Type Here to Get Search Results !

CERKAK "MUNCUL JALU" (Cerkak bahasa jawa)

"MUNCUL JALU" 

Minggu sore netes e pitik seng jeneng e Loreng karo Wareng ,Pitik kembar ananging nduwe watak beda nanging rupane pada persis ngasi angel dibedake
Si Wareng kuwi nduwe watak apik beda karo si lorengina seng nduwe watak umuk

Sakwijine dina si Wareng karo lorengina golek pangan karo mbokne ,melaku-melaku neng latar seng jembar banjur si Lorengina nemok ke omah Semut seng akeh kerotone banjur si Lorengina omong karo mbokne yen nemokke omah Semut banjur mbokne nyelokke si Wareng , mbokne wareng karo lorengina banjur mangan bareng ngasi entek nanging jeneng e yo wareng malah ngejak adine gelot-gelotan ngasi si lorengina bundas sirah e ,si wareng malah nguyu ngakak ndelok adine bundas banjur ibune ngerti lan si wareng diseneni banjur ibune ngejak bali mergo uwes magrib nanging wareng sak durung e tekan ngomah e malah melipir sikek golek pangan meneh pas neng dalan wareng weroh pitik liane yo lagi gelot lan seng menang seng Jalune wes dowo banjur wareng bayangke yen dek e wes gede lan metu jalune ameh nantang sopo wae banjur si wareng bali ngomah

Esok esok simboke, ngugah anak e dikon tanggi mergo wes esok lan golek pangan ndak kedisikan pitik liane nanging si wareng malah ijeh ngorok banter , simbokne seng mangkel banjur wareng gerujuk banyun ,ngasi si wareng giraben dikiro banjur banjur simbokne karo wareng lan lorengina golek pangan meneh , pas melaku ngolek pangan si wareng nyambi cerito karo lorengina yen winggi weroh pitik liane tarung lan sikil e wes oni jalune banjur si lorengina ngeyohi opo seng di omong ke karo wareng

Sak suwene dina si wareng karo lorengina uwes soyo gedhe , tanggi turu wareng ndelok sikil e jebul wes metu cilik jalune banjur si wareng tanggi karo gaya lan diduduh-duduh ke karo lorengina
Wareng : deloken sikil ku ,hahaha
Lorengina : ngopo ?
Wareng : kowe ora weroh po na ? Yen aku wes nduwe jalu hahaha
Lorengina : alah mung jalu semono e wes ngaya
Wareng : nenajan koyo ngene kan marai soyo gagah lan wedok-wedok soyo moro

Banjur wareng lunggo golek pangan lan ngumuk ke karo pitik-pitik liane ,neng tengah dalan siwareng nantang pitik liane mergane pitik liane seng jeneng e rangrang kuwi lagi melaku karo pitik wedokan banjur si wareng ngendek lakune rangrang lan nantang gelot mergo si wareng uwis nduwe jalu banjur sirangrang langsung dikabrok karo wareng ngasi tibo ra iso tanggi banjur si wareng nguyu lan umuk neng ngarep wedok-wedok e lan nyedaki pitik wedok nanging pitik wedok do wegah lan nulungi si rangrang banjur si wareng lunggo karo melaku megal-megol ngaya , pas ameh tekan kulon jembatan jebol ono jeneng e kangkang seng lagi pacaran , jeneng e yo wareng seng lagi metu jalune ameh ngumuk ke yen wareng ampun banjur si kangkang lagi cerito-cerito karo pacar e dikelabrok karo wareng ngasi bundas endas e . Banjur si kangkang nakoni
Kangkang : kowe ngopo reng ? Kok ngelubrok aku !
Wareng : hahaha kowe ra reti yen jaluku wes metu
Kangkang : caramu keleru reng ,ojo dumeh jalumu lagi metu njok sak penag e dewe
Wareng : lah ngopo kowe ora terimo ? Yen aku neng kene seng paling kuat !
Banjur pacar e kangkang nulungi lan ngejak bali kangkang


Ing dina lio si wareng nembe ngolek pangan ananging ono pitik liane saweg melaku-melaku banjur wareng nyegat pitik kuwi lan nekoni jeneng e

Wareng : kowe sopo ? Melaku-melaku ra ngajeni
Rengreng : kula rengreng mas saking desa sebrang wetan , pangapunten wau jenengan beten ketingal mas

 Wareng ora reti yen rengreng kuwi jawara gelut ing desane

Wareng : arep neng ngendi kowe kok tekan kene ?
Rengreng : namung melampah-melampah mas ,mangga mas

Banjur si rengreng lunggo karo golek pangan ,jeneng e yo wareng senengane ngelubrok seko mburi mergo wes nduwe jalu , banjur rengreng ora trimo banjur cah loro kuwi gelot ngasi wareng kalah lan pas kanca-kancane seng kerep diumuki lewat lan weroh yen wareng kalah banjur kanca-kancane do nguyu lan muni "mula aja umuk kowe wareng , jalu nembe metu kok ameh sok jagoan " . Wareng mung meneng wae karo ndepis , kangkang omong "hei wareng kowe ora reti yen kuwi seng tok lawan jawara gelot neng desa sebrang hahaha" . Si wareng soyo kisinan lan melayu bali mergo wedi .

Tamat .

Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.