Type Here to Get Search Results !

Ciri-ciri basa ilmiah Saha Tuladhanipun

Ciri-ciri Basa Ilmiah saha Tuladhanipun

            Basa Ilmiah inggih menika seratan ingkang dipunsusun kanthi sistematis saha logis,. Kadosta proposal, makalah, karya tulis, skrpsi, saha sapanunggalanipun. Basa tulia ilmiah ngrupikaken ragam basa tulis saha ragam basa ilmiah.
            Basa Ilmah inggih menika basa ingkang gadhah kesagedan kangge bedakaken gagasan utawi pangertosan ingkang sipatipun beda-beda strukturipun ingkang baku saha cermat, kanthi karakteristik menika setunggaling gagasan saged terekpresi kanthi cermat tanpa kalepatan makna dhateng pawaos. Seratan saha pangocapipun sami kaliyan ejaan ingkang sampun sampurna (EYD). Basa ilmiah sami kaliyan paedah saha gaya seratan jurnalistik, ananging boten mengker saking sipat ilmiah.

NO.
Ciri-ciri Basa Ilmiah
Tuladha
1.
Cendekia , ngemot teges ingkang logis.
Nilai-nilai kabudayan ingkang sampun ical menika dipunsebabaken saking kabudayan njawi (Barat).
2.
Lugas saha Logis , saged dipuntampi kanthi logika.
Wonten ing jaman rumiyin cariyos Sunan Kalijaga wonten ing kesenian ringgit dipunginakaken kangge nyebaraken Agami, lajeng ing jaman samenika cariyos ringgit menika saged dipunwulangaken kanthi apresiasi budaya.
3.
Formal saha Objektif , ngemot sedaya tataran struktur basa.
Miturut Moeliono (1989) basa ilmiah menika kedah lugas, eksak, saha tepat.
4.
Jelas saha Sistematis, jelas struktur ukaranipun saha runtut.
Ndamel Karya Tulis, urutanipun :
1.      Abstrak
Karya tulis menika irah-irahipun “Dampak Bermain Game Bagi Pelajar”.
2.      Ancas Panaliten
Ancas panaliten menika kangge nambah kawruh saha wawasan babagan “Dampak Bermain Game Bagi Pelajar”.
3.      Daftar Isi
4.      Pendahuluan
a.       Latar Belakang
b.      Rumusan Masalah
c.       Tujuan Penelitian
d.      Manfaat Penelitian
5.      Pembahasan
Isi
6.      Penutup
a.       Kesimpulan
b.      Saran
7.      Lampiran
8.      Daftar Pustaka
5.
Ngginakaken basa ingkang efektif.
Bathk inggih menika asiling kabudayan saking Indonesia ingkang ngemot nilai seni ingkang inggil.
6.
Gadhah teges tunggal.
Panaliten menika mengkaji metodhe pamulangan objek Filologi, ingkang efektif saha efisien.


Tags

Posting Komentar

0 Komentar
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.