Fenomena
Nongkrong(tethek)
Tethek nggih menika
kebiasaan ingkang sampun dados budaya wonten ing masyarakat menika. Tethek menika saking jaman mbien ngantos jaman
sakmenika sampun ngalami ewah-ewahan.wonten ing jaman menika tethek namung
wonten ing sawah ,warung kopi cilik-cilikan lan omahe kancane,anangning menawi
jaman sakniki tethek wonten kafe-kafe,restoran,angkringan,lan burjonan.
Tethek
menika biasanipun dilakoni kaliyan kawula enem ingkang tasih selo lan boten
wonten kesibukan.ananging tethek saged ngraketke paseduluran utawa guyub rukun.
Tethek
menika wonten manfaat lan kerugianipun
Manfaat positifipun nggih punika
-saged guyub kaliyan kancane
-saged dados pawongan ingkang
terbuka
-wantun ngendika ing kalayak ramai
-sinau bareng
-mecahke masalah bareng
-njaga kampung
Efek negatifipun nggih punika
-
Saged sakit amargi
angin malam
-
Begadang
-
Saged minum minuman
keras
-
Judi
-
Tawuran
Tethek menika kathah macemipun, biasanipun didasari saking
perkumpulan yuswanipun:
-
Bocah cilik : tethekipun ngaji lan dolan kaliyan
kanco-kancane
-
Remaja :
tethekipun ngopi,ngudud,gelut,tawuran
-
Dewasa : tethekipun rapat,sharing,nggarap tugas
-
Wong tua : ronda,rapat
Miturut
kula,tethek menika perlu amargi saged kathah manfaatipun menawi saged milah
milah pundi ingkang guna napa mboten,ananging kedah kemutan kaliyan tanggel
jawabipun kaliyan kawajibanipun.tethek menika saged dipun lakoni siyang nopo
ndalu gumantung kaliyan pelakunipun.anangin sakniki kathah bocah SMA ingkang
tethek ancasipun kangge ngeloro marang liyan,menika ingkang efek negatipipun
amargi tethek ananging mboten kangge kegiatan ingkang positif.
Dados
angsal tethek ananging mboten ngeruggekaken marang liyan,saged belajar kelompok
wonten kafe,sharing kaliyan kancanipun wonten borjo lan rapat wonten balai
pertemuan desa.menika kathah manfaat positifipun kangge kita piyambak
KELOMPOK : Benny Naziro Annas 15205241037
Muh. Riyan Aji S 15205241038
