e ngejawab "sg endi dek enggak ono kok" ,aku njawab "kae lo mb sg wong e duwur ,putih karo sg irung e mancung" .mb e sg krungu malah ngguyu banter aku lan kancaku bingung kok mb e malah ngguyu lan akhire mb ngejelaskake wong sing dhuwur, putih, pirang, irung mancung iki wong londo utuwo wong luar negeru sing lagi liburan ing Indonesia, neng kono aku lan kancaku mung kelingan nek wonge pancen wong londo sg mirip pas agi rekreasi ing borobudhur, akhire marani wong londo iku lan ngajak foto.
Lali Ngumbahi
(Khaela Ardhia R. X MIPA 3)
Saben dina sabtu kula sekolah mboten prei podo kaleh konco teng omh . Kula sekolah wangsul jam 3 . Mboten mesti wangsul jam 3 ngeh kadang kolo kula wangsul jam 5 sore . Eee mboten saget leren dinggo dolanan hp nopo delok tv kula wes enten tugas ing omh dikon nyuci baju sergama e kula lan seragam e mas ,
Ibuk:" nduk gek ngumbai seragam yo ndak sesuk ra
garing ".
Kula : " walah buk dereng leren pun diken ngumbai "
Ibul:" yo leren sek nduk , neng ojo lali maem yo "
Kula :" wehh mas wes wangsul saking kerjo buk "
Ibuk:" yo kono do ngumbai bareng yoo , ibuk tak
Leren sek , pengen dolanan hp koyo kowe "
Mas :" welah aku yo sayah e buk "
Mas : " ben adik wae le ngumbai dewe "
Kula : " weluh penak men kowe mas "
Mas :" yo rapopo pisan" ngumbai ngon ku "
Ibuk:" wes kono gek do gelud lapangan ne
Munpung selo "
Kula :" ora buk , yo wes kula wae le ngumbai "
Mas:" yo ngunu lo ket mau ki "
Kula :" lah mas ki penak men e , enggko mas le
Jerengi yo "
Mas : " aku arep budal ro konco ku e buk "
Ibuk :" lah kowe ki mas ngewangi adik sek to , lungo
Wae "
Kula : " astagfirullah mass budal wae , kula wae
Mboten dolan e"
Ibuk : " wis to rapopo dek enggko tak ewangi "
Kula :" shiapp buk "
Ee wes bengi jam 22.00 wae ki eee kula lali keturun e akhir e sampun di ngumbai ibuk , nanging kula ngeh ngewangi ibuk njerengi.
NABRAK KANCA
(Lanita Nurul H. X MIPA 3)
Ing dina esuk, ayahku mulang aku cara ngendarai montor. Alesanne amarga pengin aku dadi bocah kang mandiri lan ora gumantung marang wong liya. Ing dina ahad, aku ngajak kancaku dolanan muteri desa. Kita dolanan saka esuk, jam 7. Ing dina awan, kita kudu puter walik amarga salah jalan. Nanging aku durung diajarke carane puter walik, aku nekad njajal puter walik, nanging wektu puter walik, aku gas montore banjur nabrak kancaku.
Untung kancaku ora tekan tiba, mung oleng sathithik. Montorku tiba, banjur wektu ngangkat montor, aku ora sengaja gas maneh, montor anyar kui lecet. Untung ana warga ngrewangi kita. Warga kuwi mau menehi ngerti ayahku nek aku bar tiba. Aku mulih banjur mlebu kamar lan ethok ethokan turu. Ayahku mulih lan nakokake ing endi aku banjur ngomong ora bakalan nesu karo aku, mung khawatir karo kondisiku.
Melu Seminar
(Marissa Amellya Najya. X MIPA 3)
Ing sakwijining dina, aku lan kanca-kancaku melu seminar entrepreneur ing STIE YKPN Yogyakarta. Aku lan kanca kanca sedaya janjian ketemuan teng STIE YKPN. Aku dijemput kancaku, banjur aku mangkat gasik karo kancaku saka omahku jam enem esuk. Aku Karo kancaku boncengan numpak motor. Perjalanan teng mrika kurang luweh setengah jam, aku lan kancaku tekan lokasi jam pitu esuk. Sakwise tekan lokasi, aku langsung registrasi lan absen teng lobby. Banjur registrasi lan absen, aku karo kancaku nunggu kanca kanca sing liyane.
Sekwise wis kumpul Kabeh, aku lan kanca-kanca banjur mlebu teng lokasi seminar. Acara seminare meriah banget. Pesertane ana 2000an cah cah sekolah lan mahasiswa saking Sleman. Pemateri seminar entrepreneur iku diisi kalih Bapak Syafi'i Efendi saking Medan. Syafi'i Efendi iku wirausahawan muda sing sukses. Ing acara seminar, Bapak Syafi'i Efendi nyritakke tentang Lika liku urip e beliau. Mbiyen, pas ning bangku kuliah Syafi'i Efendi di tokke saking universitas. Nalika ana ing pawiyatan luhur, dheweke kapilih dadi Ketua Jambore Pengusaha Asean.Ing wektu iku, dheweke wis wiwit dadi pembicara motivasi ing macem-macem panggonanAmarga sibuk bisnis, dheweke ora bisa ngrampungake pendidikan ing kampus. Sawise lulus saka kuliah, dheweke wiwit mlebu bisnis properti. Dheweke uga duwe sawetara universitas ing Indonesia.Aku banget inspirasi dening dheweke. amarga ing umur enom banget, dheweke wis dadi pembicara profesional nasional, pengusaha sukses, lan aktif ing organisasi.
Aku isih kelingan pesen saka dheweke ing seminar, Syafi'i Efendi menehi dalan kanggo kita sukses ing umur enom. ujare, yen kita pengin sukses mula kita kudu ngunggahake standar ing urip kita. Ana 10 cara kanggo ngunggahake standar urip sing diwenehake ing seminar kasebut. Salah sawijining cara sing diwenehake yaiku "in the zone". Yaiku mungkasi urip miturut omongane manungsa, nanging urip miturut pangandikane Gusti. Kita kudu miwiti ngowahi urip, yaiku kanthi meksa awake dhewe supaya bisa lan biasa.
Mekaten piwulang ingkang kula pikantuk saking seminar wirausaha kaliyan Bapak Syafi’i Efendi. Banget migunani kanggo urip mbesuk. Puji syukur kula aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, saged rawuh wonten ing seminar menika.
Mondok
(Munif Wicaksana Adiwijaya. X MIPA 3)
Ing wayah sore aku lan konco konco ameh mangan. Banjur aku golek lawuh, nanging kok anane mung endok siji. Banjur aku lan konco konco mangan sak anane wae. Endok siji karo segobsak nampan kanggo wong 5. Bengine aku lan konco konco banjur metu seko wilayah pondok, kanggo jajan bengi karo jalan jalan bengi ben ora bosen neng pondok terus. Nanging neng njaba gawe jantung "dag dig dug".
Esuk e aku lan konco konco mangkat ing masjid kanggo nindakake shalat 2 rakaat, sing jarene ganjarane sak dunyo sak isine. Bar kuwi aku banjur subuhan, bar kuwi aku ngaji lan apalan Al-Quran. Bar kuwi aku adus, mangan, lan siap siap mangkat sekolah. Nanging kabeh kuwi insyaallah ana hikamahe.
Patah Tulang
(Nafisa Nur Rokhimah. X MIPA 3)
Ing sawijining dina, aku lan kaluarga arep menyang Klaten. Nanging sadurunge iku ibu kudu nyambut gawe luwih dhisik ing pasar saengga aku melu ibu dhodholan. Dene bapak, mas, lan adhi wis luwih dhisik menyang Klaten. Sawise ibu rampung nyambut gawe aku ngajak menyang ing Klaten, banjur ibu ngendika "ibu ngantuk, ngaso dhisik sedhela ya", nanging aku kekeh ngajak, dadi gelem ora gelem ibu nuruti.
Akibat keegoisanku dhewe, wektu wis arep tekan tujuan aku lan ibuku ngalami kacilakan amarga ibu ora bisa nahan kantuk lan kesel e, saengga aku patah tulang ing perangan sikil. Akeh uwong ngrewangi kita, lan kita mutusake kanggo nerusake perjalanan. "Bu sikilku patah", ucapku marang ibu, nanging ibu durung percaya karo apa kang aku ucapke. Tekane ing griya (Klaten) ibu mriksa aku, bener kahanan sikilku bengkok alias patah. Aku gage dilarikan menyang griya sakit paling cedhak, lan kudu di operasi.
Mudik
(Maida Bernessa Helga Jelita. X MIPA 3)
Tahun 2022 pas preinan sekolah,kulo bali menyang Blora nemoni simbah.Kulo menyang mrana karo bapak, ibuk,bulek,pakdhe lan om.Kulo lungo sawise magrib.Nailiki kulo lagi budhal keprungu adzan isya banjir mampir ing masjid ing solo.
Perjalanan saka jogja menyang blora kurang luwih 8 jam.Pas wes jam 10 kulo lan keluarga golek pangan akhire golek panggon mangan ning pinggir dalan.Kulo tekan blora kira-kira jam 2 awan lannwes dienteni simbah seko sonten.Tekan kono kulo langsung turu.Subuh kulo tangi langsung jupuk banyu wudhu lan shalat berjamaah ing ngomah.Sakwise shalat subuh kulo,bapak lan ibuk mlaku-mlaku lewat sawah,hawane seger.
Banjur kulo bali lan nyiapke panganan,bar kuwi kulo lan keluarga mangan bareng.Banjur sawise mangan rampung ngenteni sawetara jam kulo langsung adus.Kulo sawise rampung adus banjur ngobrol karo simbah.Wektu awan bulek mulih seko ngajar banjur nukokke pangan ngo kulo lan keluarga.Bulek gawakke peyek akeh banget kanggo sedulur ing jogja.Banjur bar shalat dhuhur kulo,bapak lan ibuk mulih jogja.
Kulo nglewati dalan sing rusak-rusak lan ngliwati jurang-jurang.Dalane sepi banget,opo meneh wayah bengi dalane ora katon amarga ora ono lampu.Sawise ngliwati dalan sing rusak-rusak akhire liwat dalan sing apik.Banjur mampir masjid shalat ashar.Kulo ning dalan turu amargi kesel.Banjur golek panggonan sing cocok kulo mampir.Kulo tekan jogja pas magrib bar kuwi kulo langsung adus.
Swara Seko Lantai Nduwur
(Qanietta Syifa S. X MIPA 3 )
Ing sawijining wengi sawise shalat isya,aku mlaku nang asramaku. Aku ndekeke mukenaku ing jero kamarku. Aku lan konco koncoku resik resik kamar lan asrama.Sawise kui aku mlaku nang kolah arep raup, nyikat untu,lan resik resik sadurunge turu.
Mlebu nang kamar aku,konco koncoku,lan kakak kelas siap siap ndongo sakdurunge turu. Salasatungaling kakak kelas pesen supaya kita sregep ndogo lan maca al mulk sakdurunge turu neng niate aja karang men ora diganggu demit namung niate karna Allah. Banjur aku lan konco koncoku turu nang dipane dewe dewe.
Watara jam 02.00 aku ngelilir dewe,lan konco koncoku ijeh turu. Banjur kok aku koyo krungu wong mlayu lan wong nyeret ember nang lantai duwur ,dene lantai nduwur ki pangonan njemur klambi. Tak rungok rungokake swara wong mlayu mau pindah nang tangga cerak kamarku. Aku nyoba nutup mripatku supaya isa turu maneh. Swara mau ana nganti swara murotal diuripake,sekitar jam 03.00 mbengi.
Ing dina esok aku mangkat sekolah lan crita karo koncoku. Jebulane ora meng aku sing krungu swara wong mlayu lan wong nyeret ember nang lantai nduwur. Banjur konco koncoku takon kalih ustadzah asrama menapa ana swara kui. Jawabane ustadzah nanggapi critaku lan konco koncoku yaiku,”Swara swara mengkono bener anane opo meneh kui pangonan njemur klambi,nanging aja wedi amarga kui ora padha nganggu lan ora sah kuatir.”
PERJUANGANE UNTUKU
(WulangRaya wirulathi. X MIPA 3)
ing dinten minggu pas umur 8 tahun aku melu lomba pitulasan agustus karo konco-koncoku,sing dianakke ing lapangan ndesoku. neng kono okeh banget lomba sing dianakke,lan ngelebokne paku ing botol,njipuk koin sik ditancepke ing kates trs dinei oli,njeblokke balon nggo bando sik uws dinei jarum lan maem kerupuk.
sakdurunge melu lomba aku lan konco-koncoku ndaftar ning nggone panitia sek ngurusi lomba,sakwise kui aku nunggu giliran karo disambi ndelok i konco-koncoku sek lagi lomba,aku ngguyu banter amergo ndelok koncoku sek lagi njupuk koin seko kates sek dinei oli dadine rupane kancaku ireng kabeh amergo gupak oli.
ora let sui akhire giliranku kanggo lomba,ndisik e aku lomba ngelebokne paku ing botol,jebul ora podo karo sek tak bayangke utawa angel banget,nah ws rampung bar kui aku melu lomba maem kerupuk,pas aku uws mulai nyokot kerupuk e kui jebul krupuk e ws mlempem lan alot.tapi aku terus lanjut lan tak pekso nggo nyokot kerupuk kui lan akhire untuku rasane loro lan metu getihe sitik tapi aku ora nyerah amergo aku pengen menang,akhire ora sue kui untuku langsung tugel terus nangis lan mandek melu lomba banjur bali.
Tanding Taekwondo
(Refina Aprillia. X MIPA 3)
Sawijining dina Minggu, aku melu tanding Taekwondo ing stadion Among Raga. Aku diterke bapakku seko ngomah jam setengah 6 lan tekan Stadion jam 6.
"Pak, kula nyuwun pamit!"
"Yo, fokus wae karo pertandingan, Bapak langsung mulih wae ya?" Bapakku langsung mulih amargo bapak arep ngewargi ibuku jahit.
Aku langsung mlebu stadion, tekan stadion aku langsung nyelehke tas sing isine perlengkapan tanding ning tribun.
" Saiki Pemanasan ing lapangan" ujare Sabeum.
Aku langsung mudhun menyang lapangan kanggo pemanasan karo kanca-kanca. Suwene 1 jam aku pemanasan, sawise iku aku munggah hing tribun meneng kanggo ngaso karo ngentem urutan tanding. Pirang-pirang jam aku ngenteni pertandingan akhire aku tanding, aku langsung mudhun ning lapangan karo nggawa peralatan tanding.
"Mengko pas tanding tetep fokus, eling apa sing diomongke Sabeum. Coba bayangke yen musuhmu iku wong sing ora kowe senengi" ujare sabeum karo nepuk Pun dhakku.
Aku langsung mlaku menyang lapangan tanding. 30 menit lewat, aku rampung pertandingan lan hasil e aku entul medali perak.
Guru lan murid
(Rehan. X MIPA 3)
Isuk iku jam 06.30 Dino Kamis aku menyang sekolah sinambi mlaku bareng-bareng karo konco-konco.sakwise tekan sekolahan aku koyo biasane manggon mburi karo ngemuti pensil. jam ke awal yaiku pelajaran bahasa Inggris,Pak Soleh nunjuk aku kon jawab pertanyaannya banjur Aku kaget Lan bingung.
Pak Sholeh; rehan cobo jawab boso Inggris pintu opo?
Rehan; door pak
Pak Sholeh;nek boso inggrise mbuka pintu opo?
Rehan; open the door pak.
Pak Sholeh; terakhir boso inggrise pintu radibukak ake opo han?
Rehan;Gedor-gedor pak.
Koncoku banjir Podo guyu ngakak mergo aku jawab pertanyaane pak Sholeh salah.banjur pak Sholeh mbenakne kesalahanku yaiku sek bener open door.saking mriki Kulo saget mendet ilmu seng diajaraken pak Sholeh.
GOOD LOOKING
(Risya Zahara. X MIPA 3)
Ing sakwijining dino, aku lan mbak-mbak pengurus nembe bali sakeng pasar nggo tuku bahan kain seragam. Dino kui, lare-lare kabeh do puoso sunnah, tapi aku jeh ora puoso kerono… biasalah-!
Banjur aku ngumpul-ngumpul karo mbak-mbak pengurus, seng lintunipun podo sholat maghrib. Aku lan mbak' e kui koyo curhat' an, amergi kok lintu-lintunipun kok podo aneh karo aku, aku juga ngeroso nek aku di neng ke, semenjak aku pareg mbak' pengurus.
Dari tatapan, sumehan, prilaku ne pun rodo beda ke aku, luweh ke koyo raseneng karo aku.
Ba'da isya pun wes tekan, konco-konco pun podo munggah ke asrama, seko adoh mereka wis bengak bengok ngomong Pancasila, lan pas pancasila ke-5 lewat Ning ngarepku sambil ngomong "keadilan sosial bagi rakyat good looking", pertama ne aku ra mudeng mereka maksud e sopo, tapi pas kumpul kae, konco sak kamar ku ngomong nek aku bar di rasani macem-macem sing olo-olo, aku langsung kepikiran tenan, salah e aku nang ngendi, aku yo iseh anyar nang pondok kui, sakwise kerungu cerito kui aku nangis, mbak-mbakepun nenangke aku,
Mbak jamil :"wiss lah riss, mereka ki ngomong ngono kui iri karo koe iso cerak ro kami, kami yo cerak karo koe udu karna koe ayu, kami yo ora ayu, kami juga cerak karo koe mergo koe ki bocah e ringanan, gelem bantu² ndalem, walaupun koe iseh kesusahan nggunaake boso karo ndalem"
Aku :"hmm, ngono yo mbak, aku yo ra nyongko kok iso mereka mikir ngono"
Sakwise kui, pengurus ngadake kumpulan pas bengi jumat, mereka di takoni siji² alesane kok koyo ngeneng ke aku, waktu berlalu, akhire ono seng ngomong alesan ne kui, lan kesimpulan be mereka iri karo aku seng iseh anyar iso pareg kaleh pengurus, lan mereka mikir nek pengurus gur gelem cerak karo sing Ayu-ayu.
Banjur, sakwise mereka podo ngomong, aku dinei wektu untuk ngomong alesane, aku baru ngomong "aku ora good looking, aku ra rumongso good looking…" gek we ngomong kui, aku nangis nganti raiso ngomong, soal e bulan kui aku entuk masalah akeh banget, aku juga bar entuk kabar seko umah seng gawe pikiran aku banget. Sangking cape e aku nganti raiso ngomong mergo aku wes mendem akeh masalah. Banjur omongan kui diteruske mbak pengurus seng bareng aku.
Seko alesan aku lan pengurus, konco-konco ku sadar, nek seharuse mereka ora koyo ngono, sakwise kui mereka njaluk ngapuro karo aku, akupun sami tetep njluk ngapuro karo mereka.
Preinan
(Rifqi. X MIPA 3)
Mangsa libur aku seng gor sedelo yaiku 2 seminggu. Sabendino Aku neng omah namung madang,tura-turu lan resik-resik omah plesir e mong pas di jak kaleh bapa ibu kuwi yo gor sedino tok di jak dolan neng gunung kidul.wektu dina sabtu isuk pas aku di gugah kaleh ibu ku"lee dolan yo le pleser ge dang tanggi solat adus,gek dang siap ibu mau wes kondo karo bapa mu yen rep dolan ayo lee kwe ki gor ra tura turu wae ayo tanggi"kondo ibu.kondo kulo"njeh bu kolo solat rumiyin ngeh"banjur niku aku aku adus lan ati ne seneng di jak dolan kaleh ibu ku.
bar kwi aku mankat plesir teng perjalanan aku nyetel lagu him hop jowo karo ngerasak ke perjalan enkang seneng .ati ku adem ayem lan seneng arang-arang aku ngerasak ke koyo ngene pas tekan pantai aku madang-karo keluarga ku adek ibuk lan bapa ngerasakke howo pantai seng sejuk,pemandangan ne apek ra kiro-kiro.aku ku seneng banget di jak pleser ngene ki ben atine ra suwung banget gor nyawang pawon mergane ne ngeleh dadi kerep bolak balek dapur.
Jumat Berkah
(M. Rofi' anugroho rino. X MIPA 3)
Ingkang sak wijine dino jumat. Aku lan konco- konco ku magkat jum'at an ono masjid ingkang cerak sekolah ku. Aku OTW seko jam 11.30 karo konco ku. Nang ndalan aku ro konco ku weroh ono belimbing sek wes gede lan mateng. Banjur aku jupuk lan tak pangan ro konco- konco ku. Sak wis e tekan masjid aku ro konconku banjur njupuk i jajanan ingkang wes di sediak e gawe jamaah jum'at an. Kalian mangan aku nunggu adzan jumat, sak wise iku aku banjur njupuk banyu wudhu lanjut ngrugok e khudbah jumat. Sak wis e khomat lan imam wes ngadek ngajak sholat aku banjur siap- siap sholat. Sak wis e sholat aku ro konco ku banjur mbalek nang sekolah. Pas ameh balek aku ro konco ku di kek i golden chicken karo wong arab. Banjur aku pangan bareng konco ku ono ing warong cerak sekolah. Lan iku pengalaman ku pas dino jumat berkah.
Sandal Tibo
(Safrina Izzatun Nisa. X MIPA 3)
Sewajarnya urip nang pondok iku mesti ono jatah piket kanggo saben-saben santri. Salah sijine kang ono ing pondok yaitu piket blanja. Piket blanja iku piket sing paling disenengi marang cah pondok. Amergo dewe bisa metu-metu senadyan mung nini pasar. Ing Senin bengi iki jatah e aku lan koncoku sing piket blanja. Sawise salat Maghrib aku ngajak koncoku siap-siap lungo menyang pasar. Aku njaluk dhaptar blanja ing bu dapur.
Ing sawijining dalan aku boncengan karo koncoku. Nang dalan aku crito-crito lan curhat karo koncoku babagan pondok. Pas tekan rel sepur aku manchester amergo ana sepur kang lewat. Aku nunggu karo crito-crito lan guyon. Sawise sepur lewat lan palang wis munggah tandha wis bisa mlaku, aku nglakokke motor alon-alon. Teko-teko koncoku nepuk pundhakku"E.. e... e sandalku tibo! . Aku mandheg lan ndelok mburi pranyata bener, sandals keri ing mburi. Aku bingung antarane njaluk utawa lanjut, amergo seko mburi wis di klakson. "Ya Wes lah mlaku wae" kancaku nga suka. Aku ngguyu kemekelen amergo sendale koncoku tibo. Bukane pite-piye kok iso-isone sendale tibo. Antarane mesakke karo lucu. Aku takon "Terus piye engko Nang pasar e? " "Ya weslah piye meneh yho nyeler to" wangsule koncoku karo mringis.
Tekan pasar Aku blanja kang ana ing dhaptar blanja. Sawise kabeh di tuku Aku bali, ngarep mburi kebak barang, mbuh kuwi sayur, tahu, tempe, utawa krupuk. Pas lewat dalan sepur mau Aku omong karo koncoku"Sendale meh dijupuk ra? " "Nek iso dijupuk, yha jupuk tho yo eman eman lah " wangsule koncoku. Jebul sendale ono, hanging Nang tengah dalam. Banjur aku manchester ing pinggir dalam. Pas koncoku ameh medan teki-teko plastik sing isine tempe tibo ing dalam. Karo koncoku di jupuk Karo mringis. Lha piye meneh kok iso opo-opone kii tibo. Sawise njukuk sendal koncoku mbalek ing panggonku manchester Karo mringis ngguyu. Iki pengalaman lucuku malika jatah piket blanja.
PREIAN SEMESTER
(Salma Nur Kamila. X MIPA 3)
Prei semester wingi, kebeneran kula lan keluarga ora lelulangan menyang ndi-ndi. Saengga, lawase rong minggu iku kula nglakoni kagiatan ing omah, utawa wataraning omah karo dolanan bareng kanca-kanca omah. Sanadyan ora menyang ndi-ndi nanging momen preian kang rumiyin cukup nyenengake kanggo kulalan keluarga kula. Saliyane oleh dolanan bareng kanca-kanca kula, kula saben dina ngrewangi ibu kula ing omah.
Saben esuk sawise tangi turu kula ngrewangi masak ing pawon lan nyapu halaman. Sabanjure, kula ngrewangi ibu ngumbah pira-pira piring lan peralatan ing pawon.
Saka kabeh kagiatan iku, kang paling nyenengake kanggo kula yaiku wektu nggawe kue. Ing akhir taun, ibu kula nggawe pirang-pirang jenis kue amarga arep ana sedulur kang teka saka adoh. Kula uga ngrewangi ibu ing pawon nyiapke adonan. Kula ngrewangi ibu nyithak kue-kue garing dadi wangun-wangun- ati kang lucu. Nalika manggang kaping kapidan, jebul kula lali ndokok kacang mete ing nduwuru adonan. Dadi cithakan kapisan kue ora di wenehi kacang mete. Ibu uga nuturi kula ben aja lali meneh. Pungkasane, kue cithakan kapisan kang ora ana kacan metene kula kang ngentekke mbari nunggu kue terusane. Kuene sekeca banget, kula remen banget ngrewangi nggawe kue bareng ibu amarga kula bisa sekalian nyicipi kue-kue kang anyar ing panggang.
WISATA ING MERAPI PARK
(Syifa Nur Azizah Rahma. X MIPA 3)
Minggu esuk kang cerah, ibu ngajak aku lunga menyang merapi park bareng adhi-adhiku. awak dewe seneng banget. Awake dhewe budhal esuk-esuk jam 8. Sakwise tekan, jam wis nduduhake pukul setengah 10. Awak dhewe age-age selak mlebu menyang jero. Sadurunge mlebu, awak dhewe tumbas tiket dhisik lan wisuh.
Sabanjure, awak dhewe ngupadi pendopo kanggo ndekek barang-barang ben ora kerepotan wektu keliling mengko. Awak dhewe keliling merapi park sawise ndekek barang ing pendopo. Aku dolanan karo adhi-adhiku. awak dhewe seneng banget.Nanging teka-teka udan mudhun sak derese.Awak dhewe uga age-age mlebu ing pendopo.
Sinambi nunggu udan, awak dhewe mangan bareng. Mangan bareng awak dhewe krasa nyenengake amarga dikebaki karo guyonan.Sanadyan udan teko, ora nglunturake senenge awak dhewe.Sawise udan reda, awak dhewe ngupadi mushola kanggo sholat dhuhur.Sabanjure sholat, awak dhewe langsung mulih amergo udan wiwit mudhun meneh.Sadurunge mulih awak dhewe tumbas jajanan kanggo dipangan ing ndalan. Iku lah pengalaman liburanku.
Kegiatan Minggu Wingi
(Muhammad Verda Reswara. X MIPA 3)
Ing sawijining dina, aku lan kancaku arep kerja kelompok ing omahe kancaku. Aku memyang omahe kancaku nganggo motor, amarga omahe adoh banget. Nalika ing dalan, kancaku keentekan bensin, lan kudu nyurung motore bebarengan. Lan nalika wis isi bensin, aku terus menyang omahe kancaku.
Menyang jam 9 tekan lokasi jam 11. Sawise tekan, aku lan kanca kancaku leren sedhela., amarga perjalanane adoh banget lan kesel. Sawise istirahat, kita langsung ngerembug tugas kelompok e. Nalika rembukan kita pada kaliren, lan kita langsung masak ing pawon e kancaku. Trus pas lagi pengen masak, bingung arep masak opo, salah siji kancaku duwe ide masak ayam. Lan sakwise masak, langsung mangan bareng bareng. Sakwise kui langsung lanjut diskusi tekan rampung.
Minggu esuk
(Nur Widiya Ningsih. X MIPA 3)
Minggu esok ini jam 04.30 kulo sampun tangi mboten lali wudu banjur salat subuh kulo banjur adus amargi kulo janjian kalih konco-konco menyang Malioboro olahraga mubeng Alkid,mumbeng 5 X sampun cekap sampun jam 06.10 kulo sampun siap mangkat Malioboro kulo mboten lali pamitan kali bapak lan ibu banjur ibu pitakon
Ibu : "Dek sarapan ora"
Kula : "mboten buk"
Ibu : "yo wes iku wes gawe jus alpukat gek di ombe"
Kula : "nggih buk matur nuwun"
Bapak : " ati ati ya dhek "
Kula : "nggih pak"
Jus alpukat banjur tak ombe jus pagaweane ibu enak banget kulo remen banget kali jus alpukat amargi khasiat khatah kulo menyang saking omah kira-kiro setengah jam tekan Yen koncokulo saking Sedayu kiro-kiro tak bisa setengah jam punjul yo tekan perjalanan kata sing sepedaan ing pinggir jalan kulo lan konco kulo ing dalan patukan banjur mangkat bareng, kata sing podo jogging ono sing jogging kali keluargane ono sing kali anake kulo lan konco-konco parkir ing pinggiran alkid kulo jogging sakluwihe 5X ubengan aku takkan kali konco-konco sampun podo sarapan durung " durung " yo wes ayo golek bubur ayam "Ayo" kulo lan konco-konco banjur golek maem Amrgi way dereng sarapan sakwise sarapan konco-konco banjur podo wangsul sakluwihe sampun jam songo punjul wes podo ing perjalanan wangsul kulo mampir tumbas sayuran brokoli ing pasar Godean nangging pasar Godean kok ambruk banjur kulo mampir Malih ing warung sayur banjur tumbas brokoli lan konco-koncone sampun tumbas bajur kulo wangsul tekan ngomah ibu masak kalian Mbak,
Kula : " assalamualaikum"
Ibu : "waalaikumsalam oh adhek maem dhek"
Kula : "nggih buk sampun sarapan wau kalih konco"
Ibu : " Yo maem Malih "
Kula : " nggih buk mangkih Malih"
Mbak : " tuku opo dhek "
Kula : " tumbas brokoli mbak "
Mbak : " Yo gek dimasak mangke mba njaluk"
Kula : "oke "
"LIBURAN KANG SERU"
(Alyvia Az zahra Dhianty. X MIPA 3)
Ing siji dina dihari ahad, aku lan kulawarga lunga liburan. Sadurunge menyang papan wisata, aku lan kulawarga mapag sepupu aku ing bandara. Sawise mapag sepupu, aku lan adek aku njajal nitih kereta lan wong tuwa aku ngeter sepupu menyang pondok pesantrene. Nitih kereta saka bandara menyang maliobro bahagia banget bisa nitih kereta maneh sawise 2 taun awit pandhemi ora nitih kereta.
Sawise iku sinambi nunggu dijemput wong tuwa, aku lan adek aku jalan-jalan kliling maliobro luwih-luwih dhisik. Lan sawise iku dijemput dening wong tuwa aku lan arep pinuju menyang wisata kang arep dikunjungi saka maliobro menyang papan wisata sawatara 1 jam, ing perjalanan kulawarga aku sinambi mengemil snack.
Pungkasane wis teka ing papan wisata kang namane The Lost World Castle ing kana ana pira-pira spot foto lan wahana kang seru ing naiki. Sawise iku sinambi pinuju mulih aku lan kulawarga mangan ing restoran kang sekeca lan sawise iku mulih menyang omah.
Pengalaman 15 tahun
(Zidane. X MIPA 3)
Ket cilik aku ws diajari mandiri kalih wong tuwo, nek aku ora manut aku mesti di hukum kalian mboten diparingi sangu kalih wong tuwo mbk ku adikku pas mboten onten wong tuwo saling ngewangi ngresiki ngomah lan dolanan.Aku yo dikon kalih bapak olahraga pas onten waktu luang.Semenjak kui aku olahraga lari trus sabendino Bali sekolah (SD).
Kelas 5 aku sregep sregep e olahraga trus tapi aku Yo Ra lali Karo Sinau ku sek dinggo ilmu ing sekolah.Bar kui guruku golek wong 5 sek mewakili sekolahanku kanggo lomba lari even gagayengan gamping.Salah siji lombane Ono lomba mlayu.Aku dipilih Kalih guruku Ken mewakili sekolahan kalih konco-konco.Aku sakdurenge lomba sampun Persiapan dilatih kalih bapak.Teko neng hari lomba.Aku wes siap tenan.Sakdurunge aku pemanasan sek lan Moco dongo kanggo kesalamatan lan dialancarkan.Sampun pemanasan para pelari dikon ing garis star .Bar kui star di mulai.
Awal star Kulo Tibo mergane star e unyek unyekan.Bar kui aku metu getih e,tapi aku tetep lanjut mlayu awale lukanipun mbtn kroso.Aku trus mlayu nyalip siji-siji peserta lan stabil mlayune gari 1km sek mimpin iseh Seko perwakilan SD Lio aku iseh neng no 2.Bar kui aku nyalip neng 1 km trhir mau.Bar kui aku tekan finish no 1 kategori putera SD.Bar kui lorokumau kroso maneh bar wes tekan finish.Tapi aku langsung diobati Karo medish.Tapi loroku kui mau dibayar Karo usahaku sek dadi no 1 lomba mlayu kui mau. Semenjak kui aku melu club pasi Sleman latihan sabendino kanggo tambah pengalaman selanjutnya.semenjak kui aku dadi semangat latihan trus lan Sinau ora bakal tak tinggal ke barang.berkat doa usaha Kabeh Iso terjadi.
KETIBAN ONDO
(Zidna Finasabie Lirohmah. X MIPA 3)
Naliko isih cilik, aku kan kancaku dolanan bareng. Ning ngarep umahku iku isih ono acara akhirussanah, banjur akeh tratak tratak, ondo ondo, lan kursi kursi Pas iku aku dolanan ondo, kancaku sek munggah ondo banjur aku sek nyekeli seko ngisor, nalika kancaku ameh mudun, kancaku iku kepleset banjur Indonesia meh tibo naliko aku ameh nulungi, kancaku wes mlayu disik banjur aku sek ketiban ondone. Kancaku mung luka setitik, sikile lecet malah sirahku sek ketiban ondo nganti metu getih e nganti aku nangis sak seru seru ne nganti pingsan durung ono sek nulungi. Tangi tangi aku wes ning umah banjur ning ngarepku wes ono koncoku sek mau karo mangan jajan.
Clas Meeting
(Zulfa Anjanu Solikha. X MIPA 3)
Ing sawijining dina, aku lan kancaku mangkat sekolah. Lan diumumake yen sesuk sekolah bakal nganakake rapat kelas, ana lomba E-sport, lomba voli, lomba cosplay, lan liya-liyane. Aku lan kanca-kancaku nyiapake awake dhewe kanggo melu lomba.
Dina iku wis tekan, kabeh kelas padha kesusu nyiapake lomba sing bakal ditindakake. Aku lan kanca-kanca wiwit nyiapake awake dhewe kanggo melu lomba. Aku melu kontes cosplay, bisa dideleng saka macem-macem kelas sing padha cosplay, ana cosplay anime, cosplay Thomas, cosplay wanita Arab, lan akeh liyane.
Saiki wis jam 12.50 pengumuman asil lomba wis dikabari kabeh kelas, aku lan kancaku pengen cepet-cepet mulih, nanging bel ora tau muni lan gerbang sekolah isih dikunci lan dijaga. Aku karo kancaku golek jalan pintas, tak goleki nang endi-endi nganti akhire aku takon karo tukang nang sekolahku “pak wau kanca-kanca Kula lewat pundi?” pak tukang mangsuli “iki cedak lawang mburi”, “oh matur nuwun pak” wangsulku. Aku lan kancaku mlayu metu lan mlayu liwat sawah tanggane kanggo mulih.
