Type Here to Get Search Results !

Cerkak bahasa jawa "SEMBADA"

                                "SEMBADA"

Sakwijine dina ana bocah sing jeneng e karto ,karto kuwi uwong ngeyel ananging pengen reti sak kabehe .
Pas neng sekolahan karto terkenal nakal e ananging pinter (sembada).

Lulus SMP karto banjur ngelanjutke Sekolah neng SMA lumayan apik neng wilayah e ,jeneng e yo karto . Melebu sekolah seng digoleki seng paling nakal karo seng kerep ngompasi uwong banjur karto nemoni seng sok ngompasi(malak) basan wes ketemu . Karto nantang seng sok ngompasi (jeneng e kecek)neng daerah sekolahane ananging ngango peraturan e karto
Karto : "yen aku menang ,ojo pisan-pisan kowe ngompasi mas"
Kecek : " ijeh anyar dadi uwong sok-sokan kowe . Ananging yen ngono jalok mu kene tak ladeni ".
Banjur karto karo kecek gelot ,sak suwene gelot ngasi 15 menitan si kecek ambrok lan ngaku kalah ,banjur karto njanjeni karo seng di jalok mau ,banjur kecek melayu .
Dina lio reti-reti ana kakak kelas e karto seng goleki karto lan ngejak neng warung buri ,kakak kelas kuwi muni " cah siji wae sah okeh"  banjur karto ngeyohi apa seng dijalok kakak kelas e ,basan uwes tekan ngone jebol ana bos e kecek seng ra terima yen kecek mau kalah banjur bos e kecek nantang gelot karto neng lapangan dina kamis  .
Reti-reti dina rabu sore pas karto lagi madang karo konco sekolah e ,bos e kecek seng jeneng e Buyer karo anak buah mau ngobrak-abrik warung lan mureng-mureng karo karto ,karto seng lagi madang penak ora terimo karo seng jeneng e Buyer mau ,langsung karto ngadek neng cerak e ,nakoni buyer .
Karto : " karepmu opo mas " ,.
Buyer : " kowe rasah sok dadi pahlawan nyok(munyok) "
Karto : " lah aku ngopo mas "
Buyer : " wes rasah cangkeman ,sak iki melu aku nyok ! " ,
Karto : " lah wonten napa to mas ,kula beten ngertos "
Buyer : " uwes teko melu " . ( Anak buah e nyeret karto )
Karto : " rasah diseret aku melu kok mas , teko tenang wae

Jebol karto dijak neng lapangan kidul sekolahan e karo Buyer lan anak buah e

Wes tekan lapangan

Buyer : " seng jeneng e karto kowe po ! "
Karto : " ingih mas ,peripun to ? "
Buyer : " kowe ameh dadi pahlawan po ,haaa "
Karto : " lah salah kula menapa to mas "

Buyer nyelok anak buah e kecek lan kecek njelas ke karo karto

Karto : " lah kula menika beten remen ingkang naminipun kompas mas , mesak ke ingkang sangu pengen jajan mas ,cobi jenengan ingkang dikompas nek beten remen , iyo to mas "
Buyer : ahhhh kokena bacot kowe ,iki wilayah ku dadi yo karepku !!! , Sakiki gelot wae ro aku nyok !!!! "

Reti-reti buyer nyikat (mukul) karto banjur karto bales lan sak suwene gelot karto seng menang langsung karto di keroyok karo anak buah e buyer , pas ngeroyok karto jebol ana warga seng reti banjur misah . Karto selamat lan buyer babak bundas .

Banjur sak wijine dina kakak kelas e karto kapok lan wes ra ngompasi

Banjur karto sinau tenanan lan sekolahan aman seko jeneng e peremanisme lan karto lulus SMA saha nilainipun sae lan ketrima ning Universitas apik neng daerah e

Tamat .

Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.