Rikala zaman semana ana uwong 2 kakung saha bojone melaku" ana ing bulak utawa alas golek kayu garing saha panganan buah , lajeng simbah wau betah ana ing alas menika , tiyang kakungipun omong karo bojone muni " piye yen awak dewe gawe gubung neng kene " , bojone ijeh miker-miker amarga ijeh wedi yen mangon neng alas kene , banjur kuwi suwe-suwe bojone seng maune wegah dadi kerasan karo alas iki ,amerga nyaman pangonane ,subur lemah e ,saha akeh woh-wohane .
Wong loro mau banjur gawe gubuk cilik dingo sakomah bajur lemah saha alas mau digawe kebon saha pekarangan ingkang apik . Suwe suwe wektu ,uwong-uwong do ngerti yen neng alas kana ana seng mangoni lan pada bagas waras wae ,banjur wong-wong seng pengen reti pada marani simbah seng mangon neng alas lan buktek ke yen pada bagas waras banjur ketemu simbah kuwi seng jeneng e KYAI DAGI saha NYAI DAGI , banjur pada cerita-cerita . Suwene wektu uwong-uwong seng maune mung dolan ne omahe KYAI DAGI saha NYAI DAGI wau dadi melu kerasan lan nyaman ,banjur uwong-uwong nembung yen pengen melu gawe gubuk neng alas iki saha kepengen urip neng kene , KYAI DAGI saha NYAI DAGI melu seneng amergo nduwe kanca akeh lan tangga seng gapyak-gapyak .
Suwene wektu KYAI DAGI saha NYAI DAGI soyo Tua banjur seda/meninggal . Tetanggane mau pada nangisi lan ngerasa kelangan seng diangep sesepuh e banjur tetanggane sepakat dingo mengenang KYAI DAGI saha NYAI DAGI sesepoh kene Dadio jeneng desa DAGEN asalmu asal saking KYAI DAGI saha NYAI DAGI ingkang Wicaksana , Dermawan , saha nduwe Ati ingkang Apik .
Matur nuwun
Narasumber : mbah kam ,mbah yono dll.
Alamat : Dagen Sidoarum Godean Sleman Yogyakarta
