Type Here to Get Search Results !

Naskah Cerita Pendek Pementasan Berbahasa Jawa (theater)


BAYU GUNTUR
Sudah di pentaskan dan sudah di filmkan
Pada Tanggal 17 Agustus 2023



NASKAH : BENNY NAZIRO ANNAS

PARAGA
Guntur :
Bayu :
Kipli :
Jabrik :
Marni :
3 cewek teman marni :
Mbah pakir :67 th
Kamto :
Kang jono : 55 th
Anak buah bumi langit 2 orang :
Sporter bumi rijeki 1 :
10 orang sporter bl dan br










Narasi :
Suatu hari terdapat lomba sepak bola yang sangat seru di lapangan gamping, terdapat dua team rival sejak dulu kalah, keduanya berhasil masuk ke final dan bertemu kembali semenjak dulu, kedua team tersebut membawa sporter masing-masing. Team tersebut bernama PS Bumi rejeki dab PS bumi langit. Kedudukan masih 1-1, kemudian di tengah permainan kedua sporter sudah mulai memanas. Sporter saling melempar perkataan satu sama lain selang beberapa menit kemudia terjadi lempar lempar bebatuan dan kondisipun menjadi bentrok. Tak lama bentrokpun terjadi satu sama lain dan saling pukul-memukul di luar stadion. Suasanapun semakin mencekam dan para pemainpun diungsian

Musik mulai

Babak 1 :
Suporter bumi rejeki dan suporter bumi langit saling tawuran dan pukul-pukulan
kamto : hahaha...... bumi rijrki dilawan ,aku kamto pie!, minggat kowe minggat (menunjuk anak sporter bumi langit dan menendangnya)
Anak buah 1 : cen top kowe bosku
kamto  : wis rasah kakean wayangan , kae ditulungi kancane dewe!
Anak buah 2: siap

Kemudian sporter bumi rijeki Saling tolong menolong dan kembali

(Musik gamelan)




Babak 2
Gerombolan bumi langit masuk ke arah kiri menuju ke angkringan
bayu : jangkrik... kono jebul ana kamto
Kipli : jajal wae nek mau ngone dewe ono guntur , paling ora bakal kaya ngene dadine
Jabrik :kandamu bener pli, 5tahun winggi kono remuk sakiki malah ngone dewe
bayu : cah rasah gawa gawa guntur , guntur sakiki mbuh neng ngendi ! nek ngene terus awak dewe ra nduwe teteg dewe, iso mung didak idak bumi langit. Wis sakiki manuto aku
Mbah pakir : nger.... mbok uwis to, masalah ko ngene nek mbok terus-terus ke ra bakal ana entek e, mesakke wong tuamu. Kowe do kelingan ora 7tahun winggi anak e mbok jinah mati mung gara-gara bal seng ra ana kasil e
bayu : mbah .. jenengan ki nek dodolan ya dodolan wae rasah melu urusan ewong enom. Bakune jenengan ki dodolan entuk duwit wis cukup.
Jabrik : wong tua kok ameh melu melu!
Kipli : pie yen sesok kemis awak dewe ngetem neng dul ringin no? Cah bami rijek,i nek sesok ijeh main!
Jabrik : pie pli ? pie ?
bayu : ndengaren kowe mletik pli, apik kuwi apa kandamu! Wis ngene wae cah sesok kemis bar bar magrib langsung do neng ringin. Pli ! kowe ngondisekke neng wetan ringin wong 5 , terus jabrik neng kulon karo aku
Jabrik dan kipli : siap no, gampang!
Mbah pakir : mbok uwis nger....
bayu : wis kowe meneng wae to mbah, ayo cah pindah wae neng kene mah mung dadi suoro!
Mbah pakir : lah iki wedang e pie (sedih)
Kipli : utang sek!
(grombolan bayu lungo)



Musik rep ngiringi guntur teko



Guntur : mbah kula es teh , gendisipun sekedik mawon nggih
Mbah pakir : ooooo, nggih nggih rumiyin nggih mas (gerusah-gerusuh karo ngeling-ngeling koyo kenal)
Guntur : beten sah keseso mbah, kula tengo
Mbah pakir : (ijeh bingung pangkling)
Guntur : pripun mbah ?kabaripun sae to?
Mbah pakir : alhamdulilah sae mas, jenengan tiyan pundi mas ? kok basanipun sae
Guntur : jenengan beten pangkling napa mbah pakir, kula putranipun mbokde pawiro
Mbah pakir : pawiro  .....!  guntur pa ? kowe guntur ? (gak percaya sambil memberikan teh dan menatap lebih dekat)
Guntur : inggih to mbah .... mosok panjenengan beten pirsa kula
Mbah pakir : iki tenan guntur seng gaweane mendem, karo gawe rusuh kae !!! (gumun)
Guntur : hehe (minum teh) niku lak kala riyen mbah, sakniki alhamdulilah sampun beten
Mbah pakir : aku tep ra percaya nger nek kowe guntur
Guntur : lah niku sukunipun panjenengan riyen kula nakali mbah
Mbah pakir : cen guntur kowe tur walah walah, kowe kok ya iso ngasi berubah total tor, aku biyen sok omong karo parjo nek kowe tekan tua bakal ko ngono. Eee,,,,, jebul omonganku salah
Guntur : sampun mbah sampun ... kula pun beten pengen ngiling-ngeling malih nek masalah semono
Mbah pakir : lah kowe tekan kene ki seko ngendi ?
Guntur : kula wonten mriki janipun ajeng nyuwun pangapunten mbah, riyen kula dadosaken mbak pakir ngoten niku. Kula bar bapak beten wonten lajeng kula teng jakarta mbah. Wonten mriko kula dados sadar menawi ingkang dipunwejang-wejang kaliyan bapak sakderengipun beten wonten menika bener, malah pas bapak beten wonten kula dereng dados menapa ingkang dipunkareppke bapak mbah. Mula kula sampun gadheh kekarep menawi wonten meriki ajeng nyuwun pangapunten kaliyan sedaya tiyang ingkang kula nakali. Nggih ugi kalih mbah pakir
Mbah pakir : walah tur tur kowe kok ya iso dadi kaya ngene, sikelku iki ya wis tak ngapuro ket suwe marang kowe. Aku ya wis seneng yen kowe dadi kaya ngene sakiki
Guntur : (salaman) kula nyuwon pangapunten nggih mbah
Mbah pakir : uwis uwis , kae tur sakiki bayu ijeh neruske kaya apa seng mbok lakoni biyen, malah malah bayu sesok kemis meh nyegat gerombolane bumi rijeki
Guntur : inggih napa mbah ? (guntur siap siap pergi dan menyiapkan menemui bayu)
Mbah pakir : ho’o tur, aku jane ya wis bingung meh ngomongi apa meneh karo bocah-bocah kene
Guntur : sampun mbah kula badhe wangsul riyen, nemoni simbok (memberi uang lebih )
Mbah pakir : lah iki susukmu tur
Guntur: sampun niku kangge jenengan mbah
Mbah pakir : lah kok akeh tenan , youwes tur maturnuwun ati-ati, salam ngo simbok mu
Guntur : inggih mbah, mangga

Musik gamelan biasa

Adegan 3
Suasana :
Guntur lewat ditenggah tenggah rombongan bayu yang sedang mabuk untuk pergi kerumah menemui ibunya. Tetapi terjadi romban bayu meminta pajak untuk beli minuman kepada guntur. Para rombongan bayu tidak mengetahuinya bila itu guntur yang dulu seperti mereka

Bayu : iki pli ,ulongne jabrik kuwi gilirane jabrik
Kipli : nyoh brik
Jabrik : kakean iki yu
Bayu : gek di ombe sah kesuwen

Kipli melihat seseorang sedang mau berjalan melewati tenggah tenggah kerumunan mereka, kemudian kipli memberhentikan pemuda tersebut dan meminta pajak

Kipli : haha heh kowe cah ngendi ? wani wanine lewat kene
Guntur : ngapunten mas kula badhe wonten urusan wangul
Kipli : yu iki mah sengak omongane
Bayu : (berdiri ) nek lewat kene bayar sek! Iki daerah ku
Guntur : wonten napa nggih mas ? niki dalanipun umum, aja do ngo mabukan mas
Bayu : kowe ki sapa ? wani wanine ngatur aku
Jabrik : (berdiri dan memegang baju guntur) endi duwit mu
Guntur : caranipun jenengan salah mas
 Bayu mau memukul guntur tetapi ditangkis hingga mental dan terjatuh
Kipli jabrik dan geromolan bayu mulai takut

Guntur : barang kaya ngene kuwi salah, kowe wis do mulai gedhe mbok yo sadar mas, aku ora masalah duwit, nek mung duwit rasah jaluk tak nei anger ora ngo mendem, wis aku meh ana acara , pun pareng yu!

Jabrik : (takut) kae sapa yu ?kok iso reti jenengmu karro wani wanine ro kowe!
Bayu : rasah do cerewet kowe, titeni wae ketemu tak bacok


Adaegan 4
Musik ganti suasana

Bayu bertemu wanita yang disukainya yang sedang bermain dengan 3 temannya kemudian bayu membawa muri dan 3 teman ceweknya disuruh pergi dengan kasar
 Cewek 1 : heh bayu bayu bayu
Cewek 3 : weee iya bayu kae murni
Murni : uwis biasa wae
Cewek 2 : aku wedi mur , mesti dekke ngompasi karo mabok

Bayu : do ngopo neng kene ?
Murni : kowe ngapa rene yu?
Bayu : ora mur , mung pengen ketemu wae
Murni : aku ora gelem ketemu wong nakal
Cewek 3 : kuwi yu rungokke
Bayu : cerewet ngopo kowe ! aku ra ana urusan ro kowe
Cewek 1 : dikandani kok  malah mureng-mureng
Bayu : kowe ya sah melu-melu, kowe do lungo kono aku pengen omong karo murni
Cewek 2 : wegah murni kancaku
Murni : jan e kowe ngapa to yu, mbok rasah ganggu aku ro kancaku
Bayu : iso lungo ra ! (nyeret murni dengan kasar)
 Kemudian guntur datang
Guntur : caramu salah yu
Cewek 1: weeee sapa kae wani wanine ngomongi bayu (berbisik dengan cewek 2&3)
Guntur : murni kono kancamu dijak lungo wae, aku tak omong karo bayu
Kemudian murni pergi bersama temannya
Murni : maturnuwun mas

Bayu : kowe jan e sapa ! ket mau ganggu uripku
Guntur : hahaha ora ngono yu, caramu ki salah. Murni ki jane seneng karo kowe neng udu kowe seng kaya ngono
Bayu : prek ! kowe sapa ! ngasi reti jenengku ro murni ?!
Guntur : uwis to lungguh kene sek ,( heheh .... membuka baju guntur yang banyak tatonya)
Bayu : mangsamu aku wedi karo wong tatonan
Guntur : lerem ke awakmu yu, kowe ki jane wong apik haha. Aku mung pengen ngandani nek gara gara iki aku nyesel. (menunjukan tato di lengan kanan) iki biyen ceritani merga aku menang gelut terus tak tato. (menunjukkan bekas bacok di tangan kiri (iki gara gara aku kaya kowe biyen)
Bayu : jebul kowe to tur (berjalan dan menjahui) ngapa kowe rene meneh ? tok tinggal sakiki bocahmu wis do kalahan
Guntur : (mengajak duduk kembali ) yoooo apik nek ngono. Aku mung pengen ngandani kowe , kowe sakiki mbok uwis , mesakke wong tuamu ro wong wong cerakmu. Kabeh ki do sayang kowe. Neng kok kowe mah kaya ngono
Bayu : maksud mu apa ?!
Guntur : mbah pakir wis cerita kabeh karo aku yu. Aku bali rene ki ya pengen ngejak kowe neng dalan seng bener
Bayu : neng pie ps bumi langit nek mung didak idak
Guntur : udu masalah kuwi , bal balan ya iso ndelok. Rasah ngo gelut ! kowe ra kelingan biyen anak e mbok jinah mati gara gara apa ?!
Bayu : aku ya ngerti tur, mula kuwi aku bakal mbaleske matine panji. Aku ra trimo

Tiba tiba ada terikan jabrik dan kipli,
Jabrik&kipli : bayu bayu bayu
Jabrik : jebul kowe neng kene yu, yuuuu pendukung ebumi rijeki yu pendukung e bumi rijeki
Bayu : ngapa ?
Kipli : ora terima merga winggi awak dewe bar nyegat cah bumi rijeki seng meh mati, lapor karo kamto, iki cah bumi rijeki karo keluargane meh geruduk rene
Bayu :wedus ! sakiki kumpulkw bocah-bocah karo gaman
Guntur : uwis yu uwis
Bayu : sah kakean ceramah kowe tur, kowe nek wis wegah ngewangi bumi langit , tak aku wae. Ayo mangkat (ngejak kiipli dan jabrik)
Guntur : yuuuuuuuuuu

Adegan 5
Musik suasana  mencekam
Terdapat terikan dari luar bahwa dari bumi langit tidak terima karena salah satu angota sporternya terkena sabetan pedang dari keroyokan yang direncanakan oleh bayu cs. Kemudian warga daerah bumi rijeki berhamburan takut karena sporter bumi rijeki bayu cs tinggal didaerah perkampungan tersebut
All : woe woe woe pie pie , endi jeneng e bayu
Kemudian masuk dalam perkampungan tersebut
Kamto : endi bayu ,endi bayu. Metu kowe !!!
Kang jono : kowe iso metu ora ! mbangane wargamu seng keno. Aku ra trimo yen anakku tok babat
Sporter BL : bayu bayu bayu (bergemuruh )
Mbah pakir : (batuk) ana apa nger kok le do rene rombongan karo gawa gaman
Kang jono : kowe rasah  nutup-nutupi warga mu mbah! Timbang kowe keno
Kamto : wis tuo sak nutupi wong salah
Sporter bl : iyo mbah kowe omong wae bayu cs do neng ngendi do neng ngendi do neng ngendi (bareng-bareng berteriak)
Mbah pakir : sabar nger kabeh kuwi iso dirembung bareng-bareng
Kamto : wis kowe mingkem wae, timbang tak sembret

 Tiba tiba salah satu anak buah bayu melewati di bawah pangung dan salah satu spoter bl melihat dan berterik dan tertangkap.
Kamto : modyar kowe , bayu sakiki neng ngendi ?
Spoter rijeki 1 : beten ngertos mas saestu
Kang jono : ra ngandani, tak sabet ke neng gulumu
Sporter rijeki 1 : aaaaaaa (terbata-bata) tengggg
Bayu : ngapa kowe !!!!col ke bocahku
Kamto : lambemu rung tau di sampluk

Kemudian bayu berantem dan dengan kekelahan yang sangat telak dan sudah jauth di dekat kang jono dan siap mau di bunuh sebab anaknya kang jono sampai masuk rumah sakit, kemudian mbah pakir merelakan dirinya bila memang mau membunuh bayu dan cewek yang disukai bayu juga merelakan untuk di bunuh juga, alhasil sporter bumi langit tertawa dan ingin membakar semuanya, dengan menyiramkan bensin, tiba tiba ketika mau di bakar dengan korek guntur datang
Guntur : kula mawon menawi badhe diobong, ampun bayu
Kamto : sapa kowe ?tu
Bayu : kowe mingat wae tur! Kowe ngapa rene rene barang
Guntur : sampun pak mangga, penting mbah pakir saha bayu lan murni beten sah melu, kula nggih badhe ngelebur salah kula
Kang jono : kowe kok koyo ulo marani gebuk , gembleleng tenan
Kamto : hahahah raimu pengen sak suwek suwek ning jane sapa kowe
Guntur membuka baju dan berlutut pada merka bhawa dia salah satu gang sporter yang dulu suka membunuh dan rusuh kemudian para semua kaget bahwa itu guntur yang dulu di takuti ternyata bisa merelakan demi temannya
Guntur : jane bayu niku tiyang sae mung kegowo mawon para sedulur
Kemudian kamto semkain emosi sebab dulu guntur sempat membuat kamto mau meninggal dan kamto sangat senang dan akan membalasnya
Kamto : hahahah jebu guntur seng sok sokan geleleng seng biyen dadi jawara , jebul sakiki marani mung siap mati hahaha (kamto mau membacok kepala guntur tatapi sebelum terkena mbah pakir mengeluarkan ilmunya untuk membuat kamto sekarat kemudian semua sporter bumi langit kaget dan pergi ketakutan)
Mbah pakir : wesehhhhhhhhhh....... (mengeluarkan jurusnya)
Gutur : mbah pakirrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr (sebab guntur tau bila mbah pakir sampai mengeluarkan jurus maka mah pakir akan menemukan ajal )
Tiba tiba tak lama berselang mbah pakir memegang dadanya dan terjatuh meninggal kemudian semua menangis

Guntur : yu bayu , kabeh kuwi do trisna marang kowe , neng kowe ra reti to yen kabeh seng mbok lakokke ngasi tok larani do seneng marang kowe , iki wis wancine kowe kudu sadar. Sakiki ya wis ketok moto seng akeh seng trisno kowe
Bayu : (menangis ) mbahhhhh pakirrrrrrrrrrrrrr
Kemudian guntur mengelus dadanya bayu
Guntur: ngene yu, jane kowe karo aku ki kudu sejalan kaya bayu seng dimaksud angin lan guntur seng dimaksud geludug utawa petir kudu menyatu ngo kampung lan negara ora mung bal balan wae seng ra ana gunane . generasi bangsa kuwi ya seko awak dewe seng nyiptakke. Wis sakiki ayo bali seko awal meneh lan iso maju karo aku. Kaeeeee murni jane ya seneng karo kowe sakiki buktekno nek kowe iso berubah dadi apik lan jalo men kowe iso dadi soyo apik
Bayu : iyooooo tur , pangapurani aku akeh emosi wae, matur nuwun(peluk sampil salam bersama buntur, kemudian marni mengajak guntur )
Marni : ayo mas

TAMAT






















Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.