Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring
dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng
panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.
Ingkang kula hurmati bapak dukuh iwan ndaru,
ingkang kula hurmati bapak iskandar selaku rw saha para sesepuh, para pinisepuh
ingkang dahat kinabektèn. Para pangembating
praja ingkang sinudarsana.
Bapak-bapak, ibu-ibu, para
kadang sepuh anem,
para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Keparenga
kula nggempil kamardikan panjenengan
sadaya, awit kula
piniji saking panitya dados pranata adicara ngaturaken reroncèning acara
malam tirakatatan mengeti kamardikan Republik Indonesia kaping 74 (pitung ndasa
sekawan) wonten ing ndalu menika.
Namung sadèrèngipun kula ngaturaken rantamaning acara menika, sumangga kula
dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti
Ingkang Maha Agung,
karana sih wilasa
miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika saged
kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubéda nir ing
sambékala. Amin.
Beten kesupen sholawat sarta salam katetepna
dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang mugiya kita sedaya angsal syaffatipun
wonten ing yaummul akhir , amin
Nun
inggih para lenggah
ingkang bagya mulya, keparenga
badhe ngandaraken reroncening titilaksana
acara kamardikan Republik Indonesia kaping 74, , nun inggih:
1.
(Acara ingkang angka sepisan) pambuka
2. (Angka
kalih) sambutan saking ketua panitia
3. (Déné ingkang angka tiga inggih menika)
sambutan saking bapak iskandar minangka RW
4.
(Acara angka sekawan) sambutan saking bapak dukuh iwan ndaru
5.
(Ingkang angka gangsal) pandonga saking bapak Noto dipunlajengaken tigas
tumpeng
6.
(Acara ingkang angka enem) inggih menika paring angsal angsal saking
panitia
7. (Ndungkap acara ingkang pungkasan) inggih
menika panutup
Mekaten
para rawuh ingkang
bagyamulya, rantamaning adicara
ing kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara, sumangga kula
dhèrèkaken konjuk wonten ngarsa
dalem Allah ingkang
Maha Agung, kanthi waosan
basmallah sesarengan basmallah kula dhèrèkaken.
Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmallah
kala wau adicara pengetan kamardikan Republik Indonesia kaping 74 ing ndalu
menika dados lancar saha tebih saking rubeda nir ing sambikala, amin
......................................................................................................................................................
Para lenggah ingkang bagya mulya, acara
ingkang angka kalih inggih menika sambutan saking ketua panita, dhumateng
kangmas (Fendy yunanto) minangka ketua 17an, wedal saha papan kula sumanggakaken.
Kaaturaken aguning panuwun dhumateng kangmas
Fendi Yunanto.
......................................................................................................................................................
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah
ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka tiga
inggih menika atur
pangandikan saking bapak Iskandar minangka ketua Rw 25, dhumateng penjenganipun bapak Iskandar
............ kula sumanggakaken.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten
atur pangandikan saking bapak Iskandar
......................................................................................................................................................
Salajengipun, acara ingkang angka sekawan
inggih menika atur pangandikan saking Bapak Dukuh Iwan Ndaru. dhumateng Bapak Iwan Ndaru wedal saha papan
kula sumanggakaen
Matur nuwun dhumateng dhumateng Bapak Iwan
Ndaru ingkang sampun atur pangandikan ing ndalu menika
.....................................................................................................................................................
Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah
ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka gangsal
inggih menika tigas tumpeng
ingkang badhe dipunpandongani dening Bapak Noto. Dhumateng Bapak Noto saha
...... kula sumanggakaen
Maturnuwun, mugi-mugi kanthi tigas tumpeng
menika, menapa ingkang dados pandongonipin kula saha panjenengan dipunkabulaken deneng Allah SWT. Amin amin
amin ya robal alamin.
......................................................................................................................................................
Ingkang saklajengipun inggih menika adicara
paring angsal angsal. Dhumateng Bapak ...... saha ketua pemuda wedal saha papan
kula sumanggaaken.......
Maturnuwun dhumateng bapak ..... saha ketua
panita ingkang sampun paring angsal-angsal
.....................................................................................................................................................
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan,
ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sumangga pepanggihan ing wekdal menika
dipuntutup sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, déné acara
pengetan malam tirakatan 17 Agustus 2019 ing kalenggahan menika saking
purwa, madya, dumugi
wasana saged kaleksanan
kanthi raharja tebih
saking sambikala. Donga puji syukur kanthi waosan hamdallah kula
sumanggakaken. sumangga ................. maturnuwun
.....................................................................................................................................................
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan
kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken
renaning penggalih, amargi cupeting seserepan
kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan
sedaya. mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Benny
Naziro Annas
